Posting2 berikut ini diambil dari
http://alangalangkumitir.wordpress.com
PASUWITANING GESANG
Dikirim PASUWITANING GESANG pada April 27, 2008 oleh alangalangkumitir
Mangka wajibing tumitah
Sapisan, suwita Gusti:
“Eling lamun gesangira
iku sadherma nglakoni
narima sihing Gusti
kojur mujur kang tinemu
awas mring wajibira
limrah kaprahing ngaurip
ora ana wong urip tanpa sangsara.”
Kapindho, benering titah
kuwajiban angleluri
leluhurira priyangga
lelantaran Hywang Widdi.
Patrape mung taberi
tawekal lawan tuwajuh
marang sabda sasmita:
“Dhawuhing para linuwih.
Nora ana Hywang Widdi angandika.”
Patrap pangestining sabda
kanthi ENENG* lawan ENING*
Nyatane gelem wani
ngandel kumandel ing kewuh.
Samangsane kataman
Estine nora gumingsir
Aja nganti angesti gawe sangsara
Eneng = suwunging kang rasa
Ening =menebe si pikir
Ping telu, wajib suwita marang Ingsune pribadi:
Rumangsa dunung manungsa weruh marang bener becik
Iku rumeksing adhil lan kodrating Hywang Agung
Pana pamintanira empan papaning dumadi
sabar sareh nggone amengku aksama
Kaping pat, suwitanira marang Uripe pribadi
iku rasaning sasami pramana ing tindhak-tandhuk
mbangun turut ing karsa papesthen pandoming Gusti
Ora ana barang dumadi sulaya
Ping lima, suwitanira marang Patine pribadi
tegese angreksa raga, gemati anggone angrukti
lamun nemah njenjirik kurang mangan kurang turu
malah kena ingaran nora angajeni dhiri
tan sumurub ing arahing patinira
Yen budine tan sumarah, tegese lali ing wajib
Aku-ne nora sadharma anggaduh pati lan urip
lantaran yayah-wibi dadi saka Kana-Anu [kawah-ari-ari]
mula den weruhana kabeh wajibing ngaurip
aja sungkan mundhak amung kapitunan
Wus wiwit dhek jaman purwa nganti tumeka saiki
durung ana wong kang bisa pramana lakuning urip
Nadyan Ingsun duk nguni uga jeneng numbuk-numbuk
mulane putuningwang Ingsun bisa anuturi
awit biyen pancen ngalami priyangga.
Sewe lara sewu wirang,
tebsane wong ambudi
benere laku utama mengkono uga sayekti
para luhurmu sami rekasane uga tumpuk undhung
Kaya wus karsaning Hywang Samengko lagi pinanggih
sewu beja sira kabeh bisa nampa
Uwohing cipta pramana kabeh leluhurmu sami binuka dadi pusaka Purwa mahagena yekti mulane pilih janmi kang bisa kanggonan iku nampa sabda pusaka pepundhening Tanah jawi lamun nora piniji dening Hywang Suksma
Sira bae putuningwang kang sambada ing pakarti
anggonira nyandhi sabda warsitane pra linuwih kanthi murnining budi tegese nora tumpang suh Aku lan Ingsun-nira mrih papane ing pangrukti dimen tumus beninge leluhurira
Aja mundur yen kataman sakserik lan wirang isin iku tetering Hywang Suksma dedalan dununging wajib sakeh bebaya yekti iku rubane dharmamu dadine lelabuhan Yen aku tan ngrumangsani Ingsunira parek ing ngarsaning Suksma.
Karya : Eyang Mangkukusuma
SULUK LING LUNG
Dikirim SULUK LING LUNG pada April 19, 2008 oleh alangalangkumitir
Ling lang ling lung pan kendel pribadi,
tanpa rewang pan ucek-ucekan,
tetukaran pada dewe,
tan adoh swaranipun,
pan gumrejeg padu tan enting,
pan rebut kala menang,
tan ana rinebut,
lir ngrebut prajeg Ngastina,
lali kadhang miwah bapa anak rabbi, jiwa raga tan ketang
Ling lang ling lung,diam, sendiri,
tersisih tetapi masih saja ada konflik batin,
unjuk tarung dengan diri sendiri,
suara ini terasa jauh,
tapi konflik ini tak juga berhenti,
selalu saling-silang menuju kemnenangan,
meski tak ada yang diperebutkan,
ibarat berebut Ngastina,
lupa saudara, bapak anak istri, jiwa raga pun tidak dihitung
(”Suluk Linglung Sunan Kalijaga” karya Iman Anom, tahun 1884, Pupuh Dhandhanggula, bait 5)
SULUK SUJINAH
Dikirim SULUK SUJINAH pada April 19, 2008 oleh alangalangkumitir
Isi teks tentang ajaran tasawuf atau mistik, amanat teks Suluk Sujinah dituangkan dalam bentuk dialog antara tokoh Purwaduksina sebagai suami dengan tokoh utama Ken Sujinah sebagai istri. Dialog yang disampaikan menyangkut : asal mula manusia, kewajiban, tujuan dan hakikat hidup menurut agama Islam, khususnya ajaran tasawuf.Diterangkan tahap-tahap yang harus dilalui manusia dalam upaya agar bisa luluh kembali kepada Tuhan. Tokoh Purwaduksina memberikan ajaran kepada istrinya, Dewi Sujinah mengenai : Rukun Islam, Empat Kiblat, Baitullah, Asma Allah, Takbiratul Ihram dan sebagainya.Dilukiskan mengenai hakikat perkawinan, hakikat sholat, sifat Tuhan, letakNYA, macam-macam bertapa, uraian tentang tujuh lapis bumi dan tujuh lapis langit, tentang anugerah Tuhan, pertalian manusia dengan Tuhan dan petunjuk-petunjuk agar manusia agar manusia mematuhi ajaran utama.
Empat tahap yan harus dilalui oleh salik dalam mendekati sang Khalik, ialah :
1. Syariat 2. Tarekat 3. Hakikat 4. Makrifat
Wujud iman ada pada diri sendiri dan merupakan hakikat kehendak sejati, sedangkan tauhid adalah mata roh yang memandang terpusat kepada Allah. Makrifat adalah saat bertemunya makhluk dengan Khalik.
Ada empat watak yang tidak terpuji yang harus dijauhi yaitu :
1. Jubriya atau sombong 2. Takabur atau keras kepala 3. Kibir atau mengandalkan kekuatan 4.Sumengah atau watak tidak terpuji.
Orang yang berilmu sejati tidak akan sakit apabila dicela, dan tidak bangga jika disanjung dalam menghadapi rintangan hidup hendaknya tetap teguh. Menuntut ilmu sejati harus didasari kesucian hati, jangan menganggap dirinya merasa lebih dan jangan pula meremehkan orang lain. Janganlah menganggap orang lebih rendah dan jangan pula mencari kejelekkan atau kekurangannya. Cara untuk menghilangkan watak tidak terpuji dapat ditempuh dengan dua cara sebagai berikut :
1. Sadarlah bahwa manusia itu sama, baik tua maupun muda, tinggi rendah, maupun kaya miskin, kesemuanya adalah mahkluk Tuhan. Jika sering mencampuri urusan orang lain dan mencelanya, sama saja dengan mencela Tuhan.
2. Manusia hendaklah mencamkan sabda dalam Alquran, dengan bekal mencamkan sabda tersebut ia akan dijauhkan dari sifat takabur. Manusia pada dasarnya adalah mahkluk yang lemah, ia ibarat wayang yang digerakkan oleh dalang.
Seseorang yang hanya terhenti pada tahap Syariat diibaratkan sebagai berdagang madu atau gula, dalam mengarungi samudera kehidupan manusia pastia akan mengalami berbagai rintangan yang tidak cukup diatasi dengan banyak bicara saja tanpa disertai perbuatan amal. Pada tingkat Tarekat manusia diibaratkan mati didalam hidup dan hidup dalam kematian, ia harus bersikap rendah, tidak gemar cekcok dan menyadari bahwa setiap harinya manusia selalu harus pandai-pandai memerangi gejolak hawa nafsu yang kan menjerumuskan kepada ketersesatan. Ia harus mematuhi nilai-nilai pergaulan dalam masyarakat, mempunyai watak terpuji ( sabar, penuh pengertian, berbudi luhur, tidak cenderung mencela dan mencampuri urusan orang lain, jujur, tulus ikhlas, tidak angkuh dan tidak iri )dan bersyukur atas apa yang telah dicapai berkat rida Tuhan.
Tahapan Hakikat manusia telah mengenal jati dirinya yang dilambangkan terdiri atas tujuh lapis bumi dan tujuh lapis langit sebagai kelengkapan suatu ilmu. Manusia yang telah memahami ilmu Tuhan, tidak berpikiran sempit, tidak kerdil atau fanatik dan tidak pula takabur. Ia justru bersikap tenggang rasa dan hormat menghormati keyakinan orang lain. Orang yang telah mencapai Makrifat kalbu dan rasanya telah luluh, menyatu dengan Tuhan, ia sudah tidak sedih atau menderita akibat pasang surutnya kehidupan, jiwanya stabil, tutur kata dan tingkah laku di dunia menjadi saksi keangungan-NYA.
WEJANGAN URIP
Dikirim WEJANGAN URIP pada April 19, 2008 oleh alangalangkumitir
LABETING KARTIYASA
Labeting kartiyasa punika
Awit saking pambudayaning gita dursila
Rinuwat kanthi mrihatini adrenging karsa
Ngubara lan ngumbara miyat dumununging kamitran.
Amangsuli prahara bebendu ageng
Tan ginayuh hastaning mamilat brata
Wosing rasa kang ginubel graito
Graitaning karsa, dumununging cipta.
Tan ana angkara
Tan ana rubeda
Tan ana dursila
Tan ana tandang duraka.
Jejer anyar
Gagrak anyar
Titah anyar
Jagad anyar
Sarwa gumebyar
Tan ana kang samar
Tansah suminar
Magilar-magilar
Anggelar tulusing nalar.
Budi pinilih, luhur angarih-arih
Masa wurunga karsaning Jati
Hangesti drajading titah
Hawya miruda kang kinarsa ing Allah
Kabeh saka telenging jangkah
Kabeh awit gumelaring pratingkah
Kabeh ngemu tulusing ibadah.
Ngaminana marang donga kang pinuji
Kunjuk Ing Ngarsaning Maha Ji
Humangkara
Humangrasa
Hamungwat trikarsa
Hamungwing baskara
Hamungwing jumantara.
Ngadep Rabbul Ngalamin
Welasing Gusti
Ingkang Maha Sih.
Muliha, muliha, muliha
Muliha mring pancardriya
Balia mring panaraga.
Mawanti-wanti, angati-ati
Aja kongsi keri nunggang jung baitagung,
Kang dinayung malaikat hambaruyung
Dipandhegani dening para nabi
Sinangga mring para wali.
Kinebakan jamna utami
Mulyaning manusa jati
Kang pinilih dening Gusti
Kapilah saking ngalamipun
Awit driyanira mung nyawiji,
Kabeh kagungane Allah.
Mula aja noleh
Mula kudu mantheng
Katuta baitagung
Nyuwuna palilahe Hyang Agung
Awit kuwi Kagunganipun.
Aja ninggal trapsila
Aja nggugu kersaning pribadi
Aja dumeh wus katam kitabe
Najan wus apal dongane
Najan wus guntur sujude
Ning durung kaparingan ridhaning Allah.
Mula dudu rapale, ning atine
Mula dudu wujude, ning lire
Mula dudu jlegere, ning makripate.
Poma, sindukara karaning ronsih
Sawunging swara sawang suwung
Gebyaring gebyur gambyong grambyangan
Rinakit, rinasa, rapita, retyakaning radya.
Jung, jung baitagung
Wus tinata ambaruyung
Lir grimis handaridis
Re-rep pantiarsaning resep
Pindha tilasing atilas tulus.
Tlusurana sing tlaten
Anggita gitaning suksma
Andungkap sunaring padhang
Njingglang ngawang-awang.
Hamung sawiji kang kinanthi
Wahyuning Hyang Widhi,
Kang pinuji-puji.
Wus pupus barang kalire.
WAHDATULWUJUD
Wujuding wijil wahyuning wangsit
Wiyoto woting waskitha kang winasis
Jajaning janma jatining jasad
Jumujuging jaladara jantra jinajah.
” Wujud keluarnya ilham
” melalui orang yang mengerti yang terpelajar
” dada manusia sejatinya jasad
” menuju ke alam jajahan
Amrih amining amaranti
Amina mastani mantra mastadi
Samudananing samudra samun
Sesongaran sasat susantiningrum.
” supaya perkataanya merata
” boleh dikatakan mantra mastadi
” berkedok berlindung di samudra ( mungkin mengatasnamakan kekuatan mayoritas)
” sombong/ugal ugalan menjadi pedomannya
Mungguh asmaning mung kanggo mupus
Dipeh prana nalika daruna dumateng
Tebining dhandhaka anyatrani
Lubering ludira anebaki daruni.
” namanya hanya untuk meredam
” cuma pas bisa melihat waktu kesedihan datang
” luasnya “dhandhaka” menyertai
” lubernya darah memenuhi hati/kesedihan
Najan hamung kinanthi sih utami
Awit diniyati tan kenging rinuyit,
Anggraitaa murih wekasanipun jrih
Muncrat handalidir mring bantala.
” walau hanya dengan kasih sayang
” sudah diniyati sebagai pegangan
” merasalah supaya akhirnya takut
” menyembur membasahi/mengaliri bumi(sujud syukur)
Tiba grahaning Hyang Suksma
Memitri awit saking nggenira
Njangkah tan angoncati
Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.
” tiba ke tempat Hyang Suksma
” melihat karena keteguhanmu
” yang berjalan tanpa meninggalkanNya
” keluarnya “rohul kudus” supaya dapat berguna
Jinantra ontran-ontran kang amurwat
Murwating angkara murka
Nabrak, nunjang, ngobok-obok
Nggelar kadurjanan
Ngobrak-abrik tatanan
Salang-tunjang
Gede-cilik tanpa wirang.
” pada jaman kerusuhan yang tak lazim
” lazimnya angkara murka
” sengaja menabrak, menggeser, mengobok obok(tatanan)
” mengadakan hal hal yang bertentangan dengan adat (maling,jambret dsb)
” mngorak abrik tatanan yang berlaku (hukum adat)
” berebutan
” tua muda tak punya malu
Ana jalma mimba Gusti
Ngaku Allah sinarawedi
Ngendi ana titah padha karo Gusti
Kadunungan iblis pinasthi.
” ada manusia mengaku aku Tuhan
” dan mengaku sodara Allah
” mana ada manusia(ciptaan) mengaku sama dengan Tuhan
” dapat dipastikan itu iblis/setan
Manunggal kuwi ‘ra teges sami
Hamung celak raket ring Gusti
Hamung Allah kang pinuji-puji
Ya mung jalma najan wali.
” bersatu bukan berarti sama
” hanya dekat dengan Tuhan
” hanya Tuhan Allah yang patut disembah
” semua hanya manusia walau wali sekalipun
Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi
Wani nranyak mring Malikul’alam
Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
” minta ampunan kepada Tuhan
” karena berani kepada sang Pencipta Alam
” sudah menyamakan diri dengan Tuhan
” bukan itu arti wahdatulwujud
Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
” yang benar itu cuma dapat disebut hamba
” yang tidak kuatir yang berlebihan
” jangan melanggar hukum alam
” nanti akan terlihat tidak bersyukur
Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti
Najan sasarsusur yekti.
” ya Tuhan yang Maha Langgeng/tak pernah mati
” smoga sudi memberi limpahan Rahmat
” kepada orang yang mendekatkan diri melaksanakan kehendakMu
” walau masih banyak salah dalam menjalaninya
WAHDATULWUJUD
Wujuding wijil wahyuning wangsit
Wiyoto woting waskitha kang winasis
Jajaning janma jatining jasad
Jumujuging jaladara jantra jinajah.
Amrih amining amaranti
Amina mastani mantra mastadi
Samudananing samudra samun
Sesongaran sasat susantiningrum.
Mungguh asmaning mung kanggo mupus
Dipeh prana nalika daruna dumateng
Tebining dhandhaka anyatrani
Lubering ludira anebaki daruni.
Najan hamung kinanthi sih utami
Awit diniyati tan kenging rinuyit,
Anggraitaa murih wekasanipun jrih
Muncrat handalidir mring bantala.
Tiba grahaning Hyang Suksma
Memitri awit saking nggenira
Njangkah tan angoncati
Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.
Jinantra ontran-ontran kang amurwat
Murwating angkara murka
Nabrak, nunjang, ngobok-obok
Nggelar kadurjanan
Ngobrak-abrik tatanan
Salang-tunjang
Gede-cilik tanpa wirang.
Ana jalma mimba Gusti
Ngaku Allah sinarawedi
Ngendi ana titah padha karo Gusti
Kadunungan iblis pinasthi.
Manunggal kuwi ‘ra teges sami
Hamung celak raket ring Gusti
Hamung Allah kang pinuji-puji
Ya mung jalma najan wali.
Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi
Wani nranyak mring Malikul’alam
Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti
Najan sasarsusur yekti.
RASAJATI-3
Dikirim RASAJATI pada April 30, 2008 oleh alangalangkumitir
P U C U N G
136. Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung
Sagung kaéndahan
Kang pinaringken Hyang Widi
Dèn resepna anèng teleng manahira
137. Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum
Malih pra manusa
Miwah saisiné bumi
Kanthi wijang pinaringan kaluwihan
138. Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung
Salir wewatekan
Wèh resep sawiji-wiji
Kawruhana ywa nganti kadamel ura
139. Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu
Salir kanugrahan
Winiraos kraos èdi
Temah nala ening kadereng memuja
140. Gesang namung lumingsir jroning sapangu
Aywa tanpa tanja
Kélangan ingkang pangaji
Silar rasa, datan wruh rèhing Hyang Suksma
141. Gung pepacuh tinungkulna ingkang mungkul
Dimèn uningaa
Pangaosji mangénjali
Ywa rinisak wit adrenging hardanira
142. Déné manu minangka punjering suluh
Langkung kagunannya
Tinitah kanthi linuwih
Rasa budya tembung lampah éndah guna
143. Jagad agung muwus mulyaning Pukulun
Lamun dèn eningna
Kawuryan genging sih kang wi
Karya nala ayem tentrem srah sadrema
144. Raos wardu asung warti kusung-kusung
Swawi samya yitna
Kadarman tuking basuki
Datan liya Ingkang Akarya Bawana
145. Kang maujud sanggya kasunyatan misud
Luhuring Hyang Suksma
Gung sihé tansah ngopèni
Kapranata patitis ing sapangrèhnya
146. Pan aturut mring sadya karsèng Pukulun
Éndah tebanira
Nenuntun titah maniwi
Angabektya lir péndah sang muniwara
147. Gung sasangkul gesang madyèng alam satu
Tan ana manasya
Lamun maneseb astuti
Langkung adya Hyang Suksma manadukara
148. Lambak tuhu manjing manunggil Hyang Luhur
Temah angraosna
Ayem tentrem lawan èdi
Kasirnakna sanggya lapa jroning nala
149. Aywa klèntu mrawasa larasing kidung
Gitayèng bawana
Nyenyekar sagung harjanti
Lamun risak tan kena tinukar arta
150. Andon wuwus poma dèn udi kang alus
Éndah munggwing prana
Pinireng ngelam-elami
Amranani karya asreping angkara
151. Tembung saru ywa sami dipun geguru
Nyirnakken prabawa
Miwah pangajining dhiri
Damel camah rinèméh sarta winada
152. Béda lamun mrasudi lésan lir tatur
Nora mung rirangga
Nging yekti tumusing ati
Tutur èdi mijil king telenging rasa
153. Pan sadyèku nyingkirken manah kang rengu
Nyaketken nugraha
Tumanduk dhateng sesami
Kang mangkono upayanen aywa kemba
154. Kanthi tulus pikir dèn ulir kang lurus
Ywa ngantya sumimpang
Saking margining utami
Pinuntua murih wèh harjaning jana
155. Dèn talusur talesih memet tan kuwur
Ingkang sarwa adya
Miling dadi nering budi
Manah sotya sumingkir saking piala
156. Jroning samun becik manungku nenuwun
Kalis lelamunan
Ngrerantam kang mbilaèni
Pilangbara meleng maring rèh utama
157. Nering kalbu prenahna tan nganti kliru
Mikir kang prayoga
Pijinen barang kang èdi
Tumusira raras rerem jro wardaya
158. Among wantu marmané trep traping laku
Raras yèn rinasa
Éndah kalamun kaèksi
Samudaya badhé tansah nuju prana
159. Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk
Jumbuh myang kahanan
Sarwa-sarwi katon pèni
Kawistara titis lantip olah kridha
160. Aja tambuh waspadakna amrih weruh
Sabarang kang makna
Pilihen ingkang taliti
Singkirana apus kramaning panggodha
161. Budi sadu katitik sajroning laku
Patrap kang utama
Iku cihnaning pangerti
Piniliha mawèh harjanta nugraha
162. Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut
Uning mring karsanta
Tan mbadal sagung karsèki
Lega-lila kéntar nut ing sapangrèhNya
163. Yèn pinesu jiwa raga myang bebayu
Bisa dinayanan
Ing panguwaosing Bathari
Pinaringan aji jaya kawijayan
164. Kang dèn bujung sanès atosing bebalung
Miwah wuletira
Kulit daging amrih sekti
Paribasan tan tedhas lamun jinara
165. Bisa larut nyawiji kumepyur pulut
Kalayan Hyang Suksma
Tan ana ginggang samreki
Satindaknya namung nut ingkang pinancya
166. Tan kumrungsung kasesa dadya linangkung
mBebujung karosan
Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi
Yèn mangkana sumimpang kesasar marga
167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh
Ura ngambra-ambra
Pangèsthiné salah dadi
Kawruh mentah datan éca dipun tedha
168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu
Éman dèn tilarna
Milaur dipun prasudi
Dèn èstokna dadya darma kang utama
D U R M A
169. Apa baya wewarah kang kaping astha
Brataning wong nenepi
Laku angupaya
Mustikaning manuswa
Supados amunpangati
Ing samudaya
Ywa muspra tanpa werdi
170. Atetarak tan muhung ing kalairan
Cegah dhahar lan guling
Pasa lan aderma
Tlatèn maring agama
Nging ati tan dèn rawati
Pan nora tanja
Sami kadi tyang pingging
171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan
Kaya tan ana malih
Janma ingkang padha
Tandhing lan kabisannya
Angrèmèhken mring sesami
Dadi tan guna
Ngrasuk maring agami
172. Jangkepira manungku maring Jawata
Kathah kang dipun sirik
Nora rupa boga
Dudu pranata puja
Nanging sagung lampah sisip
Dipun tilarna
Puniku wèh hastuti
173. Nadyan rupak prananira dèn wiyarna
Nora cupet ing budi
Nututi candhala
Nurut hardaning hawa
Nerak sarak tanpa isin
Nir ing kayitnan
Nalisir nyimpang margi
174. Pepénginan makantar-kantar angrebda
Poma dèn kemudhèni
Pinekak ywa ndadra
Pinuntu kanthi lamba
Pepacuh myang wasitadi
Pakekenira
Pan nuntun laksitèki
175. Tindak mblasar atetawa kanikmatan
Tumrap kang tan udani
Tumama ing karsa
Temah kayungyun godha
Tan kuwagang anyingkiri
Trékah sulaya
Tundhoné dadya tuni
176. Siluk rumpil ngambah margi kaleresan
Sasat tan ana gampil
Satuhu ing budya
Sasmita dèn tilingna
Sinartan antebing pikir
Sirik piala
Sumenggah hardèng karsi
177. Kabèh ika kalakyan lamun dèn udya
Kanthi tlatèn taliti
Kineker jro nala
Kinemat ingecakna
Kaprasudi dipun gladhi
Kridhaning suksma
Karèh nut ing prayogi
178. Dèn gegulang pamardi ingkang utama
Datan pegat martapi
Dyan awrat sinangga
Dipun embat wardaya
Déné yèn wus dèn antepi
Dadya kuwawa
Daryana gung utami
179. Lamun léna nilaraken kaprayitnan
Lumuh macala kapti
Lali pariwara
Lelumban madyèngkara
Léngah enering paniwi
Lampah sulaya
Lalis datanpa werdi
180. Muja tapa atetarak durlaksana
Mungkurken sagung yogi
Meleng ing karsanta
Manekung pancadriya
Manunggil karsèng Hyang Widi
Mat kautaman
Mulung myang kang pinanci
181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa
Nilarna watak dhiri
Milaur prasaja
Tan ngendhakken sasama
Nyingkiri tumindak sisip
Wisésanira
Nora kanggé ngakali
182. Tinahena salir pikir tan pakena
Miwah sir kang nalisir
Poma dèn cegaha
Ywa jinarken ngrembaka
Yèn kadhung amemalahi
Tan gampil mendha
Lir nyirep bagaspati
183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan
Nyalad adrenging karsi
Tan ana warana
Nyenyingget krodhanira
Temah alepas kendhali
Binandhang tebya
Sir wangsul datan wani
184. Donya brana myang arta asring misésa
Ngrèh manu dados abdi
Lamun dèn turuta
mBebudhak sakarepnya
Ngicalken prayitnèng budi
Dadya kethaha
Lingsem tinilar sami
185. Wit hartaka asih darma waged musna
Tegel maring pepati
Pitenah deksura
Paéka masang kala
Wus tan ngéman sapadhèki
Uger panjangka
Kasil ginayuh yekti
186. Ya mangkana watak winengku kamurkan
Gegyan kang dèn ugemi
Tan sipat prawira
Lumuh wyataning dwija
Pepoyan kang dèn antepi
Langkung kuncara
Mimpang wang kawon janmi
187. Lamun donya dadya punjer atinira
Sinembah kadya Gusti
Wlasarsa pan muspra
Asih nora kadarbya
Tegel roganing sesami
Lampah daksiya
Nguber mulyaning dhiri
188. Datan lepat wasitaning Hyang Indriya
Paring tuduh mring janmi
Kacaryan hartana
Wewijining candhala
Damel risaking pamardi
Pan dadya ura
Jugar tatanirèki
189. Yèn ketaman branta ngempalaken brana
Wuru tetandho rukmi
Angles wit kasmaran
Kasulistyaning sandhangan
Supé myang leresing margi
Dadya kantaka
Lamun panggayuh tuni
190. Samubarang kaudi cekap samurwat
Dé pikantuk nglangkungi
Swawi tinampia
Nugrahaning Jawata
Loma lila mitulungi
Kang kacingkrangan
Ywa nyimpen manah cethil
191. Poma-poma aywa tilar kautaman
Nggegulang sasmitadi
Dohna kadurjanan
Temen rèh kaprawiran
Tinangsulan ing tyasrèki
Aywa dèn culna
Bundhelen kang permati
192. Aywa nyimpang dedalan maring pepadhang
Dyan ciyut sukar rumpil
Dipun tlatènana
Kinanthèn sabar drana
Supayantuk kang kaèsthi
Mrih tan kuciwa
Pinegat tan wruh margi
MEGATRUH
193. Marma iki kaping nawaning pepacuh
Mirid wedhar rasa jati
Mijil saking tyas manekung
Manungku ngarsaning Widi
Manjing manunggil Hyang Katong
194. Kang pangaji munggwing gesang kang satuhu
Macala suksma kaèsthi
Pinurih karuh myang tuduh
Mring punjering jasadrèki
Uninga jatining Manon
195. Aywa kongsi darbé nétra tan andulu
Tuk wijiling suksma jati
Sangkan paran nora weruh
Temah ical nering kapti
Lumaksana tanpa waton
196. Wasitadi wineca dwija rumuhun
Nélakna kahanan janmi
Kanthi tetanya lir tambuh
Wicalen titah kang ngèksi
Miwah kang gesang sayektos
197. Dèn wangsuli apatitis miwah jujur
Kahana ingkang sayekti
Tyang wuta kathah linangkung
Makaten ugi kang lalis
Klayan kang urip kinaot
198. Apan janmi nadyan melèk socanipun
Ananging boten udani
Aosing gesang satuhu
Asor prabawaning budi
Acecanuk nora tinon
199. Iku kadi pasemoné titah blilu
Ingkang suthik aningali
Ismayaning Hyang Ma Agung
Isin miyat urip jati
Ilang lumuyuting batos
200. Nenggih sami klayan jana karan layu
Nadyan tata wadhag urip
Nanging datan wikan ilmu
Nasar anggènnya lumaris
Nora béda kadya layon
201. Urip jati kudu kinanthènan kawruh
Uninga jatining urip
Upami lirwa binuru
Uwal king jejering janmi
Uwas tumraping lelakon
202. Kasmaran mring pepuntoning sanggya laku
Kadidéné tèsing warih
Kinempal myang asalipun
Kumeplas manjing jaladri
Kekalihnya luluh winor
203. Suksma kéntir ngenut jantraning Pukulun
Sumarah pasrah tan banggi
Sirna pepénginanipun
Sumuyut wetah sadyèki
Sumilak dugèng pangampon
204. Olah batin pan tilar sesuker sagung
Osiking tyas mung nyawiji
Manunggil klayan Hyang Agung
Memet rinasuk sesuci
Mrasudi puji kang twajoh
205. Neng samadi lelana lebeting anung
Nilarna rupeking pikir
Ning nering suksma sumusup
Nenungku niat mratapi
Nir sanggya sedya piawon
206. Tan angudi kuncara pamurih kasub
Tatasing puja siningid
Tinutup korining napsu
Trékah léngah dèn singkiri
Tulus numusi kang anon
207. Ngarsèng Widi dhéngah lampah sarwi katur
Tan wènten ingkang sinelip
Sagung prasida kadulu
Ginelar wijang katawis
Losna sadarum sumaos
208. Aywa nganti darbé raos wus linangkung
Nindakken kasucèn yekti
Kawentar buntasing kawruh
Lepat saking lampah sisip
Ngarsaning Hu andhap-asor
209. Gung prayogi kanthi manasya dhedheku
Rumaos dèrèng pinanggih
Sampurnaning tata-laku
Temah kadereng mrasudi
Minta apuraning Manon
210. Sembah bekti kinanthènan manah wutuh
Iswara cinepeng sami
Hastungkara ingkang mungkul
Wèh tentrem myang hasastani
Asmaralaya cinadhong
211. Dipun èsthi tresna asih mring sadarum
Lir tumrap diri pribadi
Samubarang dipun émut
Tinepakna sarirèki
Temah tumindak tan waton
212. Mring sesami nala kasengsem sung asih
Tan remen miruda janmi
Punapa malih nyenyaru
Akarya tabeting ati
Ywa damel asanès wirong
213. Lamun uning manuswa gesang tan patut
Bebasan pinanggang hagni
Nyanggi bebahaning laku
Dèn éklasna suka warih
Paring asrep mring kang ngorong
214. Winigati ingkang mbetahken pitulung
Sasagednya dèn jurungi
Wirya paring timbang nyuwun
Damel wikaraning kapti
Sung awanda myang kang éwoh
215. Yèn angèksi wakala kang lagi nempuh
Nora merem tan preduli
Nanging legawa misungsung
Pinurih awinda gingsir
Wèh wiryawan kang prihatos
216. Udani mring roga-yogi awrat lalun
Pan arsa asyah ngrerujit
Kanthi wikrama wèh lipur
Awicarita binangkit
Rahajeng linepat régoh
217. Nora sengit tumanduk tumrah kang klintu
Asih rumangkang jro kalbi
Lila ngaksama atulus
Seserik binuwang tebih
Winengku sucining batos
218. Manah drengki tan winales dimèn tatu
Nging binayar tindak becik
Winungkus pangaksama gung
Sinupèkna nadyan rungsit
Pan mesgul datan sumiwo
219. Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu
Gumelar kadya jaladri
Nadyan bengawan sadyèku
Lumintir mili ngebeki
Tan pisan-pisan arsa rob
220. Tanpa tepi nora jajag lebetipun
Momot sagunging prakawis
Sabarang kawrat tan mingkuh
Rinendhem madyaning warih
Nora nggresah datan kisroh
221. Ya kadyèki prana aywa gampil pugut
Mupus kalamun ngadhepi
Bebahan awrat linangkung
Lir langkap pinenthang tuni
Lepat tan ngéntasken gatos
222. Angadhepi manéka trékahing manu
Miwah wuwus kang nyakiti
Pamigunanipun satru
Pinggala pangucap rasmi
Dharana rinaswa kamot
223. Dèn tebihi watak mrahat péndah margu
Sereng-buteng lir tyang pingging
Dharaka sinantun puguh
Murcita ingkang pinanggih
Luhung matirta waspaos
224. Janma dhikih asring kathah godhanipun
Tilar rasikaning ati
Gung rusid minangka pangkur
Tan panggah megeng karsèki
Radyalpa ngengurung raos
225. Rismarini pinanggya anèng Pukulun
Tumrap kang maratuka Ji
Kanthi tlatèn dèn maraup
Pujinira ruma amrik
Dadya pangabekti yektos
226. Kadya rawi suka tuduh padhangipun
Narbuka dhedheting ratri
Sanggya rastala mataun
Trawaca tan ana kèri
Makaten tiyang ngabektos
227. Ganaresi ingkang ajumeneng ratu
Nggegurua pangrèh aji
Taksaka lit wisa manjur
Aywa sumelang tan dhaning
Lir tatur kumambang abyor
M A S K U M A M B A N G
228. Lhah puniki pawingkingipun pamardi
Kang kaping sadasa
Jangkep piwucal utami
Ywa nganti sinélakana
229. Pungun-pungun kalamun dèrèng udani
Kuwatos miwah was
Tanpa kumandel ing Widi
Nora wruh keplasing suksma
230. Titi wanci wangsul mring sangkanirèki
Mesthi bakal teka
Nora kena dèn sélaki
Poma tan miris ing nala
231. Yapwan janmi tan mawastu rèhing Gusti
Yekti dadya susah
Sang Mahasasa nyarangi
Yamani mahèr yitmanya
232. Lamun prapti titi wanci kang pinasthi
Kodheng jroning rahsa
Yojana tan uning sami
Awinda nering panjangka
233. Janma pingging talompé ngeningken gati
Kikising agesang
Tumrahing titah sadyèki
Temah nguja hardèng karsa
234. Gumarangsang kasukan dipun turuti
Mumpung maksih pana
Plethèking sang bagaspati
Tan nyaruwé yamaloka
235. Tan kayaa yatma madyèng jagad mangkin
Nyarwètèh lampahnya
Mahara anyakrawati
Puguh kasupèn Hyang Suksma
236. Yèn mangkana lirwa mring swarga sayekti
Mbebujung kadonyan
Lupa paraning dumadi
Kasasar tan manggih tarsa
237. Nanging janmi kang sengsem yogasamawi
Dharannya tumata
Mraharana manah suci
Sinung pangerti utama
238. Kanthi wijang wijiling tedah suyati
Yadya repah raga
Wijaya mangrèh hastuti
Rasmana karya raharja
239. Karuh maring sangkan paraning dumadi
Tinitah Hyang Suksma
Sumbering sadya darmadi
Loka paleremaning suksma
240. Lamun murcat tan tambuh paranirèki
Rusak raganira
Yitma méntar gya maniwi
Wangsul sangkaning yudana
241. Nora miris ywan Sang Widhitusdha nimbali
Cukup sangunira
Sinartanan darma bekti
Mituhu sanggya karsanta
242. Trusing ati widhwanta lila tinampi
Larakung linepat
Wit luding laris pinasthi
Wilapwa tinilar tebya
243. Sihing Widhi dadya wayira pangaji
Kenceng cinepengan
Pinangka wot ingkang dyapi
Tumuju lokabuwana
244. Dipun ening ngener lukikaning Gusti
Nyawiji sedyanta
Tan malang tumolèh margi
Nyapih sagunging angkara
245. Wus nyawiji manjing jro jatining waji
Uwal king walitya
Ngalindhih krenteg nalisir
Dumoh saking sanggya dama
246. Kanthi éling manunggil klayan Hyang Rawi
Suméndhé sadrema
Sumèlèh pasrah karsa-Ji
Cinadhang papan diwala
247. Janma bekti winengku wuyuting rati
Sinung panggraita
Landhep nilingken pamisik
Temah wruh mring pepancènnya
248. Pan patitis kamuksanira udani
Dyan nora jumawa
Rumaos darbé pangerti
Nging miling rèhing Jawata
249. Nora samar mring pepesthèn kang dumadi
Pepancèning suksma
Ingkang tinamtu ing nguni
Weruh titi mangsanira
250. Yèn wus dugi kikising gesang puniki
Wangsul mring sangkannya
Sang Widhitusdha nimbali
Ywa tidha-tidha nglenggana
251. Pan Hyang Widi badhé apeparing gati
Minangka pratandha
Kekeran pesthining janmi
Pinurih samya samekta
252. Nora kénging puguh mirong karsèng Gusti
Nyahak mring karsanta
Nguman-uman kang pinaring
Tan narimah wilasa-Nya
253. Luhung sami tiniling ingkang winisik
Temahan trawaca
Kala-mangsa kang pinasthi
Apan samya kawruhana
254. Yèn wus dugi titikan praptaning wanci
Swawi cumadhanga
Ywa manesel gesangrèki
Sampun cekap lampahira
255. Purnèng anggit wilapakalangyan werdi
Tujuning panjangka
Tan sanès amigunani
Janma kang munggwing rastala***
Tinggalkan komentar »
RASAJATI-2
Dikirim RASAJATI pada April 30, 2008 oleh alangalangkumitir
A S M A R A N D A N A
59. Tanggap raos jarwinèki
Bisa krasa lan rumangsa
Pangertos datan talompé
Mring jatinira pribadya
Miwah sapadha-padha
Sumrambah titah sadarum
Lan saisiné buwana
60. Aja sira kumawasis
Dyan wus tebih lampahira
Ngudi èlmi pangertiné
Awit isih ana liya
Kang mesthi ngungkulana
Lir wiyati èmperipun
Tanpa wangenan inggilnya
61. Wong umbag kang lumuh aris
Tansah rumangsa yèn bisa
Sabarang kardi ingembé
Nging datan bisa rumangsa
Mung samenir kawruhnya
Sesongaran sarwi umuk
Kaya-kaya mrantasana
62. Lamun tumanduk ing gati
Briga-brigi nora pana
Seserepanira kiyé
Kikuk-kidhung kang linakya
Nora sumbut gunemnya
Wusana jugar tan rampung
Wirang mungguh rinasakna
63. Wruhanta manah kang pingging
Rasa isin datan darbya
Mung tembung wah pangudiné
Dyan nora panggah ing karya
Parandéné jumawa
Tansah nggrangsang ciptanipun
Ngangah-angah kadya ditya
64. Jalma kang tanpa pangerti
Tan naker kabisanira
Adu wani piandelé
Datan tanggap maring rasa
Kang wèh wruh tatarannya
Nunjang-palang tindakipun
Numbuk-bentus nora tata
65. Mangkya jana sarjanadi
Mulat dhiri tan durgama
Ninggal sagung sembranané
Mulur sempulur pangrasa
Rasané sanggya rasa
Sinipat jejering kayun
Titis tetes temah tatas
66. Rèhing rasa dèn resepi
Nora samar werdining mar
Marmané binabar kiyé
Éndah èdi lir kartika
Rinimat ing Hyang Suksma
Mbabar waskithaning wiku
Wikan jatining priyangga
67. Waskitha jatining dhiri
Empan papan tumindaknya
Éling wewates ugeré
Nilingken sagung wewarah
Pituduh myang pranatan
Sirik cidra arsa unggul
Nir sedya ala rinipta
68. Rasa suka dèn watesi
Mekak hawa aywa ngrebda
Sesukan mung sakadaré
Gampang gumun siningkiran
Jer kabèh mung sandhangan
Datan langgeng wontenipun
Abyor sakedhap gya muspra
69. Lamun tan waskithèng kalbi
Rasanta gampil kagodha
Kayungyun ing kasukané
Temah lupa sarak tata
Angger-ugering gesang
Kapéncut myang kapiluyu
Éndah-èdining dursila
70. Tundhoné dumugèng lalis
Getun keduwung pan siya
Siku dhendha pinanggihé
Papa cintraka kalakya
Sinandhang ing jiwangga
Apan émut wus kebacut
Katrucut tekaning laya
71. Begja janma kang patitis
Ngrucat pepénginanira
Sirik nerak sarak siré
Tanggap lamun samudaya
Tan langgeng ing kahana
Sawatara pan wus kukut
Gung kasukan sakeplasan
72. Rasa dhuhkita myang branti
Aywa kalantur ginarba
Sedyanta marlupèng raté
Angur pinupus samadya
Jasad ywa nandhang roga
Tinalesan manah mulung
Ing pepesthèning Bathara
73. Mulata maring sasami
Sadarum titahing Indra
Ingaosana jejeré
Ywa nganti mawang sandhangan
Kang sipat kalairan
Nging dugèng jatining manu
Manuswa ingkang sanyata
74. Kathah-kathahing pamanggih
Pandulu sulap mring gebyar
Tata lair tetalesé
Ngajèni maring pepadha
Nora tumus jro nala
Kalenggahan bandha bandhu
Kang minangka takerannya
75. Sinten ingkang darbé aji
Yèku kang mompyor wiraga
Éndah èdi busanané
Dyan awewatak raseksa
Brukut linimput samya
Laksita pindha priyagung
Sangar mrabawa anggepnya
76. Kathah ingkang datan ngèksi
Jejer jatining manuswa
Mung kayungyun lelamisé
Sulap gebyar kang katartya
Temah klèntu nalarnya
Wong pengung malah ginunggung
Pinuji kadya brahmana
77. Balik janma sudra kaki
Asring datan pinétangna
Kanggep tan makna anané
Aja manèh ingaosan
Dèn paèlu pan nora
Pinanggya mbuwang pandulu
Sungkan lamun ningalana
78. Dyan suci atinirèki
Nging tan rinengga busana
Kadonyan drajat pangkaté
Sapa baya arsa nyapa
Wah malih anilingna
Mring tutur ingkang winuwus
Pinusus lésus pan muspra
79. Dé kang tanggap rasajati
Tan meleng mring barang makna
Kasilep tata lairé
Nanging nilingken pranyata
Reseping pariwara
Wewarah agung kalangkung
Nadyan winedhar ing sudra
80. Tan mawang janmanirèki
Nora nisihken sapadha
Nging ngaosi pamerdiné
Dyan mijil lathining ina
Lamun gwah ing wewarah
Tinilingaken satuhu
Dadya cecalaning lana
81. Ywa ngembé padhanirèki
Janma tan kena ingina
Tinitah nut pepancèné
Ajènana lir Hyang Suksma
Supayantuk nugraha
Tinebih manah adigung
Andhap-asor lembah nala
82. Raos asih myang premati
Sumrambah sagung tumitah
Rinumat mrih lestariné
Samukawis jro bawana
Wus patitis tinata
Pangwasané Hyang Ma Agung
Rumeksa kanthi samekta
83. Mula hèh titahing Widi
Aywa nuruti angkara
Mbujung senengira kiyé
Nging nglirwakaken pranata
Mung mburu rèh hardanta
Nilar waskithaning kalbu
Supé wisiking Hyang Suksma
84. Rasajati wèh pawerti
Myang sujanma kang rumangsa
Butuh wruh mring kajatiné
Murih tumanggap ing rasa
Rasanta mèt raharja
Raharjaning sanggya manu
Nurutana nering rasa
85. Neping rasa kang kaèsthi
Tan kabranang watak murka
Nora rongèh pangrasané
Anteng manekung jatmika
Temah tanggap sasmita
Dyan ringkih pinaring surup
Mungguh werdi kang utama
86. Sarpa kresna sekul gurih
Wreksa rekta pahit wohnya
Namung semanten gaduké
Lamun tan tebih tebanya
Ywa maoni kéwala
Pupus asem tibèng laku
Sinom jumangkahing lana
S I N O M
87. Patitising lakunira
Waskithèng lampahirèki
Samubarang pinikirna
Tan grusa-grusu sayekti
Tinimbang kang taliti
Tumindak tan kumawantun
Angger purun lan sagah
Tan wurung wekasan tuni
Mangka getun keduwung nora piguna
88. Lamun sira darbya sedya
Ywa kadereng hardanèki
Lumuh aglis kalakyanta
Lupa daksina myang paksi
Tan wruh jantraning margi
Ngangsa lir wataking diyu
Luhung ris linimbanga
Mirid kaoting tyasrèki
Jinumbuhna klawan sanggya kawikanta
89. Poma praya sabar drana
Antèr pamikir sayekti
Sélak kabrananging rana
Paribaya dèn adhepi
Kanthi sarèh premati
Tan mingkuh kèhing pakéwuh
Nyidhem mulading rudra
Waspaos sajroning kapti
Sanggya gati tinuntas kanthi waskitha
90. Lantip ngudhari ruhara
Nyimpang sawarnining sisip
Pramana milah prakara
Tan worsuh cinampur sami
Wijang jroning pambudi
Dèn lusi lir lawé kusut
Ingijir temah cetha
Gampil rampung kanthi rampit
Sanggya karya tan bingung mbebidhung nala
91. Miyat paékaning liyan
Nora kadereng ing kingkin
Lir mulat lèsing warastra
Waspaos graitèng budi
Tumindak ngati-ati
Ywa gampil pracayèng rungrum
Pranyana dèn landhepna
Dimèn trawaca ing gati
Temah titis luput saking sandi kala
92. Aywa ngrèmèhken sasama
Drajat semat donya arti
Kabisan wah kagunannya
Myang agal-alusing budi
Angèl yèn dèn jajagi
Sring nyolong pethèk sadarum
Luhung yèn dèn anggepa
Samukawis anglangkungi
Luwih begja tan kecélik ing panduga
93. Watak umbag sesongaran
Rumaos wasis nglangkungi
Angandelken kagunannya
Miwah jajaging pangerti
Tan ana kang madhani
Manèh lubèr bandha-bandhu
Wuwuh éring pangwasa
Digang adigung ing budi
Solah bawa pamurih ingalembana
94. Béda prabawèng satriya
Ngleluri darmaning aji
Mekak dhiri olah rasa
Primpen kawruh dèn simpeni
Siningid rasajati
Unggul tan kraos pinunjul
Ywa pamèr kabisannya
Andhap-asor trus ing ati
Sanggya gati tan sélak dipun rampungna
95. Pribadyèng satriya tama
Sirik mbujung pangastuti
Datan serik dipun ina
Bingah winada sesami
Tan susah dèn waoni
Adreng ngudi budi luhur
Asih maring sesama
Tan males manah kang sengit
Ngrucat donya meleng maring rèh sampurna
96. Lampah aris paramarta
Sarèh tumanduking sami
Datan sawiyah deksura
Ngrèmèhken titahing Widi
Nungkulken ingkang alit
Nanging ngajèni sadarum
Mimpang datan ngasorna
Pikolèh tan damel tuni
Dipun gega tan mawi dipun telukna
97. Lès aris rinengga basa
Tan karya runtik ing kapti
Raras pinireng ing karna
Tumus rumesep waradin
Mrak ati amranani
Tinilingken wèh tyasarju
Adhem trusing wardaya
Nyidhem brahala pan bangkit
Tumamanya karya basuki raharja
98. Kalamun dadya pangarsa
Pangandikan pan jinagi
Ywa gampil ngumbar kamurkan
Tembung ladak dèn singkiri
Tan wengis waton muni
Natoni manah sadarum
Andhahan jinemalan
Nanem wiji nabet ati
Becik lamun ririh araras nengsemna
99. Mring dasih suka tuladha
Tindak-tanduk sarwi manis
Titis pangangkah utama
Kinèn dinadya palupi
Tinulat pan mranani
Nora mung kakèhan wuwus
Ngegungken panguwasa
Salir préntah kudu dadi
Kumalungkung edir deksura daksiya
100. Pan kawula tindak lupa
Ingélingken kanthi aris
Bramantya dipun leremna
Poma aywa ngumbar hagni
Ngalad-alad ambesmi
Luhung wèh reseping tutur
Bebener tinuduhna
Pepèngeté sinartan sih
Tan akarya runtik jro tyasing pra amba
101. Kalamun dadya andhahan
Waged mapanaken dhiri
Weruh ing rèh myang pranatan
Tan trunyak-trunyuk nglingsemi
Nging manis amrak-ati
Kinasih maring priyagung
Setya dhateng bebahan
Marmané dèn pitadosi
Pinitaya tinresnan déning bendara
102. Tumindak kang nuju prana
Tulus dènnya anglampahi
Nora mung lamis kéwala
Sapawingking ngiwi-iwi
Batos ngrantam bilahi
Ngrerancang pakaryan slingkuh
Anganggit tembung dora
Kala jiret kang cinawis
Neniwasi kadya upasing taksaka
103. Poma sanggya pakaryanta
Tinalesan niat suci
Titis tetes ukaranta
Trus dugèng telenging kalbi
Kadereng sir kang resik
Jujur tinanem sempulur
Éklas lila legawa
Nggresula pan dèn tebihi
Wani ngampah pawekasan nemu bungah
104. Kasaénan tan pinétang
Potang tumraping sesami
Nging linampah kanthi bingah
Inganggep kadarman jati
Kang kudu dèn ugemi
Pangalem nora binuru
Karya saé sedyanta
Sumrambah dhateng sadyèki
Lenging nala tan liya mung paramarta
105. Watak lamis tinebihna
Sinanantunan burus yekti
Satuhu ingkang kawarna
Wardayanta pindha rukmi
Nora betah sengadi
Bebener ingkang binujung
Lir nuring sasadara
Jro peteng padhang nelahi
Suka tuduh tumrap kang nalisir marga
106. Katemenan dèn udiya
Pinracaya sagung janmi
Makarya tinales setya
Kajibah tamtu tinampi
Sanggèn tan dèn sélaki
Suthik cidra colong playu
Milaur tinombokna
Misungsung dhiri pribadi
Ya mangkono watak-wantuning satriya
107. Mangkono werdi sanyata
Patitising lampahrèki
Nyingkirken sagung ruhara
Kang damel dhuhkitèng kalbi
Sirna dhedheting ratri
Gantya pepajar winantu
Rumantya ri pirena
Karenan rahajeng nuli
Sanggya lapa siningkur tinilar samya
P A N G K U R
108. Wewarah kang kaping satnya
Tumrap trap-treping lampah puniki
Sarèh samadya pan kudu
Dadya pandoming rasa
Sumarambah olah pikir, tembung, laku
Murih kasampurnanira
Poma samya dipun udi
109. Lamun ngadhepi prakara
Nirlupa kabidhung adrenging karsi
Linimbang-limbang satuhu
Pinikir ingkang prenah
Tundhonipun anteng-antèr kanthi mungkul
Mring panuntuné Hyang Suksma
Ngéntasken sagunging karti
110. Rasa sarèh sirik serah
Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit
Tan aglis mupus pan lampus
Nging wantun mrantasana
Sinartanan sabar titi tan kasusu
Wijang rantasing ubaya
Kapengkok tan mbalénjani
111. Tan gampil semplah myang wegah
Sungkan kesèd luhung tinilar sami
Sanggya reruweting laku
Dèn dhepi kanthi bingah
Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu
Dadya daya kang santosa
Piguna temah ngrampungi
112. Pamikir aywa dèn peksa
Anglangkungi murwating nalarèki
Kamot kinemat pan saguh
Momot sagung ruhara
Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh
Kanthi sarèh dipun sangga
Ènthèng jro nalar lan budi
113. Lamun kamu ngangsa-angsa
Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani
Nguntar-untar hardanipun
Nanging ingkang jinangka
Nora netes kang pinanggih namung lempung
Kacaryan datan kaduman
Wasna kuciwa hudmani
114. Nora waspadèng wisata
Datan mulur agé-agé mrepegi
Dhawah wisayaning satru
Jiniret tanpa daya
Gung prayogi manah sarèh dipun émut
Wikan dhumateng wasyasat
Wismaya mamrih basuki
115. Pamikir ingkang kabranang
Sring akarya pikurihaning sami
Luhung pakeken kang agung
Sesumber king Hyang Suksma
Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu
Nenuntun gesang pakena
Nugraha mangrèh hastuti
116. Tembung sarèh dèn kekuca
Aywa kongsi nengenken waton muni
Tan karya tabeting tatu
Manjing tumrah gung jalma
Dèn upaya ukara marganing sarju
Sirna sedyaning sulaya
Pan ayem tentrem piniji
117. Dyan pinitenah ing liyan
Nora males sagung piawon sami
Tinampi éklas tan rengu
Sak serik kang akarya
Pinujèkna dimèn tebih king bebendu
Uning maring kaleresan
Tuk pitedahing Hyang Widi
118. Tembung cidra siningkiran
Ukaranta pepisuh dipun sirik
Kang temen miwah kang burus
Tumus dugèng wardaya
Pangèsthinya bebener ingkang tinuju
Sanggya prasida tinampa
Kanthi puja pangastuti
119. Laku sarèh tan gegabah
Gegondhélan mring gegyan wasitadi
Gibanta tinrap kang patut
Mirid rèhing Sampurna
Histanira sumingkir saking bebendu
Nging karya harjaning jalma
Mrabawa hayuning bumi
120. Ywa macangkrama piala
Sagung laku tinebih saking tapi
Sannya muhung tujèng luhur
Angudi kasaénan
Sabar sarèh kang lepat pinaring ampun
Tinuntun mring kaleresan
Raras sadarum kaèsthi
121. Lumaris pan sarwi mapan
Nora waton sumanggem dèn antepi
Cepet kalakyan binujung
Tilar waspadèng gata
Pikolèhé datan sanès raos getun
Luhung tinata sedyanta
Pinethik amigunani
122. Ngraosna sagunging rasa
Mung kéwala samadya angresepi
Rasanta aywa kaladuk
Yèn bungah ngélingana
Kasusahan pan asring dugi nyenyaru
Mangkono menawa béla
Émut gambiraning ati
123. Senenga mring samubarang
Waspadakna aywa sengsem kepati
Supaya tan nganti wuru
Nilarken kaprayitnan
Damel lupa mring kautaman sadyèku
Kapéncut nora rinasa
Kalépyan ugi tan risi
124. Déné kosok-wangsulira
Lamun sengit gethingnya dèn watesi
Tan ngigit-igit linangkung
Mrih tan niksa wardaya
Pan mangsané mbutuhken tan wirang sinu
Wolak-waliking gitaya
Binenci pan dèn kangeni
125. Olah pikir pan samadya
Tan pineksa lwih abot dèn momoti
Wèh saharsa kang satuhu
Sinèlèhna yèn awrat
mBaka sithik wijang-wijang dipun rampung
Angkaten ingkang kuwawa
Temah wèt gesang puniki
126. Andon gita kang pasaja
Nora medhar kandha datanpa werdi
Pinurih emating tembung
Piguna pinitaya
Pangastawa ingucapna ingkang cukup
Tan perlu linangkungana
Kanyatan ingkang dèn udi
127. Srengena ingkang marlupa
Datan nilar tata parama becik
Sinuprih kang laku kliru
Wangsul jatining marga
Aywa nyimpen panas-branan jroning kalbu
Tembung péling mung samadya
Kliwatan aneniwasi
128. Déné tindak apracura
Puruhita nuladha satriyadi
Samadya nora kaburu
Nanging tan ngénak-énak
Dèn jumbuhna kalawan apa kang perlu
Ngangsa datan anguntungna
Tan cukat tinilar kèri
129. Tingkah-lampah sakadarnya
Tinarbuka ngaksama ingkang sisip
Émut mring ringkihing manu
Amung titah walaka
Lamun supé waged lumaksita klèntu
Dyan lepat tan kanggep lumrah
Waskitha amawas dhiri
130. Watak pamèr sumimpanga
Nora mongkog mring éraming sesami
Kasugyan datan lestantun
Kabisan arsa muspra
Panguwasa namung sawatawis taun
Tan wènten ingkang abadya
Poma ywa umbag sayekti
131. Kumèrèn asoring rasa
Mélik unggul pinunjul king sadyèki
Lamun nyenyalad ing kayun
Kadya anelahana
Sambartaka sumirat senen kekuwung
Nanging sadaya tan makna
Sakedhap pan musna sami
132. Langkung prayogi samadya
Lenging prana tumindak mrih basuki
Lila legawa winantu
Lumingsir saking hawa
Lamlam nala lumuyut sagunging napsu
Lembita lampah utama
Linumat jroning pambudi
133. Poma pacah tinuruta
Pacalané kanthi meneping ati
Pranawa nulya maujud
Prayitna ing satitah
Paran-paran parama tyasih tinuju
Parma kang bakal kadarbya
Pacondhang pan dèn tebihi
134. Ruruhing rasa respatya
Rerangkèné raras rinasuk ririh
Rurah rusra pan riningkus
Riris rumesep ing rah
Rorotunggil rinakit dinadya ramu
Rerenggané rasararja
Rerem rumaket retnani
135. Kasengsem luhuring budya
Kang karantan tangèh lamun mumpuni
Karirangga pénginipun
Karuh mring kang kretarta
Kadayané dèn udi kang nganti putus
Katunan pan sumingkira
Kawarna pucung puniki
Tinggalkan komentar »
RASAJATI-1
Dikirim RASAJATI pada April 30, 2008 oleh alangalangkumitir
WEWARAHING KYAI RASAJATI
P U R W A K A
Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan.
Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara.
Mugi wonten pigunanipun.
Kaanggit ing Jakarta
Pungkasaning taun 1995
Rasajati
M I J I L
1. Mijil saking jro telenging kalbi
Rasajati ingong
Nilar rupeking buwana ramé
Miyak rudatin lebeting batin
Wineca king gaib
Ngudhar wangsityèku
2. Hangga aking nilingken Hyang Widi
Krasa lamun bodho
Jibeg bebeg ati kang mangkéné
Nanging paksa mèt kapti kang hening
Murih waged nampi
Lumunturing wahyu
3. Rasajati ngulir sagung budi
Datan kena mopo
Pan manungsa pinasti ing tembé
Lamun datan luwèh ing pamisik
Wedharing pangerti
Gumragèh ginayuh
4. Kayektèn ginelar Rasajati
Tan samar ing batos
Lumintir kadi tumètèsing wé
Paring wuruk mring kang ngorong nampi
Kadya kang jinarwi
Dhandhanggendhis nèku
DHANDHANGGULA
5. Kawignyané wong urip puniki
Yèn datan wruh sapuluh prakara
Nistha kuciwa dadiné
Dhihin karem ing ngèlmu
Kaping kalih bisa njinarwi
Ping tiga bisa maca
Mring lampahing kayun
Catur tanggap maring rasa
Panca laku kang aris lawan patitis
Sat sarèh lan samadya
6. Sapta tuhu uning mangénjali
Astha brata tarak durlaksana
Tebih saking lampah séjé
Dé kaping nawanipun
Olah suksma bekti mring Gusti
Asih maring sasama
Kamot jroning kalbu
Dasa pasrah myang sumarah
Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi
Patitis ing kamuksan
7. Mangkya kiyé babaring pamardi
Kang jinarwa nut gaduking nala
Ngèsthi ana pigunané
Karem ngèlmu puniku
Ibaraté sangsam kang salit
Ngupaya toya gesang
Datan kendhatipun
Dyan kudu minggaha arda
Tumuruna mring jurang paparang curi
Tetep dipun upaya
8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis
Datan kena pinisah-pisaha
Saking siji lan sijiné
Pratama nami ilmu
Kanthi jarwa sarwi pangerti
Mring sagung kasunyatan
Sempuluring umur
Minangka sanguning lana
Lelananing wong urip ing alam mangkin
Ywa nganti tan jinangka
9. Nadyan akèh wong mastani pingging
Kanthi ilmu èsem kang katartya
Nora gampang kabrangasé
Dé darbya sangu cukup
Kanggé olah lakuning dhiri
Isarating agesang
Datan badhé wurung
Pan ginayuh samangsanya
Dèn butuhken nora bakal nguciwani
Temah ayem ing driya
10. Boten namung kasunyatan èlmi
Nanging nenggih wruh jatining sila
Trapsilaning titah dhaté
Ngerti tataning laku
Lelakoné kang sarwi perti
Permati datan gampang
Kapéncut ing semu
Giri-godha mawa wisa
Wisunané wasana ambabar tuni
Keduwung nora guna
11. Yekti sanggya tumitah sadyèki
Pinaringan warah kang utama
Endi bener lan luputé
Ing salebeting kalbu
Temah bisa sinaring sami
Tan meleng mring kang ala
Miling myang kang luhur
Leluhuring bebudènnya
Dèn leluri temahan manggih basuki
Ngerti nering Hyang Suksma
12. Bebener kang sirik tindak juti
Hyang Ma Agung wus amaringana
Ya ing lathinira kiyé
Tan cukup mung ingemut
Nanging swawi dèn udanèni
Supaya tinuturna
Mring kang tindak luput
Ywa ajrih sung pariwara
Wiwarané bebener wiwit ing nguni
Nulad maring Hyang Suksma
13. Kawruh mungguh bab bebener ugi
Rinaketken jroning angganira
Supaya glis kalairé
Mung muni nora cukup
Lamun datan bisa nglampahi
Ywa kongsi kadya ditya
Tan wruh rasa saru
Surasané sarak rasa
Datan nganggo rinasa-rasa kaèsthi
Pan dadi kadhodhoran
14. Pan lakunira sadarum iki
Hyang Suksma mesthi datan kèweran
Ana ing ngendi jluntrungé
Kang iku sembah kalbu
Nenalesi kèhing semèdi
Wutuhing pancadriya
Geleng gilig sèstu
Mung meleng lenging Hanindha
Sagung karya pinisungsung mring Hyang Widi
Mrih mulyaning asmaNya
15. Kapindhoné kang winastan ngèlmi
Iku nyakep trap ing lakunira
Tan mandheg ing pangertosé
Kanthi ilmu karuhun
Jalma kudu bisa métani
Endi laku kang nistha
Miwah kang tan patut
Siningkirana sadaya
Kang piniji prakara kang bener kaki
Trep traping rèh sampurna
16. Lamun sira, wruh jatining hagni
Awewatak panas lir baskara
Iya mangkono wujudé
Yèn dèn gunakken cukup
Kagunané pan munpangati
Lamun kaladuk ndadra
Mrabawani layu
Ya mangkono ilmunira
Ingecakna jumbuh klawan butuhrèki
Empan papan samadya
17. Ngèlmu bener pepindhané rukmi
Yèn binesot ngungkuli salaka
Saya katon prabawané
Déné cak-cakanipun
Sineksènan sagung sujalmi
Dadi tepa tuladha
Ing salampahipun
Dyan tan golèk pangastawa
Prastawané sumunar-sunar madhangi
Tumus harjaning janma
18. Ilmu uga nyakup kang puniki
Uninga sangkan-paraning jalma
Tan liya mung Pangérané
Kang iku mung mituhu
Sembah raga suksma myang ati
Kanthi srah lan sumarah
Sembah sujudipun
Datan nyingkur pangwasa-Nya
Kanthi setya ngabekti kang Maha Suci
Kang ngruwat dosanira
19. Pan tumanduk winedhar sadyèki
Tresna-asih gung sapadha-padha
Tan mbédakaken jejeré
Dyan janma sudra pilu
Ingaosan jatining dhiri
Ywa tiningalan ina
Kawontenanipun
Awit ing ngarsèng Hyang Murba
Sagung titah kalenggahanira sami
Minangka citraning Hyang
20. Lamun sira nggatosken kang alit
Akekucah tetulung myang welas
Teges bekti mring Gustiné
Wit Pangéran Ma Agung
Ngéjawantah manuswa tuni
Marepegi andika
nDadar bektinipun
Ingkang lulus tresnanira
Pinaringan wewengan kaswargan jati
Pan uripé tan siya
21. Ngèlmu sangkan paraning dumadi
Cihnanira wruhanta kang tata
Nembah budi lan batiné
Tan tambuh kang tinuju
Amung Gusti Kang Murbèng Bumi
Ilang sumlanging rasa
Wus lebur satuhu
Pepesthèné wus katata
Pecat raga bali mring Kang Maha Suci
Tan kena sumelanga
22. Ya mangkono udharing kang ngèlmi
Dadya dilah pepadhanging rasa
Rasanta nggayuh banjuré
Sang Rasajati muwus
Mbabar nalar kanggo njarwani
Ngèlmu ingkang jinarwa
Iku tegesipun
Nora mung manjing pribadya
Nanging uga tinular tumrap sasami
Kinanthi kautaman
K I N A N T H I
23. Ngèlmi jinarwi puniku
Sasarengan olah kardi
Pakaryaning bangsa makna
Maknané dipun udhari
Tinandur thukul ngrembaka
Tundhoné dadya basuki
24. Piguna padhanirèku
Lamun dèn tuturna kaki
Winulangken gung sujalma
Panjalmaning Suksma Jati
Kang tinitah dadya duta
Dinuta lampah tetèki
25. Wedharing ngèlmu satuhu
Sinartan meneping ati
Tinutur kanthi tuladha
Waskitha wisiking gaib
Dadi paran pitakonan
Wèh resep mring sapadhèki
26. Nadyan tan rumangsa unggul
Ngungkuli kèhing sesami
Nanging marga olah rasa
Rasajati wèh pawerti
Rasanta antuk nugraha
Nugrahanirèng Hyang Widi
27. Mbabar pangerti puniku
Tan kanthi durgamèng dhiri
Mung mirid wisiking suksma
Suksmané menep ing sepi
Tan nyahak mring kang Ma Kwasa
Nilingken karsaning Widi
28. Nora namung manut umur
Nanging meneping tyasrèki
Nebihi hardaning hawa
Tundhoné waskithèng gati
Pinareng sihing Bathara
Mulat kang sinengker sami
29. Nanging lamun tansah ngugung
Pepénginan daging kaki
Tyas tinutup ing ruhara
Tan wruh pituduh sayekti
Apa manèh mbabar jarwa
Mokal kalamun kuwawi
30. Rasajati legeg lamun
Ciptané pan dèn udhari
Yekti tebih wangenira
Mbabar sengkeraning Widi
Rumasa yèn tan gaduka
Prandéné mosik ing ati
31. Wisiking Hyang marang ulun
Tan padha ciptanirèki
Klawan ciptaning-Sun iya
Lir bumi kalawan langit
Kadya kulon klawan wétan
Mokal kalamun pinanggih
32. Nanging Rasajati luhung
Sira tumungkul ing bumi
Ywa alit ing manahira
Mara Sun paring pangerti
Wacanen Kitab Waluya
Bakal ntuk ngèlmu jinarwi
33. Mula dhuh sasaminingsun
Jarwané ngèlmu sayekti
Mung pinanggya anèng sabda
Sabdané Kang Maha Suci
Pan iku tinlatènana
Supayantuk werdi jati
34. Lumintir lir tèsing ranu
Lumintu tan kendhat yekti
Madya lelananing rasa
Rumesep asepé nuli
Gya winedhar jroning nala
Dadya wruh dununging kikis
35. Aywa kendhat dipun luru
Nenuwun ing siyang-ratri
Pinaringan kasagedan
nJinarwa karsèng Hyang Widi
Dyan sapangu gesangira
Piguna harjaning jalmi
36. Rasajati gya tumungkul
Rumangsa mlarating budi
Krenteg nggenturken tapanya
Dyan émut ringkihing dhiri
Pangajab mbirat papanya
Nggambuh nugrahaning Widi
G A M B U H
37. Maca lampahing kayun
Aywa namung kayungyun ing tembung
Tembung manis tan mesthi tumusing ati
Tanggap sasmitaning semu
Pan ngerti sajroning batos
38. Tan samar ing sasamun
Nadyanta tan kalair ing wuwus
Wasis mawas sabarang kahanan jati
Waskithèng wataking diyu
Sumirih miwah waspaos
39. Yèn kalépyan ing kalbu
Datan awas waspadèng pandulu
Bisa klèru kalimput ing alam lungit
Lelakoné dadi buntu
Katilar larasing raos
40. Ing madyaning sasrawung
Kudu tanggap ilapating semu
Pasemoné prakara ingkang siningid
Dyan tan makna ing pandulu
Dineleng telenging batos
41. Wong kang tumindak luput
Sesiliban sisipé linimput
Nanging baya tan bangkit ngumpetken wadi
Jro panon poladanipun
Tan wurung mesthi kawaos
42. Mangkono laku apus
Nora makna lamun adu burus
Barang barès ginawé angèl kepati
Datanpa meneping kalbu
Mokal lamun bisa maos
43. Manah meneng satuhu
Eneng-ening kadidéné wiku
Pranyanané landhep tanggap lampah lamis
Lamun dèn anggepa cubluk
Dèn blithuk tetep rekaos
44. Ywa peteng ing pandulu
Mawas réka rerékaning satru
Satrunira tan liya laksana juti
Tilar kawignyan pan lampus
Winastan uripé kawon
45. Tumindak datan amung
Ngegungaken apa kang kabujung
Wusanané nglirwakken kayektèn jati
Tan maca kahananipun
Begja-begjané ketanggor
46. Wewéka aywa samun
Tinalesan driya ingkang yutun
Dhéngah lampah tinimbang-timbang sayekti
Maca kahanan dèn gupuh
Jumangkah pan sarwi maton
47. Grusa-grusu puniku
Paribasan nyaketken bebendu
Bebenduné badan-suksma datan kèri
Mrana-mréné sarwa klèru
Kléléran saenggon-enggon
48. Limpad maca satuhu
Tan winates kang bisa dinulu
Kasasaban samubarang sarwa sisip
Tundhoné tan wruh ing gati
Kang pinaringken Hyang Manon
49. Sagung hawa tinutup
Namung suksma ening ciptanipun
Mahas neges mangekes maring Hyang Widi
Supayantuk rèh kang puput
Pinaringan weruh ingong
50. Yèn wus dugi neripun
Tumaratas rèh sepi asamun
Suksma kéntar buntas tatas tanpa tepi
Ngriku wisiking Pukulun
Winedhar sajroning raos
51. Datan rumaos apun
Amangerti sanggya karsanipun
Mung sadrema sapira ingkang piniji
Ingkang badhé dados wujud
Sinélakana rekaos
52. Lamun pesthinirèku
Sagung jalmi mung kudu mituhu
Anampèni kalawan tulusing ati
Luhung ngaturna panuwun
Dé paring wedhar wigatos
53. Begjané wong kang ngluru
Nratas sepi nora karem turu
Kanthi resik uripé dipun prasudi
Saka karsané Pukulun
Pan kepareng bisa maos
54. Poma ingkang tuwajuh
Karsaning Hyang kupiya ginayuh
Nanging éling ywa nganti marlupèng dhiri
Yèn keblasuk dadi umuk
Tan wurung dadi geguyon
55. Milaur kanthi tekun
Anggegulang ngrèh lampahing kayun
Jinumbuhna kalawan karsaning Gusti
Nora mbadal dhawuhipun
Manah ngenut kang sayektos
56. Aja nganti keladuk
Ngangah-angah nggapé kang tan gaduk
Néka-néka ngreréka wangsitirèki
Ketapang angrangsang gunung
Ngantya kiamat tan jégos
57. Luhung manah tumungkul
Srah sumarah pepesthèn kang thukul
Pepindhané trawaca nrawang wiyati
Abyoring lintang kadulu
Wijanging nalar tan éwoh
58. Nyegah tutur kalantur
Lantip nggraita kahanan kuwur
Idhep-idhep sembur adas saupami
Kaèsthi pigunanipun
Kasmaran uger kang maton
SASTRA JENDRA (SERAT KALIMOSODO)
ISLAM
Satemene Rukun Iman iku wis ono sajerone Rukun Islam, dadi satemene kang kudu di Imani iku Rukun Islam netepi anane Rukun. Iman, iman marang Alloh, Kitab-e, Rosul-e, Malaikat-e, Dino Wekasan (Kiamat), Qodlo lan Qodar ( Takdir lan Nasib ), kudu biso kawedar ono sajerone lakune Urip anggone .mapakake anane Syahadat-e, Sholat-e, Poso-ne, Zakat-e lan Haji-ne, dadi Rukun Iman iku dadi dasar anane Rukun Islam.
1. Iman marang Alloh swt.
Iman marang anane Alloh ora amung sadermo nurut anane tembung jare, kudu biso ngudi dewe dununge Alloh, soko anane Syahadate, yen ngucap anane saksi kudu ngerti ope kang dadi wajib dedege manungso kang diangkat dadi Saksi, weruh dewe ope kang disakseni.
2. Iman marang Kitab-kitab Alloh.
Iman marang Kitab, ora sadermo biso moco lan ngerti terjemahane , kudu biso mawas kang tersurat utowo kang tersirat lan biso mapakake ono Uripe sarto , ngerteni opo kang dimaksud Pangeran nganti ngudunake / jarwakake tuntunan mau, koyo anane blegere Manungso Urip ono Jagad Royo iki, sabab opo kang dadi isine Kitab Al Qur’an Nul Karim mau yo anane isine Jagad Royo iki, sarine dadi Surat Al Fatikah yo anane wujud Manungso sarine Jagad Royo, dadi yen ngaku dedegi Umat Islam tuntunan soko Kanjeng Nabi Muhammad saw, yo kudu gelem ngakoni anane umat liyane kang isih netepi Urip sake anane laku Kitab kang luwih awal, koyo to yen isih ono Umat kang laku uripe netepi Tatanan Slamet sadurunge Kanjeng Nabi Daud as, utowo umate Kanjeng Nabi Daud as, mowo Kitab Jabur, umate Kanjeng Nabi Musa as, mowo Kitab Taurot, umate Kanjeng Nabi Isa as, mowo Kitab Injil, kabeh umat ing ngarsane Pangeran nyuwun anane ke-Slametan-e Urip yo anane Islam, Koyo anane umate Kanjeng Nabi Muhammad saw, Kang ke- Islam-anne wus kasampurnakake dene Pangeran, dadi kang kasebut Islam mau anane Umat anggone madep marang Pangerane nyuwun keslametan Uripe, biso kaperang netepi anane Ibadah, Sembahyang tan Sholat katerangake koyo ing ngisor iki :
a. Ibadah, anane Umat madep marang Pangeran sako anane Perilaku kang katindakake saben dinane, koyo wektu Umate Kanjeng Nabi Adam as, nganti satekane Umaate Kanjeng Nabi Daud as, koyo ucape para sesepuh biyen ” Ojo mlaku saliyane tindak kang becik ” , yoiku anane Ibadah.
b. Sembahyang, anane Umat madep marang Pangeran soko anane Perilaku lan Ucapan (omongan) kang katindakake saben dinane, koyo wektu Umate Kanjeng Nabi Daud as, nganti satekane Umate Kanjeng Nabi Muhammad saw, koyo ucape sesepuh biyen ” Ojo among - ngucap saliyane tembung kang apik ” , yo iku anane sembanyang.
c. Sholat, anane Umat madep marang Pangeran soko anane Perilaku, Ucapan lan Angen-angen kang katindakake saben dinane nyuwun anane keslametan Dunyo Akhirate, koyo ucape sesepuh biyen ” Ojo duwe angen - angen saliyane angen¬-angen kang becik ” , yoiku anane Sholat.
Dadi anane Umat madep marang Pangeran netepi Agomone kabagi anane soko tindak laku saben dinane ono 3 (telu) perkoro koyo ing ngisor iki :
1. Ibadah, yo Tingkahlaku dadi dasar Sembahyang ;
2. Sembahyang, yo anane Ucapan (omongan) dadi dasar Sholat;
3. Sholat, yo anane Angen-angen, jejege sake anane Sembahyang lan Ibadah.
Iman marang Kitabe Pangeran iku ono:
a. Kitab kang tinulis yo anane Kitab Garing, koyo to Kitab Jabur, Kitab Taurot, Kitab Injil, Kitab AI Qur’an Nul Karim lan sapanunggalane.
b. Kitab kang tersirat yo anane Kitab Teles, wujud sake maknane Badan saujud kite.
3. Iman marang Rosul.
Iman marang Rosul ing kono koyo iman marang Kitab :
a. Kang Garing, yo anane Kitab-kitab kang tinulis netepi ope anane lumrahe Urip, koyo kang wis kacaritakake ono sajerone Kitabe.
b. Kang Teles, ngerti anane Rosul iku sajatine Roso, sake anane Roso Rasane Urip Pangeran kang katitipake ,marang Umate, kanggo ngudi Jati Diri yo anane dedeg piadege Manungso manunggal marang Roso Urip, yo anane Roso soko Pangeran lan Umate, mengko ono beberane dewe.
4. Iman marang Malaikat.
Iman marang Malaikat, satemene kudu mangerteni yen Urip ing Jagad Royo iki ora dewe, ning akeh kang podo melu urip koyo bangsane lelembut kang pancen nyoto ono, bebarengan anane Pangeran anggone mujudake manungso, kanggo nguji imane manungso dewe-dewe, yen nganti kaliru bakal melu ono uripe lelembut mau, urip ono sajerone Alam Penasaran.
5. Iman marang Jaman Akhir.
Iman marang Dino Akhir yo Dino Pesti, yo anane Dino Wekasan, nyoto yen Manungso iku Urip ono Jagad Royo iki amung sadermo mampir ngombe disilihi Sandangan / Pangganggo, kudu ngerti ope kang dadi Wajibe Urip, Sunahe Urip, Makruhe Urip lan Larangan/Pantangan kanggo njejegi anane Urip kang Sampurno, iki wus ono sajerone Rukun Islam.
6. Iman marang Qodlo laD Qodar
Iman marang Qodlo lan Qodar, kudu mangerteni yen Uripe Manungso iku katulisake ono sajerone Kitab kang nyoto, Qodlo iku katulis ono sajerone Takdir Urip yo anane Tuntunane Urip ono Jagad Royo, sapo kang biso netepi anane Takdir Uripe bakal nemu Mulyo Dunyo - Akhirate, Qodar iku katulis ono sajerone Nasib Urip, jarwane opo kang dialami ono sajerone Uripe, iku wujud soko tindak - laku kang katindakake wus adoh soko anane Tuntunane Urip kang samestine, nyatane yen arep ono opo-opo Pangeran mesti maringi tondo luwih disik, dadi sing Eling biso netepi Takdire, yen Lali yo ono sajerone Nasibe.
Maknane Syahadat, yen karasakake ono sajerone netepi Wajibe Urip kang kudu dilakoni krona Alloh, ono sajerone urip ing Alam Dunyo, yen biso kabeberake iku kiro¬kiro koyo ing ngisor iki :
a. Urip iku umpamane 100% (satus persen) kuwajiban soko Alloh;
b. Syahadat amung ono 95% soko Urip;
c. Sholat amung ono 5% ( limang persen ) soko Urip;
d. Poso amung ono seperapate soko Sholat;
e. Zakat amung ono sapertelone poso;
f. Haji amung ono separohne Zakat.
Ing ngisor iki ono pituture leluhur menowo dedeg wajibe lan larangan kang dumunung ono Rukun Islam kang kudu di Imani kacaritakake koyo ing ngisor iki :
a. Syahadat : Anane Mahayu Hayuning Bawono cilike Keluarga, larangane Madon ;
b. Sholat : Anetepi angen angen kang becik,’ ndedegi Pamikiran kang Agung netepi anane Sastro Jendro Hayuningrat kanggo ngudi laku kang becik, larangane Madat ;
c. Poso : Kuoso nota Rasane Urip, maknane ngerti manowo Urip amung sadermo nglakoni, yen wistiti wancine ora nggowo opo-opo, kabeh anane soko panyuwunan kanggo nyukupi kebutuhan keluargane kang wujud soko ngunggulake Drajat Urip keluargane, larangane Mabuk ;
d. Zakat : Madep mantep marang kuasane Gusti anggone njogo Kanugrahaan lan Rakhmat Pangeran marang barang Pribadi, anane ngluhurake Asmo larangane Main;
e. Haji : Tegen anggone mapakake Roso yo anane kumpule Urip Roso Pribadi marang Kuasane Urip Pangerane, kuoso njogo arum gandane asmo ono sajerone Urip, larangane Maling.
Yen gelem ngudi kaluhurane Urip ing Alam Dunyo tumekane Alam Akhir koyo unine ayat ”Robbanaa aatinaa fid dunyaa hasanataw wafil aakhiroti hasanataw wa qinaa adzaaban naar” , kanti sabenere Manungso kudu mangerteni, lan mapakake opo sabenere Kalimat Syahadat iku, yen ora kaliru koyo kagambarake ing ngisor iki :
” Laa ilaaha illallahu Muhammadur Rasuulullah” ketemu anane :
1. HU mujudake anane Nur Illahi ;
2. Nur Illahi mujudake anane: a. Nur Muhammad,
b. Asma Alloh ono 99 Asmo lan Sifat Alloh ono 20 Sifat;
3. Nur Muhammad, Asmo lan Sifat Alloh mujudake anane Alam Dunyo saisine, yo anane Kitab AI Qur’an Nul Karim bebere wujud dadi Jagad Royo, sarine Kitab Al Qur’an Nul Karim bebere wujud anane Surat Al Fatikah, Surat Al Fatikah wujude makna dadi Badan Jasmani kito yo anane Jagad Dumadi, kang samestine isine Jagad Royo iku podo lan memper karo isine Jagad Dumadi yo anane Badan Jasad yo Badan Jasmani kito.
Ing kono Manungso bakal nemahi anane Urip lan Pati, mangerteni sejatine sopo kang Urip lan sopo kang Mati, biso kaematake koyo fig ngisor iki :
U r i p :
a. Arahe nunggal nyawiji, anane Tauhit, wujude urip Ikhlas - Sabar, koyo anane napas kito, gegambarane nafas wektu ono sajabane irung iku anane HU, yen wis ono sajerone irung nganti tekan gulu iku anane Allah, bareng ono sajerone dodo lan sateruse iku anane Urip kito soko Kanugrahane Pangeran yo biso kasebut wenange Pangeran wus kanugrahake dadi wenange Umat;
b. Sampurnane margo soko ngabekti marang Kaluargane, ngerteni yen Manungso ora biso wujud tanpo anane Bopo-Biyung kang kasebut Pangeran Katon, wujude toto - tentrem kasembadan kabutuhane.
c. Mulyane margo wus ketekan kekarepane, wujude biso nunggal marang Jatine Urip soko netepi Pangangen - angene nunggal marang panyuwunan ketemu keluhurane yo mapan ono sajerone Baitullah.
PAKUBUMI TANAH JOWO.
Ono sawijine tetenger soko Pinisepuh kang ono Gunung Tidar, wujud Tenger Pal pratelon mowo Sandi aksoro Jowo So kang kapendem saduwure Puncak kasebut Paku Bumi Tanah Jowo, mowo aran Nyi Ratu Roro Mangli, aksoro Jowo So mau ono 3 (te1u). aksara, yen ora keliru mowo maksud koyo ing ngisor iki :
a. Kang sapisan aksoro SO-l mowo maksud Sastro, kang wujud ono sajerone bebere Ponang Jabang Bayi kang isih ono sajerone kandutan si Biyung iku anane Sastro, yo kasebut Garis Panguripane si Jabang Bayi, anane Sastro sajabane Garis Takdir lan Nasib.
b. Kang kapindo aksoro SO-2 mowo maksud Sugih, kang mujudake anane dedege Ratu Rumah Tangga yo Ibu Rumah Tangga unine Sugih, Sugih iku titi wancine Panyuwunane si Biyung wektu ndedege isi kang kasebut Purborangrang kanggo Anak Bojo lan Putune, biso nyukupi kabutuhane kaluargane.
c. Kang kaping telu aksoro SO-3 mowo maksud Sandi, kang wujud ono sajerone lambe barange wong wadon, anarik rasane si kakung (lanang) kasebut Sandi yo anane Wadi, asline wujud sake buah Quldi, awal anane Roso kang biso mujudake anunggale Rasane Pangeran. Sandi yo Wadi iku Rasane Pangeran kang dumunung ono Manungso, kudu biso nunggal misah Roso Rasane Manungso kalawan Roso kang kasinungan Rasane Pangeran yo anane Roso Rasane urip Manungso Sejati, njejegi anane Kawulo marang Gustine.
Tetengeran mau kasebut aran Nyi Ratu Mangli, aran mau anane tembung sanepan kang mowo maksud kurang luwih Ojo Pangling utowo Lali, manowo Urip sajatine wis ono kang nota lan ngersakake, Manungso among sadermo anglakoni.
Sake tatanan mau kite bakal mangerteni awal anane Pangeran anggone mujudake Manungso, netepi :
A. Tatanan aksoro SO-1. koyo ing ngisor iki :
1. Wektu Wiji sake Bopo lan Biyung ketemu ing keno Pangeran ngudunake Wahyu Nungkat Gaib, yo anane Wiji Kang Samar, kang wujud sake Roso Rasane Pangeran, wujude Wahyu Gaib mujudakake anane ROSO KANG AWAL sake anane Manungso;
2. Wiji mau banjur wujud setetes Getih yo anane Rah, ing keno Pangeran ngudunake ROH, yen satemene yo ing wektu iku Pangeran nyiptakake anane Bongso JIN, setetes Getih mau banjur wujud dadi segumpal Getih, ing wektu iku anane Alame SETAN - IBLIS ;
3. Soko segumpal Getih banjur wujud dadi Segumpal Daging, ing kono Pangeran ngudunake NYOWO bebarengan mapakake anane Wahyu Doyo Gaib, kang satemene Pangeran nyiptakake anane Bongso MALAIKAT ;
4. Sabanjure segumpal Daging wujud gegambaran Bayi soko anane Pangeran mujudakake “Sungging Purbangkoro” kang satemene soko anane Neptu Gaib mujudake anane SASTRO, yen ing Kuno biso kasebut ” Sastro Jendro Hayuningrat; Mahayu Hayu ning Bawono ” , yo anane Dino Pesti ;
5. Gegambaran Bayi banjur wujud anane Bayi kang sampurno, ing kono Pangeran mapakake anane ATMO yo anane Alame ASMO, Asmo kang wujud soko anane LELUHURE ;
6. Bayi lahir Sampurno, ing kono soko anane Wahyu Panguasane Gaib, yo mudune Kanugrahaane Pangeran kang wujud Sukmo, yo anane Uripe si Bayi, bayi banjur ngekarake derijine nuduhake yen Wahyu Neptu Gaib wus nunggal nyawiji, ing kono asline Pangeran ngudunake Wahyu Nungkat Gaib wus nunggal wujud ono sajerone badan saujude si jabang bayi, satemene Wahyu Nungkat Gaib mau wujud soko anane Nur Muhammad, kang bakal wujud dadi Nurcahyo yo Drajat Urip si Bayi.
Yen nurut gegambaran soko Surat Al Fatikah :
1. Ayat 1, ayat 2 lan ayat 3 ing kono anane Sukmo-yo Urip nguripi Umate ; soko Pujine Jagad
Royo marang Pangeran kerso ngudunake Umate ing Alam Dunyo, krona Welas - Asih kanggo netepi Kratonan Jagad Royo, Manungso Kawenangake dadi kalifah ing Alam Dunyo, manowo sampurno Syahadate, bab iki kang wenang amung Pangeran.
2. Ayat 4 fig kono satemene anane Jiwo, soko wujud nunggal nyawiji anane :
a. Atmo yo alame Asmo netepi leluhure wektu Urip.
b. Nyowo yo alame Tetanduran mujudake Rojo Kayon mapane Bebalungan.
c. Roh yo alame Kekewanan, mapan ono Rah - Getih, banjur sumrambah ono Badan Jasmani saujud mowo tandane Urip.
Nuduhake manowo soko Kersane Pangeran Manungso iku wewujudan soko nunggale :
a. Rah yo alame Kekewanan dadi Rajane Kekewanan.
b. Roh yo alame Jin-setan dadi Rajane Jin - Setan.
c. Nyowo alame Tetanduran dadi Rajane Rojo Kayon yo anane alame Malaikat.
d. Atmo yo alarne LeIuhur, wenang nyarnpumake; patine LeIuhure. Bab iki anane wenange Pangeran kawenangake dadi wenange Umate.
3. Ayat 5, ayat 6, ayat 7 ing kono anane Roso kang awal yo Roso Rasane Pangeran, kanggo mujudake Roso Rasane Manungso, yen antuk Makrifate Al Fatikah bakal mujudake anane Roso Rasane Urip Manungso Sejati, margo soko UIah-Laku Umat anggone netepi Urip ono ing Alam Dunyo, lan biso mangerteni anane ke Dholiman ora nunggal marang Uripe, dadi wenange Umat, kang satemene bebering Roso iku biso kapilah ono:
a. Roso kang awal yo Roso Rasane Pangeran, kang nuntun sawemane Roso.
b. Roso kang soko anane Alarn yo anane Roso Sejati - Sejatine Roso.
c. Roso kang soko anane Poncodriyo, yo anane Roso soko babahan Howo Songo .
d. Roso Kang soko anane Sifat Aluarnah, Mutmainah, Amarah, Supiyah.
e. Roso soko Alam, Poncodriyo Ian Sifat yen kakumpulake banjur biso wujud dadi Roso Rumongso.
f. Kabeh Roso mau yen biso katunggalake nyawiji banjur wujud dadi Roso Rasane Urip Manungso Sejati.
B. Tatanan Aksoro SO-2 koyo ing ngisor iki :
Kang dimaksud Sugih, ing kene netepi anane Uripe Manungso kang wis biso mapakake Janjine Pangeran yo anane Urip Jejodohan, Sarnpumo mapakake Rasane Urip yo mekare ( makrifat ) Syahadate, bakal nemahi Kamulyane Urip yo anane soko bekti marang Wongtuwo sakloron, Morotuwo sakloron wujud dadi anane Pepuden ing lumrahe kasebut Punden Kang samestine ing wektu iku anane Pangeran mujudake dedeg piadege Wahyu Purbojati, Wahyu Purborangrang, Wahyu Purbosari.
a. Wahyu Purbojati anane wektu si kakung mujudake dedeg piadeg dadi Kepala KeIuarga.
b. Wahyu Purborangrang anane wektu si isteri mujudake dedeg piadeg dadi Ratu Rumah Tangga.
c. Wahyu Purbosari wujud soko panyuwunan si Kakung lan isteri marang Pangerane mujudake anane anak lan dunyo brono, kang satemene ono mudune Wahyu Jodoh, Wahyu Drajat, Wahyu Rejeki kang kasebut anane Wahyu Dorodasih.
C. Tatanan aksoro SO-3 koyo ing ngisor iki :
Kang dimaksud Sandi utowo Wadi iku satemene dedeg piadege ROSO netepi ono Rasane Pangeran, anane Wiji Kang Samar yo Wahyu Nungkat Gaib, mapane ono sajerone Lambe Barange Wong Wadon krona anane buah Quldi, awal anane kedholirnan, kamongko sapo bae yen netepi Among Nunggal Roso ( Senggomo ) yen ora kaawali sake anane Syahadat ing keno iku kalebu laku DHOLIM, kadadeyane bakal anane rusake Jagad Royo, yen kabeh podo ora ngerti maknane Syahadat (isine Jodoh) ono Uripe bakal anane Kiamat.
Satemene Sandi lan Wadi mau ono soko Lakune Pangeran, kang Nglakoni Umate, ning ora kabeh laku Among Nunggal Roso kedunungan Sandi lan Wadi, yen kajarwakake mowo maksud Among Nunggal Roso iku satemene laku ono sajerone Sifat Dholim kang samar.
I. DINO LAN PASARAN
Iki tatanan kang nuduhake arahe Urip kang kawoco sake anane Dino lan Pasaran, kang kawoco soko anane tatanan Neptu Go’ib ono ing Dino :
1 Jum’at Wage = Jowo,
2 Ahad Lagi = Allah,
3 Seloso Pen = Sapo, koyo kasebut ing ngisor iki:
I. Jum’at Wage
= Jumat
: huruf awal Jo =- neptune = 6
Neptu = 10 = Wage : hurul awal Wo - neptune = 4
Yen huruf awal kajumbuhake muni Jowo, kang mowo maksud hakekate Urip, yo maknane Urip, dadi kang dimaksud Jowo iku yo manungso kang ngerteni Sejatine Urip ing Alam Dunyo, ngerti anane Islam yo Slamete Urip ono ing Alam Dunyo yen ora kaliru ngerti bebere Kitab Layang Kalimosodo yo anane Syahadat kang turun ono Tanah Jowo dadi tuntunan anane serat Sastro Jendro Hayuningrat, Mahayu Hayuning Bawono, yo tuntunan Urip marang Perilaku kang nuduhake anane Hak lan Wajibe Urip, dadi kang kamaksud Jowo ing kene dudu Pawongan Kang lahir ono ing tanah Jowo utowo Suku Jowo.
Jumat Wage, Ahad Legi, Seloso Pen kabeh Neptune yen kagunggung ono neptu 10 anuduhake anane kabeh kang wis Kaciptakake dene Pangeran ing Alam Dunyo iki yen kagunggung nurut kasatuanne yo among ono 10 macem koyo kasebut ing ngisor iki :
1. Lemah / tanah 6. Tetanduran
2. Banyu 7. Kekewanan
3. Geni 8. Jin, Setan, Iblis, lelembut
4. Angin 9. Malaikat
5. Watu/Bebatuan ( Wesi, emas, 10. Pawongan (Wong, Tiyang, Manungso)
Yen Jum’at neptu 6 ing kono anane soko rukun Iman, yo biso kasebut soko anane wadah, dadi Dino iku mujudake wadah, lan yen Wage neptu 4 ing kono anane sedulur 4, yo anane isi, dadi Pasaran mujudake isi. Kaumpakake Wadah iku Jasad, isi iku Rogo, ing kono iku ketemu :
- Wadah = Jasad anane Badan Kasar - Jagad Royo - Kitab AI Qur’an
- Isi = Rogo anane Badan Alus - Jagad Dumadi - AI Fatikah.
Manowo kawoco soko gebyar lan gumelare Jagad salumrahe, ing kono ketemu anane dedeg piadege Wahyune Kaluarga kang dadi isine wujud Wahyu Purbo Jati, Wahyu Purbo Rangrang mujudake anane Wahyu Purbo Sari, kang nyoto wujud soko isine Neptu 6 ono ing Dino Jum’at wujud dadi :
1. Kemanten sakloron = 2
2. Wongtuo sakloron = 2
3. Morotuo sakloron = 2, yen kagunggung kabeh ono 6.
yen ing Pasaran Wage wujud soko anane
1. Sandang - pangan.
2. Papan - Pomahan.
3. Anak, Dunyobrono.
4. Luhure Kaluarga, yo isine Keluarga Sakinah “ma Warda wa Rohma yo anane Drajat Dunyo – Akhirat.
Yo ing isine dino Jum’at Wage iki awal bebere Kalimah Syahadat awal dedeg ¬adage Islam ono sajroning Ati - Nurani Manlingso.
Yen Jum’at neptu 6 ing kono anane rukun Iman, lan yen Wage neptu 4 ing kono ugo biso kagambarake cagak 4 utowo awal anane anasir 4 perkoro yo anane Bumi, Banyu, Geni lan Angin, anane Manungso manembah marang Pangerane soko Percoyo - Yakin - Iman marang Rukun Iman :
1. Allah, ono anane, kabeh wujud soko Kekarepan - Kehendak kang Nyoto Tulisane.
2. Kitab, a. ganng : a. Kitab Jabur - Nabi Daud as.
b. Kitab Taurot - Nabi Musa as.
c. Kitab Injil - Nabi Isa as.
d. Kitab Alqur’an - Nabi Muhammad saw.
b. teles : a. Garis Takdir, katulis among sepisan ora kaambalan maneh.
b. Garis Nasib katuIis soko Tindak Laku, Pakaryan lan obah - musike Kekarepan Urip Manungso.
3. Nabi Lan Rasul
4. MaIaikat, Jin - setan
5. Kiamat, Hari Akhir
6. Qodlo - Qadar, anane Takdir -Nasib wujude hukum Sebab - Akibat.
Cagak 4 wujud soko Anasir awaI, yoiku Lemah/Tanah, Banyu, Geni lan Angin kang nuwuhake anane :
a. LemahjTanah netepi Sifat Aluamah, anane Sabar - Narimo, wujud uripe soko kagowo Serakah
b. Banyu netepi Sifat Mutmainah, anane Adil, timbang Pamikirane, wujud uripe soko kagowo Iri – Drengki.
c. Geni netepi Sifat Amarah, anane Perkoso, anduweni Doyo - kekuatan, wujud uripe soko kagowo Murko – Nesu.
d. Angin netepi Sifat Supiyah, anane Adek Pribadi - Mandiri, wujud uripe soko kagowo Sombong – Angkuh.
Kaumpamakake Iman iku Kusir, Cagak 4 (papat) iku Jaran 4 (papat), kang playune nurut kekarepane dewe-dewe, sing kelir ireng playune ngalor tok, sing kelir putih playune ngetan tok, sing kelir abang playune ngidul tok, sing kelir kuning playune ngulon tok, Bendi-ne wujud soko anane Badan, Playune wujud soko Ragane tujuane netepi anane kekarepan.
Dino Jum’at dadi dino kekeran poro Nabi - WaIi, nyoto soko anane Sholat sunat Jum’at, ing kono margo soko Kanugrahane Pangeran Kang Moho Agung, kanggo Umate supoyo gelem Eling marang anane Tatanan Urip Bebrayan ing Alam Dunyo.
II. Ahad Legi : Ahad : huruf awal A - Neptune = 5
Neptu 10 : Legi : huruf awal LA - Neptune = 5
Yen huruf awal kajumbuhake muni Allah yo anane Pangeran, manungso wajib ngawruhi sopo sejatine Pangerane, ing dino Ahad Legi iki anane awal mbukak kawruh kang wis kasebut ono sajrone wawasan Ahad Legi.
Ahad neptu 5 gegambaran soko sedulur Papat ke Limo Pancer, wujud nunggal dadi Badan Kasar, kasebut njobo.
Legi Neptu 5, ono anane njero yo Badan Alus wujud soko anane :
1. Roso : soko Sifat Aluamah, Mutmainah, Arnarah, Supiyah, lsp.
2. Roh : soko manunggale Uripe Kekewanan.
3. Nyowo : soko manunggale Uripe Kekayonan yo Tetanduran.
4. Atmo : soko Gondo Arum Asmane ( sampurnane Budi - Luhur / Ahlak yang terpuji Umat ) alame Asmo Leluhure.
5. Sukmo : soko Kanugrahane Pangeran.
Ing ngisor iki satemene anane tatanan Roso kang dumunung ono sajrorie Badan saujude Manungso :
A. Roso : 1. Rasana Pangerane.
2. Roso Sejati yo Sejatine Roso, Roso kang wujud soko manunggale Roso Rasane Jagad Dumadi marang Roso Rasane Jagad Royo koyo to:
a. Uyah iku asin, asin durung mesti anane uyah,
b. Gulo iku legi, Legi durung mesti anane gulo,
c. Asem iku kecut, kecut durung mesti anane asem.
3. Roso Poncodriyo
a. Pangroso /Pangucap,
b. Panggondo,
c. Pandulu, d. Pangrungu,
e. Pangrobo.
4. Roso kang wujud soko anane manunggale Roso Sifat Aluamah, Mutmainah, Amarah, Supiyah.
5. Rasane Umat yo anane Roso Rumongso kang wujud soko kemampuane Umat anggone nunggalake Roso Rasane Pangeran, Roso Poncodriyo, Roso Sejati - Sejatine Roso, Roso soko anane Sifat Aluamah, Mutmainah, Amarah, Supiyah wujud nunggal ono ing anane Laku yo anane Tingkah Laku Budi Howo saben dinane kang bakal mujudake anane Akhlak kang minulyo.
6. Roso Rasane Urip Manungso Sejati, wujud soko nunggal nyawiji anane sakabehe Roso kang kasebut ing duwur mau.
Soko kawruh kang wis kabeber ing duwur, kito biso anglakoni nunggalake Rasane Umat wujud nunggal marang Rasane Pangeran sake wujud jumbuhe angen-angen lan nunggale kekarepan.
A. Roh : Roh iku Uripe Kekewanan kang nunggal marang Badan saujude Manungso, ananne Kanugrahan soko Pangeran kanggo netepi Serat Sastro Jendro Hayuningrat, Mahayu Hayu Ning Bawono.
B. Nyowo : Nyowo anane Uripe Tetukulan / Tetanduran kang nunggal marang Badan saujude Manungso, anane Kanugrahan sake Pangeran kanggo netepi wajib mapakake Serat Sastro Jendro Hayu Ningrat, Mahayu Hayu ning Bawono.
C. Atmo : Atmo iku Alame Asmo, wujud nunggal marang Manungso sake Dino kalahirane lan tetengeran yo Jeneng yo Aran kang sinebut sake Wongtuwane, kang kudu rinekso Manungsane supoyo biso anggondo Arum.
D. Sukmo : Sukmo yo anane tetengeran soko Pangerane kanggo papan nunggale Kawulo Gustine.
Soko katerangan ing duwur mall manungso biso njupuk Hak sake Pangeran yen manungso mau wis biso nglakoni kang dadi wajibe, yo soko wis biso anglakoni anane Mahayu Hayuning Bawono.
Roh iku Uripe Kekewanan kang nunggal marang Badan saujude Manungso, anane Kanugrahan sake Pangeran kanggo netepi wajib mapakake Serat Sastro Jendro Hayu Ningrat, Mahayu Hayu ning Bawono.
Ahad Legi yo biso kawoco A iku anane Ho lan Le iku anane La koyo kasebut ing ngisor iki :
1. A – Aku : Aku anane Pangeran, kang mengku anane Kitab Serat Layang Kalimosodo,
2. La – Laku : Laku, lakune Manungso ono sajrone bebering Kitab Serat Layang Kalimosodo,
Pangeran kang mengku Karep nunggal marang Kekarepanne Manungso mujudake gegayuhan kang kinarepake manungsane.
Kang biso nunggalake lan ngerteni wektu Badan Kasar nunggal marang Badan Alus kudu biso netepi anane Wahyu Trias Wiji yoiku sake :
a. Tekun, anane nota nafase,
b. Temen, anane tingkah lakune,
c. Teliti, marang satindak - laku lan obah musike kahanan,
d. Awas, marang anane Gudo - Cuba - Pengaruh - Gangguan,
e. Sabar, marang sepapadane Urip.
Bakal biso ketemu marang Alam Kelanggengane yo Mulyane Urip ing tembe.
III. Seloso Pon : Seloso : huruf awal So - Neptune = 3
Neptu 10 : Pon : huruf awal Po - Neptune = 7
Yen huruf awal kajumbuhake unine Sapo, ing kene mowo maksud Manungso wajib ngawruhi sapo Sejatine Pangerane lan sapo Sejatine Manungso, opo kekarepanane Pangeran kanti sake Kanugrahane Manungso mudun Urip ing Alam Dunyo, opo kang dadi Hak-e Manungso ing Alam Dunyo lan opo kang dadi Kewajibane Urip ing Alam Dunyo.
Sejatine Pangeran lan Sejatine Manungso yen ora kaliru kasebut koyo ing ngisor iki:
1. Dzat-e Hu ayang-ayangane wujud dadi Dzat-e Alloh yo kasebut Dzat-e Pangeran.
2. Dzat-e Alloh yo kasebut Dzat-e Pangeran, ayang-ayangane wujud dadi Nur Muhamnlad yo kasebut Wahyu I Sukmane Jagad Royo.
3. Nur Muhammad yo kasebut Wahyu / Sukmane Jagad Royo, ayang-ayangane wujud nunggal dadi Jasad, sake Kanugrahane Pangeran dadi Badan saujud-e Manungso.
Koyo wektu Pangeran nyipto anane Kanjeng Nabi Adam as., sake ruwet ¬krenteg-e Urip, Pangeran nyipto anane Ibu Howo kanggo netepi Sampumane Urip Manungso, sake Sampurnane Urip Manungso kanggo netepi Gumelare Urip, Kanjeng Nabi Adam as. lan Ibu Howo kaudunake ono ing Alam Padang yo anane Alam Dunyo soko Kanugrahane Pangeran.
Soko kaweruh ing duwur, ing keno ono anane sarine Gumelare Drip kang awal koyo ing ngisor iki :
1. Hu netepi anane Alloh, banjur Nur Muhammad netepi isine Jagad Royo, banjur anane Manungso. Ing keno ketemu anane ongko 3, kang dadi Neptune Dino Seloso, yo anane Wadah Panyuwunan.
2. Netepi anane Gumelare Urip ing Alam Dunyo turun remuntun ketemu anane, Cukul - Ngendok - Manak, ing kene ketemu ugo anane ongko 3, kang dadi Neptune Dino Seloso.
Satemene Pangeran ora anduweni Karep opo - opo sake anane Manungso, amung ing keno ono anane Geter-e Urip, kang katuntun sake anane Serat Layang Kalimosodo, Kanugrahane Pangeran kanggo adeg - dedeg Urip Bebrayan ing Alam Dunyo, netepi Gumelare Urip Manungso.
Soko Geter-e Urip lan anane Serat Layang Kalimosodo, ing keno wis wujud anane Hak kang ono anane soko lakune Urip Manungso, katuntunake sake Kanugrahane Pangeran ono ing :
1. Serat Al Fatikah, satemene wujud Pasemon sake Lakune Urip Manungso, “kanggo netepi Urip Bebrayan ing Alam Dunyo, netepi Wajib-e Urip koyo ing Serat Sastro Jendro Hayu Ninggrat, Mahayu Hayu ning Bawovo, kang utomo Tapak Laku yo obah - mosike Budi - Howo ono ayat ” Ihdinash shirothol mustaqim ” lan ” Ghairil magdhuubi ‘alaihim wa ladhdhaalliin “, ing Serat Al Fatikah iki ketemu anane ongko 7, soko anane ayat Serat Al Fatikah kang dadi Neptune Pasaran Pon yo ono ongko 7, netepi wujud isine Urip yo Drajat-e Urip ing ngarsane Pangerane.
2. Do’a Sapu Jagad ” Robbanaa aatinaa fid dun-yaa hasanataw wa fil aakhiroti hasanataw wa qinaa ‘adzaaban naar ” ing kene soko isine maksud dadi arahe Urip Manungso ing ngarsane Pangeran, Slamet Dunyo - Slamet Akhirat, soko anane Slamet Akhirat ono ongko 7 kang nyebutake anane Swargo lapis 7 Neroko lapis 7. ongko 7 dadi isine neptu Pasaran Pon, yo anane arahe isine Urip.
Soko anane kawruh ing duwur, kang nerangake anane Urip lan Pati, nerangake anane Tatanan Slamet yo anane Tatanan Islam.
M a t i
a. Papane Ikhlas, ketemu Lego - legowo.
b. Sampurnane ono 5 perkoro :
1. Sing mati Poncodriyo.
2. Kang teko Pesti.
3. Kang lunggo Sukmo.
4. Kang bali Jasad/Badan/Dzat.
5. Kang ditinggal Asmo.
c. Sesebutane iku ono 4 perkoro :
1. Mati manyasar.
2. Mati manyusup.
3. Mati manitis.
4. Mati manatas.
Anane gegambaran mau biso kawoco manowo Pangeran anggone nyipto Manungso ora sadermo ” Kun fayakun “, mbutuhake wektu yo anane Neptu kang jlimet koyo Kersane, amarga Manungso kadadekake Kholifah / Pemimpin ing Alam Dunyo, sapo kang kliru anggone nemtokake anane Urip yo ketemu ke1iru anggone mbalik marang asale.
Koyo salah sijine carito kang keno kaematake ono ing ngisor iki :
Wektu Kanjeng Nabi Muhammad saw ono sajroning Mi’raj, Pangeran ngandikan soko walike Tirai / tabir,. Tirai / tabir iku anane soko asta / tangan sak kloron, sak temene kang kasebut Tirai / tabir iku sajatine yo anane Kalimah Syahadat yo Kitab Layang Kalimosodo, dunung ono epek-epek tangan kiwo lan tengen, nulis pakaryane, sarto epek-epek suku / sikil kiwo- tengen kanggo nulis tingkah-laku kang katindakake saben dino, supoyo kito Urip ono sajeroning Alam Dunyo iki biso tansah waspodo tan ngati-ati, koyo kang kasebut ing ngisor iki :
1. Ati-ati ojo gumampang ndedegi urip ing Alam Dunyo ( Marcopodo - ono tengah), amarga anane urip ing clam dunyo kudu biso njejegi sifat adil, kuwoso ngatur urip pribadi soko bebering Kalimah Syahadat yo Kitab Layang Kalimosodo, supoyo ora gampang keblidru marang samubarang kang durung mesti anane, amarga Kalimah Syahadat yo Kitab Layang Kalimosodo iku sejatine Tulisan Takdir kito kang wus dikersakake netepi Kamulyane Drip, yen Tulisan Nasib amarga soko kito mburu Nepsu lan keblidru marang samubarang kang durung mesti anane amarga kurang Imane.
2. Kang katoto ono tengah sajatine dedeg bebering Kitab Layang Kalimosodo, yo anane Kahanan Drip kito Pribadi ono lakune Urip, lakune Urip nunggalake anane Jagat Royo marang Jagat Dumadi sampurno wujud sajerone ono anane Alam Kelanggengan .
3. Amargo anane Urip iku kudu mangerteni Dedeg Urip Pridadi marang Dedeg Uripe Kaluargo kaembanake marang Wujud Gumebyar gelar Cahyone Urip, yo anane Kawibawan kito Pribadi
4. Urip Pribadi mangerteni sapo sing njaluk mangan-ngombe, ono kadedayan ope sajrone mangan lan ngombe, sarto wujud ngrungkepi rage dapi ope ?
a. Sing njaluk mangan lan ngombe iku anane Aluamah sifate Bumi, kudu biso rumekso Uripe, anane wujud kuoso nyukulake wiji kekarepan lan biso nyukupiopo kang dadi isine pangangen - angen sarto mujudake ono anane Gumelare Urip, mapake anane Sifat Gusti Kang Moho Suci kang asifat Jalal, yo dedege Gusti Kang Moho Agung, kuoso ngayomi Urip Pribadi, Urip Kaluargane.
b. Sing mangan lan ngombe iku anane Mutmainah sifate Banyu, kudu biso ndedegi kuwasane Gusti Kang Moho Adil, ora gampang kasemsem marang ka¬indahane Jagat Royo, ora melik marang barang kang durung mesti Hak anane, mapakake Sifat Gusti Kang Moho Suci kang asifat Jamal, mumpuni gawe ka-¬Elokane Jagat, kuoso note anane wujud sarine pangangen - angen biso gumebyar sanaliko, netepi sampurnane Rogo Sejati kanggo nyukupi kabutuhan Kaluargane.
c. Sajroning mangan lan ngombe ono kadadeyan sake anane Amarah sifate Geni, sajrone urip kudu biso mapakake Santosane Urip, ora ambeg siyo marang liyan, biso dadi panunggule bebrayan, yo anane Sifat Gusti Kang Moho Suci kang asifat Kahar, mumpuni ing gawe mujudake ka-Wisesane Gelare Urip Pribadi kito marang ka-Santosane Urip Kaluargo.
d. Sajroning mangan lan ngombe ono wewujudan sake anane Supiyah sifate Angin, sajroning urip kudu biso mapakake dedeg urip pribadi kito kang unggul ing drajat, ora gampang keno owah gingsir ono sajrone gelare urip yo obah ¬musike jaman, yo anane Sifat Gusti Kang Moho Suci kang asifat Kamal, biso dadi Pepujine Urip ing Jagat Royo soko anggone biso Sampurno note Urip Kaluargane lan Urip Pribadi kito ono ing bebere Kitab Layang Kalimosodo.
e. Kumpule ope kang dipangan lan diombe mapakake anane Gondo, sumrambah ono sajrone Rogo nguripi anane Doyo - Roso, mujudake anane nungale niyat ono sajrone angen - angen ngrungkepi mantepe karep, biso wujud gumelar keturutan kang dadi panyuwunane, unggul drajat uripe. Ojo nganti keliru utowo kasemsem marang gumebyare ka-Elokane kekarepan, ben biso Mulyo Urip ing Dunyo Akhirate.
Ojo nganti kasemsem marang ka-Indahane wewujudan kang Elo,k asal soko Aluamah, Mutmainah, Amarah tan Supiyah ben ora keduwung ing tembe mburi. Sajatine mangan lan ngombe iku wewujudan awal nunggalake anane Jagat Royo marang Jagad Dumadi supoyo biso karoso Panguasane Jagad Royo ono sajrone Rogo, menowo teller kudu kalarasake marang Nafas netepi anane Geter, Gerak, Pangucap, lan Pangawasane Urip Pribadi kito nunggal nyawiji ono sajrone Urip Sejati.
A. Nafas ono ing (tanpo eling)
1. Wadug : Uripe Bumi, nguripi Aluamah anane Serakah.
2. Ginjel : Uripe Banyu, nguripi mutmainah anane Iri drengki.
3. Paru paru : Uripe Angin, nguripi Supiyah anane Sombong jumawa.
4. Jantung : Uripe Geni nguripi Amarah anane Sereng murko.
5. Ati : Uripe Watu, nguripi kang ngaku Jati Diri anane Pengkuh kaku .
B. Nafas lungguh mapan ing ( eling )
1. Wadug : Netepi eneng- ening mujudake sifat Dermo Sabar.
2. Ginjel : Netepi eneng-ening mujudake sifat Samudono sembarang gawe biso.
3. Paru paru : Netepi eneng-ening mujudake sifat Mengku Drip, Ngayomi.
4. Jantung : Netepi eneng-ening mujudake sifat Wiseso, Santoso Uripe.
5. Ati : Netepi eneng-ening mujudake sifat Kuoso, Sampurno nota Uripe.
00000oo00000
NGELMU URIP
Dikirim NGELMU URIP pada April 19, 2008 oleh alangalangkumitir
Ngelmu Urip #1
Anane tak wenehi irah-irahan ‘ngelmu urip’ amarga ‘ngelmu Jawa’ iku pancadane babagan nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam donya. Fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih bisa ‘titis ing pati’. ‘Titis ing pati’ iku ora ngrembuk suwarga lan neraka. Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake sakabehing ‘unsur-unsur’ kang mangun wujuding ‘manungsa urip’ marang sumbere dhewe-dhewe kanthi sampurna. Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu) bali marang sumber-sumbere kang ‘azali’. Sing saka cahya lan teja ya bali marang sumber azaline. Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune ‘wujud’ ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak turune).
Amarga piwulange ngenani ‘ngelmu urip’, mulane piwulang Jawa luwih migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah. Kanyatan kang ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa urip ijen, nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing alam donya (Ngarcapada) kene iki. Holistik, mangkono anggone para ahli menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. Karepe, menawa sakabehing ‘kang ana’ ing alam semesta iki ana sesambungane sacara ‘kosmis-magis’. Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis mbalung sungsum dadi otot bayu. Karepe, wis dadi ‘naluri dasar’ kanggone wong Jawa.
Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan laku tumangkare wiwit saka sumber asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki ora sarana anane ‘sistim pendidikan’. Mung sarana gethok tular ing antarane ‘sesepuh’ marang generasi bacute. Nanging pilih-pilih marang sing bisa
ditulari kawruh. Mulane saya auwe saya tipis lan terasing saka wong Jawa dhewe. Malah-malah saking ora ngertine lan kebacut nyecep kawruh saka kabudayan lan peradaban saka manca banjur nganggep ngelmu lan laku Jawa iku mung gegayutan karo olah kebatinan. Sing ekstrim banjur ngarani yen klenik, tahayul lan gugon tuhon.
Kemajuan jaman ing wektu iki ndadekake manungsa mundhak pinter lan mulur nalare. Mula yen ngadhepi bab-bab sing kurang ‘nalar’ padha ora tertarik. Kabeh-kabeh dianggep kudu logika penalaran kang klebu akal. Yen ora, dianggep omong kosong nggedebus adol abab. Apamaneh tuntutan kanggo ‘survive’ ing jaman saiki butuh ‘segala daya’. Genahe, wektu iki ana ‘pergerakan’ peradaban tumraping manungsa sak jagad. Owah-owahan kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing ‘bengong’ semlengeren ora gaduk nalare kanggo ‘memahami’. Sing operasional kari ‘naluri defensif’ supaya tetep ‘survive’. Kabeh butuh urip kang underane (manut Wedhatama): kecukupan kebutuhan sandhang-pangan-papan (kerta utawa arta), kajen keringan ing tengahing bebrayan (wirya) lan pinunjul ngelmu lan kawruhe (winasis). Menawa salah siji bab tetelu mau ora diduweni banjur banget nisthane kang diupamakake ‘luwih aji godhong jati aking’. Senajan diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha diterangake, nanging kanyatane ora saben uwong bisa nggayuh kanthi sampurna. Ing tengahing masyarakat ana sing sugih pol ning ya ana sing mlarat banget. Ana sing bisa dadi panutaning liyang (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi ‘memalaning bebrayan’. Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho lan bloon banget.
Kabeh prabedaning manungsa sing siji lan liyane kanyatane ana ing tenghing masyarakat. Mula ana ‘potensi ketegangan’ kang ora ana enteke.
Mbok menawa bae sakabehing ajaran agama lan ideologi kang lair ing donya iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani murih rukune manungsa. Potensi ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat, ajaran agama lan etika moral liyane. Semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe tujuwan kanggo gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan. Mung bae, cara Jawa iku lueih tumuju marang rekadaya nata ‘kesadaran’ batine manungsa katimbang gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing bebrayane. Ya kanggo nata ‘kesadaran’ iku anane ngelmu lan laku ana ing piwulang Jawa. Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo ngadhepi persoalan urip ing jaman globalisasi wektu iki ?
Nilai-nilai budaya lan peradabane manungsa pancen owah gingsir manut jaman kelakone. Ngelmu lan laku kang ana ing piwulang Jawa wernane akeh lan duwe piguna dhewe-dhewe. nanging umume, gunane kanggo kepentingan urip. Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna. Ana sing ‘becik-bener-pener’ kanggo kepentingane urip bebarengan, nanging ya akeh sing ‘ala-salah-ngawur’ sing ngrusak bebrayan. Anehe, kok ngelmu lan laku kanggo kekarone ya ana kabeh ing jagad Jawa. Kabeh pancadane kanggo sangu nglakoni urip. Kanthi mangkono pancen rada abot angone arep njlentrehake bab sakabehing ngelmu lan laku Jawa. Mulane, murih kepenake anggonku ngaturake ‘Ngelmu Urip’ ing postingan iki tak rujukake marang serat-serat kapujanggan kayadene Wulangreh, Wedhatama, lan liya-liyane. Muga-muga Gusti Kang Murbeng Dumadi ngeparengake.
Ngelmu Urip #2
Pancadane ‘Ngelmu Urip’ iku ‘eling’, yaiku eling marang ‘sejatining urip’ utawa ‘hakekating urip’ tumraping manungsa. Manungsa iku titah pinunjul katimbang titah liyane. Pinunjule amarga kaparingan ‘perangkat urip’ kang ana ing khasanah Jawa disebut ‘cipta-rasa-karsa’. Tinengeran ana ing aksara Jawa:
“ha-na-ca-ra-ka” kang tegese ‘utusan’ (hananira hananing Hyang) kang diparingi cipta (ca), rasa (ra), lan karsa (ka). Ya peparing ‘cipta-rasa-karsa’ iki kang mbedakake titah manungsa karo titah liyane.
Kang lumrah siklus urip kang dilakoni manungsa iku:
‘ana (lair) – dadi momongan wong tuwane – dhiwasa (bisa golek pangan dhewe) – kawin – duwe anak (momong) – ngentasake momongane – mati’. Siklus kang mangkene iki ora ming tumrape manungsa, nanging titah-titah liyane iya duwe siklus mangkene. Tegese, mung nglakoni naluri alamiah. Ora ngoperasionalake perangkat urip peparinging Gusti Kang Maha Kuwasa kang njalari manungsa iku disebut ‘titah utama’. Menawa miturut basa agama Islam manungsa iku dipapanake (diposisikan) dadi ‘Kalifatullah fil ardhi’, wakile utawa utusane Gusti Allah neng ngalam donya. Nangin perlu dieling-eling menawa manungsa kang bisa dadi utusan utawa wakile Gusti Allah iku cetha sing bisa ngoperasionalake ‘cipta-rasa-karsa’-ne kang jumbuh karo kersane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Dudu sing mung operasional naluri alamiahe kaya kang tak aturake ing ndhuwur.
Kanggo bisa operasionalake ‘cipta-rasa-karsa’ dibutuhake ‘ngelmu’ lan ‘laku’. Ngelmune kanggo
mangerteni (memahami) babagan sejatining ‘cipta-rasa-karsa’ iku. Dene lakune kanggo mapanake pangerten ngelmu dadi watak-wantu. Menawa dirembuk nganggo basa Inggris ‘watak-wantu’ iku nglingkupi :
knowledge, attitude, skill, aptitude, lan habit kang bisa disingkat KASAH. Ya ing kene iki salah sijine cara kanggo mangerteni unen-unen “ngelmu iku kelakone kanthi laku”. Tegese: ngelmu iku bisa manjing dadi watak wantune manungsa manawa dikantheni laku. Gandheng ‘cipta-rasa-karsa’ iku manggone ana ing manungsa urip, mula ngelmune ya ngelmu urip, lakune ya laku nglakoni urip. Pitakonane, nek ana ‘ngelmu urip’, mesthine ya ana ‘ngelmu mati’. Pancen ya ana,
yaiku ‘ngelmu-ngelmu’ sing mentingake kanggo persiapan mati. Sakabehing dayaning urip kanggo persiapan mati. Ana kang ‘tata lair’, upamane petungan kanggo nyukupi kebutuhane ahli waris njur numpuk bandha kang perlu diwarisake. Ana kang ‘ranah kebatinan’, umpamane ngelmu ‘mati sajroning urip’ kang pakertine (cara nglakoni) kanthi nglereni obahing ‘cipta-rasa-karsa’. Yaiku tapa brata neng papan sepi nyingkir saka bebrayan (masyarakat).
Ngelmu sing kaya mangkono iku ora salah lan ora kleru. Amarga subyektif banget, kaitane karo ‘persepsi’ saben uwong babagan jejibahan urip kang beda-beda. Mulane ana ing khasanah Jawa, iya ana ngelmu-ngelmu sing mentingake ‘persiapan mati’ iku. Nyuwun pangapunten, babagan ‘ngelmu mati’ iki kareben diterangake sedulur liya sing luwih nguwasani. Jujur bae, KSM ora pati mudheng. Ngelmu urip iku ora mung ing babagan tata lair, nanging uga ana gegayutane karo kebatinan. Amarga manut filosofi Jawa, ana gegayutan (hubungan) ‘kosmis-magis’ ing antarane jagad cilik (manungsa urip) karo jagad gedhe (alam semesta). Pangertene ndudut saka ‘kawruh sangkan paraning dumadi’. Menawa manungsa urip iku kawangun saka unsur telung perkara, yaiku: materi (bumi lan langit), cahya lan teja, sarta suksma sejati (dzat urip, roh). Katelune unsur-unsur iku asale saka ‘Guruning Ngadadi’ kang uga disebut ‘Suksma Kawekas’, kang ora liy iya Gusti Kang Murbeng Dumadi sing dadi sesembahane sagunging titah dumadi. Kanthi andaran kasebut ing nduwur, filosofi Jawa kanyatane kanthi cetha wela-wela nerangake anane ‘Sesembahan’ kang disebut ‘Gusti Kang Murbeng Dumadi’, ‘Hyang Agung”, ‘Hyang Suksma Kawekas’, ‘Guruning Ngadadi’ lan sebutan-sebutan liyane kang akeh banget cacahe. Panjenengane R. Ng. Ranggawarsita ngumpulake sesebutan tumrap ‘Sesembahan’ Jawa iku ana ing seratane, ‘Paramayoga’.
Ngelmu Urip #3
Pokok baku dhedhasarane ‘ngelmu urip” iku ana 3 (telung) prekara : 1) kesadaran anane Sesembahan (keber-Tuhan-an, 2) kesadaran kesemestaan (hubungan kosmis-magis jagad cilik lan jagad gedhe), 3) kesadaran kautamaning urip (keberadaban). Katelune ora bisa mlaku dhewe-dhewe, nanging kudu nyawiji dadi sawijining pangerten (kawruh). Lumrahe padha diarani ‘Kawruh Kejawen’.
Aturku ing ndhuwur iku minangka pambukaning pangerten menawa ‘Kawruh Kejawen’ iku sawijining kawruh babagan ‘Sejatining Urip’ utawa ‘Hakekating Urip’. Dudu ajaran agama, wong ora duwe ‘kitab suci’ lan ‘nabi’ (utusan) kang piniji Gusti kanggo mulang-muruk manungsa kaya salumrahe ‘definisi’ agama.
Kawruh Kejawen pancadane saka olah ‘cipta-rasa-karsa’ para empu lan pujangga Jawa (para jenius Jawa) wiwit jaman prasejarah nganti tumekaning peradaban lan kabudayan kang nga-Jawa. Ing kene banjur ana sintesa, asimilasi lan hybrid ing antarane pangerten-pangerten Jawa karo nilai-nilai budaya lan peradaban (klebu pangerten agama) sing tumeka ing tanah Jawa. Senajan ana sinergi lan sinkretisme, nanging pokok baku pancadane Kawruh Kejawen 3 (telung) perkara kasebut ing ndhuwur ora ilang lan kesilep, amarga mapan manggon ana ing bab ‘sejatining urip’. Bisa uga, malah aweh jembaring pangerten (melengkapi pemahaman) ajaran-ajaran agama. Nanging perkara iki becike ora digawe rembuk, amarga njur mlebu ana ing ‘Ilmu Perbandingan Agama’ kaya kang diwulangake ing perguruan-perguruan agama. Kang tak aturake mligi ‘konsep-konsep pandangan Jawa’, supaya bisa dimangerteni dening bebrayan masyarakat kareben ora ‘salah paham’.
Ana ing jagad ngelmune wong Jawa, ana kang disebut Kawruh Kasampurnan. Yaiku sawijining ngelmu kanggo nggayuh kasampurnaning urip. Kang dikarepake ‘urip sampurna’ iku nglingkupi tata lair lan kebatinan. Ing tata lair wis kacetha kaya kang disebut ing Wedhatama: “wirya arta tri winasis”. Kajen keringan, cukup sandhang pangan papan, lan pinunjul ing kapinterane. Dene ing babagan ‘kebatinan’ sing dikarepake ‘urip sempurna’ iku lamun bisa ‘titis ing pati’. Yaiku bisa ngulihake (mbalekake) kanthi sampurna sakabehing ‘gadhuhan’ marang sing kagungan. Menawa wujude manungsa urip iku kedadeyan saka unsur-unsur: bumi langit, cahya lan teja, sarta dzat urip (suksma, roh), sempurnane menawa bisa ngulihake unsur-unsur mau marang sumbere dhewe-dhewe.
Unsur materi saka bumi lan langit sarta unsur cahya lan teja, bisa bali sampurna nalikane manungsa mati (pishing raga lan suksma). Nanging baline dzat urip (roh, suksma) marang Dzat Sejatining Urip, angel bisane sampurna. Manut keterangan ing kawruh sangkan paran (Wedaran Sang Wiku), angel sampunane iku jalaran ‘dzat urip’ wis suda kasuciane. Sudane amarga kawoworan rereged saka asiling pakerti nalika nglakoni urip. Uga saka jalaran durung rampung anggone netepi wajib nindakake sabda dhawuhing Gusti Kang Maha Kuwasa. Akeh-akehe padha leren ana ing ‘alam pangrantunan’ (suwarga pangrantunan). Utawa malah kesasar ana ing alaming lelembut, alaming sato kewan, utawa kesangsang dadi dhanyang neng kayu lan watu.
Gandheng bisa sampurna loan orane ‘dzat urip’ (suksma) bali marang sumbere (Dzat Sejatining Urip, Suksma Kawekas, Guruning Ngadadi) gumantung saka pakerti nalika nglakoni urip neng ngalam donya, mula banjur ana paugeran-paugeran kang tumuju marang kasampurnaning urip iku. Iya ing kene iki ‘ngelmu urip’ kang dirembuk iki ana tegese.
Ngelmu Urip #4
Menawa manungsa urip ijen, sejatine ora butuh ilmu lan ngelmu. Cukup naluri alamiahe wae. Nanging nalika urip bebarengan karo manungsa liyane lan karo titah dumadi liyane dibutuhake ilmu lan ngelmu. Dadine, ngelmu urip iku lumakune kanggo nuntun manungsa nglakoni urip bebarengan ing ngalam donya.
Ilmu iku ngoperasionalake nalar utawa cipta, dene ngelmu sing dioperasionalake cipta-rasa-karsa. Mula ya beda tatacarane ngudi antarane ilmu lan ngelmu. Menawa ngudi ilmu iku lumrahe saka sekolahan lan pawiyatan-pawiyatan, dene ngudi ngelmu ora cukup semono, nanging kudu disranani laku murih bisa manjing ing sajroning batin.
Ana ing khasanah Jawa kang luwih diudi iku ‘ngelmu’, mulane kadhang kala lumrahe wong Jawa iku sok diarani ‘bodho’ ana ing ‘ilmu pengetahuan’. Keladuking panganggep, Jawa iku kakehan klenik lan gugon tuhon. Rumit, mbulet, angel dinalar, lan ora duwe ‘greget’ pepinginan marang kemajuwan. Sing diudi mung kasekten lan tapa brata.
Panganggep sing mangkono iku pancene ada alasane. Contone, bisa gawe candhi Borobudur apadene Prambanan sing cetha butuh ilmu pengetahuan werna-werna tingkat tinggi, nanging kanyatane ora marisake ilmu matematika, ilmu fisika, mekanika, lan ilmu pengetahuan liyane. Kamangka lagi milih panggonan kanggo ngedegake candhi-cndhi iku wae wis kabukten pener banget. Uga ing babagan kalender (almanak) sing njlimet nganti bisa nemtokake wektu kang akurasine luar biasa, nanging kok ora ana tinggalan bab angka-angka pangetunge. Manut ngendikane para pakar, menawa ing bab petungan (ping, para, lan, suda, kuwadrat, lsp.) wong Jawa nganggo cara ‘awangan’. Panemu mangkene iki bisa uga pancen bener. Jalaran operasionale ‘cipta-rasa-karsa’ iku mapan manggon ing ‘daya spiritual’ kang diduweni manungsa. Ora bisa ditulis kayadene ilmu-ilmune wong Barat.
Ora beda karo ilmu nalar, ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ uga ana tataran cendhek lan dhuwure. Ana manungsa kang nalare dhedhel sing bodhone ora karu-karuwan, pijer nunggak sing sekolah. Semono uga ing bab ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ ya ana sing maju lan ana singsendhet ora mundhak babar bisan senajan wis meguru neng pirang-pirang para sepuh. Malah-malah wis nglakoni laku pirang-pirang werna uga ora ana kaundhakane.
Akeh-akehe padha nganggep menawa ngudi ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ iku padha karo wong ngudi ilmu pengetahuan. Bakune karep sing kenceng thok. Kamangka banget bedane. Menawa ngudi ilmu sing dibutuhake pancen ‘kekarepan’ utawa ‘cita-cita’ (semangat). Dene ngudi ngelmu sing dibutuhake malah menebake ‘kekarepan’ murih bisa ‘ênêng’ lan ‘êning’. Bisane ‘ênêng’ lan ‘êning’ iku disranani ‘laku’ lan butuh ‘kas kang nyantosani setya budya pangekesing dur angkara’ (niat kang mantep nduweni budi luhur). Dadine, kang luwih dhisik kudu diduweni kanggo ngudi ngelmu iku ‘budi luhur’.
Ngudi ngelmu ora bisa menawa mung kanggo ‘pelarian’ jalaran semplah kelangan semangat ngadhepi urip. Upamane, rekasa golek pegaweyan (golek sandhang pangan) njur nekuni ‘ngelmu kebatinan’. Panganggepe, nek wis nglakoni ‘lakubrata’ werna-werna njur gampang entuk pegaweyan utawa gampang rejekine. Modhel pelarian sing kaya mangkene iki akeh banget tinemu ing tengahing bebrayan.
Salah kaprah panemu liyane, ‘ngelmu’ iku bisa kanggo mrantasi pirang-pirang perkara. Ing antarane kanggo nylametake dhiri saka tumindak salah lan ala. Upamane, murih ora kena ‘jerat hukum’ sawise korupsi njur nglakoni ‘lakubrata’ utawa golek ‘backing spiritual’ marang ‘sesepuh’. mBok menawa wae pancen ana kasekten-kasekten sing bisa kanggo kepentingan kang mangkono. Nanging kasekten kang mangkono iku dudu ‘ngelmu urip’ kang ‘bener-becik-pener’. Ana ing Wedhatama, kasekten jinis mangkono iku diarani ‘ngelmu karang’. Kekerane (kekuwatane) saka asile kekarangan (bersekutu) karo bangsaning gaib. Ora rumasuk jroning
daging (ora manjing ing jroning batin). Ngibarate mung manggon ing kulit kayadene boreh (wedhak pupur) alias apus-apus utawa palsu. Mula ora bisa diandelake kanggo nglakoni urip kang ‘bener-becik-pener’. Ewa semono, kanyatane ing tengahing bebrayan akeh pawongan kang bebudene seneng golek gampang. Samubarang apa wae dianggep bisa diprantasi nganggo kekuwatan spiritual silihan saka bangsaning gaib mau.
Ngelmu Urip #5
Budi Luhur minangka dhedhasarane ‘ngelmu urip’. Ajaran Jawa nduweni konsep menawa urip bebarengan iku kudu tata (tertib), tentrem (aman tenteram), kerta (makmur) lan raharja (sejahtera). Bisane wujud menawa para manungsane iku nduweni budi luhur. Murih bisa duwe budi luhur kudu nyecep ‘piwulang kautaman’.
Apa wae sing diwulangake ing ‘piwulang kautaman’ iku ngandhut ‘kawruh’ lan ‘laku’. Tegese ora mung bisa ngerti bab kawruhe, nanging uga kudu dilakoni apa kang diwulangake. Babon baku piwulang kautaman mulangake kawruh murih manungsa padha ‘eling’ marang kajatene. Yaiku titah kang diparingi kaluwihan wujud ‘cipta-rasa-karsa’. Mula kaelingan sing ‘bener-becik-pener’ yaiku :
1. Eling menawa dadi titahing Gusti (Sangkan Paran, Manunggaling Kawula Gusti).
2. Eling menawa dititahake manggon ing planet bumi kang ora ijen anane, nanging minangka bagian cilik saka ‘alam semesta’. (Jumbuhing jagad cilik lan jagad gedhe).
3. Eling marang peparing ‘cipta-rasa-karsa’ kang ukurane manungsa kudu ‘beradab’.
4. Eling manwa kudu tansah ngutamakake kerukunan karo manungsa liyane lan titahe Gusti liyane.
5. Eling menawa kudu tansah njaga ‘keselarasan’ (kemarmonisan): melu memayu hayuning bawana.
Dhasaring laku diarani ‘Panca Brata’, yaiku lakubrata kanggo nguripake (ngoperasionalake) ‘cipta-rasa-karsa’, yaiku:
1. Nglatih bisane nduweni watak ‘narima’, disranani laku kanthi ngengurangi mangan lan ngombe. Umpamane laku pasa, mutih, ngrowot lan sapiturute. Bedane pasa ing laku Jawa karo pasa tumrape ibadah agama, yaiku ana ing tujuwane. Nek pasa cara agama kanggo nggayuh suwarga, dene pasa laku Jawa amung kanggo nglatih bisane duwe watak narima. Ewa semono, kanyatane luwih abot syarat-syarate. Ing antarane, senajan bisa pasa sedina nutug, nanging yen ing batin isih durung bisa nrimakake pangan lan ngombe saanane nalika ‘buka’ bakal njugarake gegayuhan. Ora bisa kanggonan watak ‘anarima’. Selagine kanggonan watak anarima wae ora bisa, lha kok kepingin nggayuh suwarga mesthi tangeh lamun.
2. Nglatih bisane tansah ‘eling’, disranani ngengurangi sare (turu). Syarate, anggone melek ora kena disambi apa wae. Apamaneh dislamur nganggo dolanan kertu utawa jagongan gayeng karo para kanca. Kang ditindakake, melek lan tansah eling marang kajatene manungsa.
3. Nglatih urip kang tata utawa tertib, disranani laku ngengurangi sanggama. Nanging anggone ngurangi kudu kanthi pangerten babagan sanggama kang sejatine. Yaiku pangerten sanggama kang gegandhengan karo ‘titising wiji’ kang mahanani ‘rasa sejati’. Yaiku ‘rasa nikmat mulya’ kang ditampa manungsa nalika dadi saranane Gusti nyipta manungsa anyar. Rasa nikmat mulyane sanggama kang bisa nitisake wiji, dudu nikmat sanggama kang lumrah amung nuruti derenging birahi. Kanthi mangkono, sing dikurangi iku sanggama kang mung mburu kanikmataning birahi.
4. Nglatih kesabaran, disranani kanthi laku ‘ora kena nesu’. Mula kang becik iku laku: “ing siyang ratri tansah amamangun karyenak tyasing sesama”.
5. Nglatih panalangsa utawa pasrah sakabehane marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Srana lakune ‘mbisu’. Nanging ora mung ora guneman thok. Ing jroning batin tansah ngulati mobah-mosiking ati. Iya obah osiking ati iku kang bisa uga mujudake wisik utawa dhawuhing Gusti marang kita sowang-sowang (dhewe-dhewe). Bisane dimangerteni kudu dipêndêng utawa mêlêng temenan. Mêndêng utawa mêlêng ora bisa kelakon yen sinambi ngendika utawa omong-omong. Wohing pasrah iku antuk wisik utawa ‘sabda dhawuh’ kang nuntun marang bebener, kabecikan sing pener.
Ngelmu Urip # 6
Filosofi Jawa mulangake menawa manungsa iku duwe sedulur-sedulur gaib kang njangkungi uripe, yaiku:
1. Sedulur Marmarti, kedadeyan saka rasa kumesaring ati lan ngemar-emari awake biyung (ibu) nalika arep nglairake.
2. Sedulur papat, yaiku rohe kawah (ketuban), ari-ari, getih, lan puser.
3. Sedulur tungal dina kelairan, yaiku sakabehing anake titah dumadi kang bareng dina laire utawa kedadeyane.
Filosofi Jawa iki pancen akeh sing ora percaya apa maneh mudheng karo karepe. Jalaran pancen arang kang kersa nerangake lan njlentrehake kanthi wijang. Embuh marga ora ngerti apa pancen angel dudutane. Kamangka sejatine baku banget kanggone ngelmu urip. Jalaran kanthi cetha mulangake bab hubungan kosmis-magis antarane jagad cilik (manungsa) karo jagad gedhe (alam semesta).
Sedulur marmarti maringi pangerten bab sesambungan lair batine anak karo biyung kandhunge munggahe marang para leluhure. Sedulur papat (kalima pancer) nerangake menawa roh (suksma)-ne manungsa iku ‘wujud hubungan inti-plasma’. Pancer sing dadi ‘inti’, dene sedulur papat ‘plasma’-ne. Dene anane sedulur tunggal dina kelairan, mulangake menawa sakabehing kang ana ing alam semesta iki ‘manunggal’.
Miturut Kejawen, alam donya (ngarcapada) kang dipanggoni manungsa urip iki sejatine phase lanjutane alam kandhutane biyung. Nalika ing jero kandhutan, sing ngreksa urip lan dadi piranti sesambungane janin karo anggane biyung wujud ‘kawah, ari-ari, getih lan puser’, mula nalika urip ing ngarcapada iya rohe ‘kawah, ari-ari, getih lan puser’ sing ngreksa lan dadi ‘tali gaibe’ manungsa urip karo alam ngarcapada (donya).
Anane sedulur tunggal dina kelairan nerangake bab ‘panunggalan’, sakabehing kang gumelar ing jagad iki miturut kepercayaan Jawa, manunggal utawa nyawiji. Kawangun kanthi hubungan kosmis-magis ‘inti-plasma’: “Manunggaling Kawula Gusti”. Kawula plasma, dene Gusti (Sesembahan) minangka ‘inti’. Sesembahan iku ora mung duwekke manungsa, nanging uga sesembahane sakabehing titah dumadi. Mula konsep Jawa nyedulurake sakabehing ‘titah’. Ora ana memungsuhan ing antarane titah. Kabeh duwe kewajiban ‘nyangga’ maujude panunggalan.
Gandheng kapercayaan anane sedulur gaib tumraping manungsa iku banget kanggone ngelmu urip, mula ana ritual Jawa kang khusus kanggo ‘memule’ anane sedulur gaib iku. Memule dudu pekerti nyembah, nanging mung mulyakake lan ngelingi anane. Yaiku eling marang ‘hubungan gaib’ dhirine manungsa karo alam semesta sak isine. Suksmane manungsa ora mung nguripi, nanging uga ngreksa lan ‘adeg’ sesambungan karo suksmane sakabehing titah dumadi liyane.
Bisa uga pangerten iki ora nyambung karo ajaran agama. Mula banjur akeh kang ora mathuk lan keladuke malah nganggep menawa memule sedulur gaib dianggep bersekutu karo setan. Ya sumangga wae, pancen kapercayan Jawa ngono anane. Dipercaya kena, ora percaya inggih kenging kemawon. Dilaras lan dinalar dhewe-dhewe sing kepenak wae.
Ritual utawa laku kanggo memule sedulur gaib werna-werna. Gumantung marang abot enthenge jejibahan uripe dhewe-dhewe. Sing kuwagang lan duwe penggayuh dhuwur mesthine ya nganggo laku sing abot. Dene sing trima lugu lan sanane, lakune ya sing entheng-enthengan. Sing abot ya laku Pancabrata saben wetonane dhewe-dhewe. Dene sing entheng wujud sesaji ing saben dina wetonan kelairane dhewe-dhewe. Sing ora sreg karo sesaji, nindakake pasa saben wetonane dhewe-dhewe.
Njur pikolehe apa? Mangkono pitakonan kang asring tak tampa. Gandheng bab iki nyangkut kapercayan, mula pikolehe ya dirasakake karo sing nglakoni. Sing percaya lan gelem nglakoni mesthine ya bisa ngrasakake oleh-olehane. Dene sing ora percaya mesthine ya ora gelem nglakoni, mula ya ora bisa ngrasakake oleh-olehane. Sing kudu dieling-eling, saben laku iku kudu disranani tekad sing mantep, ora kena gamang utawa was-was. Sumangga.
Ngelmu Urip #7
Sedulur gaib manut ajaran Jawa (marmarti, sedulur papat kalima pancer, lan sedulur tunggal dina
kelairan) konteks pengertiane anane hubungan kosmis-magis jagad cilik lan jagad gedhe. Tegese,
adege manungsa urip iku duwe sesambungan karo jagad saiisine tata lair lan spirituil. Pangerten kesadaran kesemestaan lan holistik mangkene iki baku banget kanggo mangerteni lan nindakake ‘ngelmu urip’ kanggo nggayuh katentreman lan kamulyan. Tentrem lan mulya kanggo pribadi lan bebrayan tumekaning hayining bawana (jagad).
Paugeran urip mungguhing wong Jawa normatif uga kudu didhasari kesadaran kesemestaan. Mula ranah budaya lan peradaban Jawa mlakune ora ninggal kesadaran kesemestaan iki. Prasasat ora ana ‘kepentingan individu’ tumrape para empu/pujangga/sarjana sujana anggone ngripta lan nyipta ‘seni budaya’ Jawa. Contone, kaloka dikayangapa gendhing ‘Ketawang Puspawarna’, kanyatane ora dipatenake lan nalika diproduksi wujud rekaman ora ana tuntutan ‘royalty’ saka kang nyipta utawa ahli warise. Ing kene iki katon banget menawa ‘profesionalisme’ Jawa ora gegayutan karo materi lan komersialisme, nanging wujud ‘persembahan’ tumuju marang hayuning bebrayan. Adoh banget karo model Barat kang sarwa komersiil lan materialisme. Kabeh mau amarga kang wus ngrasuk Kejawen kanthi ‘bener-becik-pener’ pancen wus kagungan
‘kesadaran panunggalan’ kang dhuwur tingkatane. Uripe dipasrahake kanggo ‘ngawula kawulaning Gusti’. Emane, amung sethithik manungsa kang bisa kanggonan ‘kesadaran panunggalan’ iki. Nanging, senajan sethithik dibutuhake kanggo aweh ‘pencerahan’ marang manungsa liyane.
Banget sing mumet nalika diparingi piwulang bab ‘kesadaran kosmis’ iki. Amarga istilahe medeni banget, “Manunggaling Kawula Gusti”. Terus carane mulang tansah ana ing ranah spirituil sing lakune jan abot temenan. Ing antarane ana laku bisane ketemu karo para ‘sedulur papat’ kang digambarake madha rupa karo awake dhewe mung beda cahyane. Ing kene iki KSM
ngaku blaka menawa gagal. Malah njur gumun dene kanca-kanca sing bareng sinau, jarene kasil bisa ketemu. Embuh kanyatane, amarga sing ngerti lan pana temenan ya sing nglakoni. Ing batin KSM ngudarasa, “Kanggo apa menawa wis bisa ketemu sedulur gaibe dhewe? “
Ana sesepuh kang paring pangandikan menawa ‘sedulur papat’ iku sejatine padha karo ‘empat nafsu’ (Amarah, Luamah, Sufiah lan Mutmainah). Nanging KSM tambah bingung maneh. Lha wong sing dingerteni ‘sedulur papat’ iku rohe ‘kawah-aruman (ari-ari)-getih-puser’ kok njur dipadhakake karo ‘empat nafsu dasare manusia hidup’, kepriye anggone nyambungake pangertene? Luwih kodheng maneh nalika entuk keterangan ing ‘Layang Djojoboyo’ menawa kang disebut sedulur spirituale manungsa (cacahe papat) jenenge: Jâbârâlâ, Mâkâhâlâ, Hâjârâlâ, lan Hâsârâpâlâ. Kapapate utusane Gusti Kang Maha Kuwasa kang ing khasanah agama-agama saka Timur Tengah disebut Malaikat. Bisa ditarik kesimpulan mengkono jalaran jenenge utusan kasebut persis basa nglegena asmane Malaikat ing ranah agama Islam: Jibril, Mikail, Ijroil, lan Ishrofil.
Ing ranah ajaran Jawa ora ana diskripsi ngenani anane ‘malaikat’ lan ‘setan’. Amarga dasare ‘filosofi panunggalan’ kang nerangake menawa kabeh kang ana ing jagad gumelar iki mujudake ‘Kesatuan Tunggal Semesta’. Manunggaling kawula Gusti, nerangake menawa sing disebut ‘utusan’ iku ora liya ya suksma sejatine manungsa dhewe. Wondene suksma sejati iku derivasine
‘Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Hyang Agung, Hyang Widdhi, Gusti Allah).
Wacana ing ndhuwur iku tak aturake murih para kadang kang kepingin ngudi ‘nglemu urip’ bisa mudheng temenan sesambungane sedulur gaibe manungsa karo ‘ngelmu urip’. Uga aja nganti ‘wor suh’ karo pangerten-pangerten ‘ajaran agama’. Ngerti bedane lan diskripsine murih bisa ndudut hikmahe lan bisa milih lan milah kanthi becik, bener, lan pener. Bakune, ‘ngelmu urip’ iku tuntunan nglakoni urip cara Jawa. Sinebut ing Wedhatama: “mrih kretarta pakartining ngelmu luhung kang tumrap ing tanah Jawi”. Manungsa iku amung ‘kawula’ utawa ‘titah’ kang duwe kewajiban ‘memayu hayuning alam semesta’. Dene ‘titah’ iku ora mung manungsa thok, lan kabeh padha kaparingan kewajiban sing padha “memayu hayuning bawana (alam semesta)”. Iya kesadaran dasar ngrumangsani dadi titah kang wajib memayu hayuning bawana iku pancadan baku ‘ngelmu urip’. Kesadaran iki kang disebut ‘ngelmu luhung’ ing Wedhatama kasebut ndhuwur.
Ngelmu Urip #8
Ditelisik lan dionceki sing nganti jero, filosofi Jawa iku mulangake menawa sakabehing kang ana (dumadi) iku ‘manunggal’. Panunggalane sinebut ing unen-unen: ‘Manunggaling Kawula Gusti’. Menawa diistilahake nganggo basa Indonesia: ‘Maha Kesatuan Tunggal Semesta’.
Nanging perlu dimangerteni uga menawa ana ing jagad ngelmu kebatinan, ‘Manunggaling Kawula Gusti’ mujudake tataran makrifat kang paling dhuwur dhewe. Yaiku tingkat kesadaran batin kang wus tekan ‘jumbuhing’ kawula lan Gusti. Tegese kang gampang dimangerteni awam yaiku tataran kebatinan kang wis mangerteni ‘sejatining urip’ utawa ‘hakekating urip’. Mengerteni ‘sejatining urip’ iku kang dikarepake bisa nggayuh ‘Kawruh Kasampurnan’. Magerti wajibing kawula (titah):
1. Marang Gustine (Sesembahane).
2. Marang sesamaning titah manungsa.
3. Marang jagad saisine.
Pepunthoning pangerten werna telu kasebut ndhuwur ora wurunga uga tekan marang kesadaran panunggalan. ‘Sakabehing kang ana iku manunggal’. Wondene gegambarane panunggalan iku sinebut ing unen-unen ‘kadya kembang lan cangkoke’ utawa ‘kadya sesotya lan embanane’. Menawa nganggo istilah moderen kadidene hubungan ‘inti’ lan ‘plasma’. Gusti kang dadi intine,
dene kawula dadi plasmane.
Struktur hubungan inti pancer, jawa lan plasma (macapat, jawa) kanyatane dadi lelandhesane sakabehing ‘ide-ide’ ing jagad Jawa Contone, ‘roh alam semesta’ disebut ‘Hyang Manikmaya’. Hyang Manik minangka inti, dene Hyang Maya dadi plasmane. Ing pewayangan Hyang Manik disebut uga Sang Hyang Jagad Girinata utawa Bathara Guru. Dene Hyang Maya disebut Hyang Ismaya utawa Hyang Taya alias Semar. Conto liyane, rohe manungsa disebut ‘Pancer lan Sedulur Papat’, ‘Pancer’ dadi inti lan ‘Sedulur Papat’ dadi plasmane. Ide sistim ‘pancer-mancapat’ uga dipigunakake kanggo ngadegake negara, mangun desa, percandian, keraton, kutha-kutha, persawahan, gawe giliran pasaran (ekonomi) tumekane gawe tumpeng sesaji. Dadi cethane, menawa ing jagading ilmu pengetahuan ditemokake sistim inti-plasma (pancer-mancapat) wiwit anane renaisans ing Eropa, Jawa wis mraktekake wiwit jaman kuna makuthi.
Kang bisa kanggo conto, ide ‘pancer-mancapat’ Jawa babagan adeg negara. Kang dadi pancer (inti, Gusti) yaiku ide (cita-cita, gegayuhan) didegake negara kang sinebut ing janturan/suluk pedalangan: “Negari adi dasa purwa, panjang-punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja”. Dene sakabehing warga negara tanpa mbedak-mbedakake antarane rakyat jelata lan pemimpin dadi mancapat (plasma, kawula). Kewajibane kawula negara njaga lan nyengkuyung madege negara. Nanging kanyatane, wiwit jaman kerajaan-kerajaan tumekane jaman republik wektu iki, ide ‘pancer-mancapat’ babagan kenegaraan dienggokake. Raja (pemimpin) dadi pancer (gusti, inti) dene rakyat dadi mancapat (kawula, plasma). Wusanane ide Jawa kang ‘adiluhung’ owah dadi sistim feodalisme kang kebak KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme).
Owahe sistim peradaban adiluhung Jawa dadi feodalisme wis lumaku atusan taun. Kawiwitan nalika mlebune budaya lan peradaban saka Asia Daratan. Mlebune budaya lan peradaban India kang ngenalake sistim kerajaan lan kasta liwat (numpang) agama Hindu lan Budha. Diterusake lumebune budaya lan peradaban Timur Tengah liwat lumebune agama Islam kang ngenalake sistim pemusatan kekuasaan (Imperium Turki lan Kekuasaan Ulama Mekah). Sabanjure lumebune penjajahan Landa kang ndadekake warga pribumi kelas telu, warga asing Asia (China, Arab, India, lsp.) kelas loro, dene wong Landa (Eropa) kelas sijine.
Pribumi Jawa dening para penjajah asing dianggep kelas batur lan jongos. Marang wong Landa (Eropa) kudu nyebut ‘ndârâ tuwan’, marang wong China nyebut ‘yuk’ lan marang wong Arab nyebut ‘ayik’. Sebutan kabeh mau nandhakake menawa wong Jawa drajate asor. Ora kepenake maneh, para wong asing sing neneka neng Jawa padha nganggep wewatekane wong Jawa:
‘nyadhong-nggemblong-nyolong-nggarong’. Awake dhewe, wong Jawa, mesthine suthik ora trima dianggep asor mengkono. Lha wong budayane ‘adiluhung’ kok dianggep duwe wewatekan: ‘nyadhong’ (mandho, ngemis, njaluk suap), ‘nggemblong’ (nglengket neng panguwasa lan sing duwe dhuwit ben entuk cipratan rejeki), ‘nyolong’ (ngunthet, korupsi kelas cilik-cilikan), ‘nggarong’ (ngrampok bandhane negara, gawe proyek fiktif nggo ngentekne anggaran, lsp.).
Nah, sok sintena kemawon menawa kepingin ngudi ‘ngelmu urip’ kang ‘bener-becik-pener’ kudu bisa ngilangi wewatekan ‘nyadhong-nggemblong-nyolong-nggarong’ luwih dhisik.
Ngelmu Urip #9
Ajaran Jawa akeh sing nganggep aliran kebatinan utawa aliran kepercayaan. Banjur saka kalangan agamawan dianggep ajaran kang durung mateng kang perlu dimatengake murih slamet ing ngalam akherat mbesuke. Alasan utamane, ajaran Jawa ora duwe kitab suci kayadene ajaran agama. Wusanane akeh panganggep menawa ajaran Jawa amung dianggep gaweyane manungsa kang ora bisa dianggo pandoming urip. KSM uga duwe penganggep mangkono dhek isih enom nganti umur seket. Lha wis, saben ketemu sesepuh Jawa ora nate entuk keterangan kang maremake bab ‘kitab suci’ lan ‘utusan’. Kamangka para sepuh sing tak temoni padha ngendika menawa sing digilut iku ‘Agama Budi’. Dene keterangan bab kepriye sing dikersakake ‘Agama Budi’ iku, wangsulane mbulet angel tak tampa. Gandheng senengane ngayam wana nemoni para sepuh lan ngulama, KSM entuk tepungan Kyai Bahrul Rondhi ing tlatah Jepara ing taun 1991. Mas Kyai iki dening para ulama dianggep ‘sesat’ jalaran mulangake kebatinan Islam campur Kejawen.
Ora marga kepilut karo ajarane, nanging kang penting tak critakake neng kene, amarga Mas Kyai ngendika menawa panjenengane asring ditekani ‘kitab gaib’ ing saben semedi. Mas Kyai aweh bukti anggone nulis (ngutip) kitab gaib kang ngatoni panjenengane. Asil penulise iku kang ditontonake marang KSM. Wujude tulisan Arab Pegon kang KSM babar pisan ora bisa maca. Mas Kyai njur macakake sak kalimat tulisane: “Hananira sejatining wahananing Hyang”.
Lho kok basa Jawa, mengkono pangudarasane KSM. Lelakon sabanjure, KSM tuku buku karangane Ir. Sri Mulyono, “Apa dan Siapa Semar ?”. Ing bukune iku dikutipake ‘Filsafat Nusantara’ kang isine filosofi aksara Jawa ‘ha-na-ca-ra-ka’. Kalimat filosofi aksara (ha) unine: “Hananira sejatining wahananing Hyang”.
Persis karo kalimat ing kitab gaib Arab Pegon sing nemoni Kyai Rondhi. KSM bisane mung gumun, amarga ngakoni menawa ora duwe kabisan spiritual kanggo golek wangsulan kang gumathok. Ya mung ana pengaruh gedhe kang mlebu ing batin, menawa Carakan Aksara Jawa iku ngemot ajaran teologi Jawa. Kodhenge, kok ing aksara Arab Pegon ya ana tur gaib pisan, iki kepriye larah-larahe.
Ya embuh kepriye kersane Gusti Kang Maha Wikan, lelakone KSM isih berlanjut. Nalikane KDP mulih saka Jepang (taun ?) ngajak KSM gresek buku neng lowakan mburi Sriwedari Solo. Entuk fotocopian Kitab Darmagandhul, Gatholoco lan Walisana. KDP sing maca kitab-kitab mau nganti kepingkel-pingkel gumun karo krenahe pujangga sing ngarang. Lha wong isine kawruh kang jero lan luhur kok dikemas nganggo crita porno saru banget senajan wujude sastra tembang. Saya kepingkel-pingkel KDP nalika maca angele Prabu Brawijaya arep pindhah agama. Saka Agama Budi menyang Agama Islam. Bab kepingkel-pingkele KDP kareben adhi ragilku iku sing crita. Nek KSM pancen ora prigel ngguyu lan geguyon, bisane mung mesem rada nyureng serius.
Nyureng seriuse KSM jalaran maca kitab Darmagandhul pupuh Megatruh kang ngrembuk ‘Sastra Urip’, sebutane Ki Pujangga kanggo ‘ngelmune Gusti Allah’. Mangga tak kutipake sethithik :
1. Sastraning Hyang mung sagulma cacahipun, pinencar ngebeki bumi, dadine saking sabda kun, aranira Sastra Urip, binagi dadi sawiyos.
2. Kang rumiyin Sastra Rancang aranipun, kangge miyat sira kadim, ana aran tanpa wujud, wujude ginelar sepi, arane cinancang batos.
3. Sastra Swarawangsit kaping kalihipun, ginadhuhke marang peksi, kang urip ing dharat laut, sikap peksi duwe uni, unine wangsit pasemon.
4. Saunine iku sabdane Hyang Agung, peksi amung darma angling, dhawuh enget eling pemut, sasmita kang elok gaib, kang ngreti wong ahli kawroh.
5. Sastra Arja Ayuningrat kaping telu, tanpa papan kretas mangsi, sastrane nglimput jro wujud, sipat wujud duwe nami, namane mawa pangretos.
6. Sastra Endraprawata kaping patipun, dadi saking anggit janmi, kalam lantaraning wujud, cinorek ing dluwang mangsi, kang kena dinulu mring wong.
7. Mata loro melolo kinarya ndulu, sipat janma doyan kuldi, manut cara bangsanipun, yen marsudi kawruh budi, sayekti bisa mangretos.
Ngelmu Urip #10
Miturut ngendikane pujangga kang ngripta Serat Darmagandhul (Ki Kalamwadi), sastra suci (firman, sabda dhawuh) saka Gusti Kang Maha Agung iku tunggal sumebar sak jagad, arane Sastra Urip, kaperang ing tataran tumurune, bawarasane KSM:
1. Kang sepisan disebut Sastra Rancang, sastra kang nglimputi sakabehing titah urip (kadim).
2. Kapindho sinebut Sastra Swarawangsit, wujude unine manuk. Unine manuk iku sabdane Hyang Agung, manuk amung darma ngelingake dhawuh sasmita elok gaibe Hyang marang sakabehing titah dumadi.
3. Katelu, sinebut Sastra Arja Ayuningrat kang gaib wujude, ora tinulis ing kertas nanging nglimput jroning wujud (titah).
4. Kaping papat sinebut Sastra Endraprawata, yaiku sastra anggitane manungsa kang tinulis lan bisa disawang mata lahiriah. Saben bangsa manungsa duwe aksara dhewe-dhewe. Mula sastra (firman, sabda)-ne Gusti Allah kanggo saben bangsa tinulis mawa cara bangsane dhewe-dhewe. Dene bisane mangerti isining sastra (firman, sabda) kudu marsudi ing budi kawruh.
5. Kaping lima disebut Sastra Swarasandi, swara (wisik) metu saking gaib. Kang ngrungu kuping pribadi, ngrungu swarane wong wadon.
Amung titah pinilih kang bisa mangerti Sastra Rancang, Sastra Swarawangsit lan Sastra Arja Ayuningrat. Titah pinilih ya titah kang wus tumapak ing tataran ‘paramayoga’, tingkat yoga (semedi, meditasi) kang paling dhuwur dhewe.
Begjane tinitah Jawa, Gusti Allah ngeparengake para winasise kang wus ing tataran ‘paramayoga’ medar sabda mbabar kawruh rungsit babagan sejatining urip (hakekating urip). Kawruh kang winedar nulad saka asiling nampa ‘pencerahan’ maca Sastra Rancang, Sastra Swarawangsit, lan Sastra Arja Ayuningrat. Sastra gaib tetelune iki mbok menawa kang disebut “Sastra Jendra Hayuningrat”.
Babagan ‘sastra’ iki tak aturake ana ing bawarasa Ngelmu Urip kanggo mengerteni prekara spiritualisme (kebatinan) Jawa. Bab iki perlu, amarga ing ranah ejawen akeh kang umyek ngrembuk bab “Sastra Jendra Hayuningrat”, lan akeh uga kang wani ngaku wus bisa ndungkap kawruh ‘Sastra Jendra’. Kejaba iku, kanggo atur pangerten menawa ngelmu Sejatining Urip cara Jawa ora ngayawara lan dudu mistik keprimitifan kaya kang didakwakake sasuwene iki. Ngelmu Jawa iku bisa ditelusuri logika rasionale.
Ana pitakon, Jawa iku sejatine duwe donga lan cara panembah marang Gusti Kang Maha Kuwasa apa ora? Ewuh aya anggone arep atur wangsulan. Menawa diwangsuli ana, sing kepriye donga lan tatacara panembahe? Menawa diwangsuli ora ana, lha kok aneh ! Bab iki, sajake pancen wis dadi rembuk umyek duk jaman kapujanggan. Jaman nalika sebaran agama Islam lan sebaran ide rasionil Barat gencar-gencare ngisi ruang batine wong Jawa. Kahanan kang dening para pujangga
Kraton ditengarai bakal gawe rusake pranatan Jawa. Mula menawa nyimak jero karya sastrane para pujangga, ngumunake. Diskusi antarane para pujangga adu penemu lan argumen banget narik kawigaten. Ana sastra kang isine ‘memantapkan’ ajaran Islam, ana sastra kang samar-samar ngemot ‘perlawanan’, ana uga sastra kang ‘mensinergikan’ ajaran agama Islam, Hindhu, lan Buddha karo piwulang Jawa. Ana uga kang radikal menyerang doktrin dogma agama-agama. Kawicaksanan politik Kraton anggone ngemong diskusi aja nganti gawe dredah ing antarane para kawula banjur nganakake seleksi karya sastrane para pujangga. Ana kang dikeparengake lolos dikonsumsi kawula, ana kang kudu disimpen dadi kapustakan sinengkere Kraton. Elok temenan para intelektual Jawa jaman iku lan kawicaksanane pemerintahan Kraton anggone ngecakake ‘manajemen konflik’ murih ora gawe dredahe bebrayan. Nanging, kang sinengker iku akeh kang didadekake ‘cindera mata’ marang para warga Eropa. Digawa mulih neng negarane, disinau lan ddianggo studi pirang-pirang kepentingan. Sing cetha banjur kanggo pancadan ‘menjajah’.
Saperangan karya sastra kang radikal ana sing lolos sensor utawa pancen disengaja dening pemerintah penjajahan murih kahanan para kawula Jawa kegawa ana ing suwasana ‘konflik’ saengga lali menawa bumine diperes entek-entekan.
Ngelmu Urip #11
Ditelisik saka literatur lan laku budaya Jawa pancen ora ditemokake donga lan tatacara panembah kang wujud laku ritual. Kang ana: mantra, sesaji, laku sesirih lan laku semedi (meditasi). Gandheng ora padha mudheng larah-larahe, banjur ana panganggep menawa mantra iku pada karo donga, sesaji, laku sesirih lan laku semedi padha karo ritual panembah. Mantra ora padha karo donga. Menawa donga iku panyuwun marang Gusti, dene mantra iku ngempakake daya uripe manungsa peparinge Gusti. Atur sesaji, laku sesirih lan laku semedi mujudake tatacara ndayakake dayaning urip murih bisa nindakake urip kang bener, becik lan pener. Yaiku nindakake urip melu memayu hayuning bawana.
Daya uripe manungsa mahanani anane ‘aurora magis’ kang nglingkupi anggane manungsa. Wateke aurora magis iku dhewe-dhewe amarga beda-bedane kahanan unsur-unsur kang mangun jasade manungsa. Unsur-unsur iku asale saka bumi, langit, cahya lan teja kang tansah owah gingsir kahanane ing saben wektune. Mula banjur ana ngelmu Jawa kanggo nengeri beda-bedane ‘aurora magis’ nganggo dhasar wetonan lan wuku.
Aurora magis uripe manungsa karo aurora alam semesta iku ana sesambungane lan daya-dinayan sacara kosmis-magis. Dinamika daya-dinayan ana kang jumbuh (nyambung, bersinergi), nanging uga ana kang tolak-menolak. Laku sesirih lan semedi mujudake pangrekadaya njumbuhake aurora magis uripe manungsa karo aurora alam semesta. nJumbuhake jagad cilik (manungsa) karo jagad gedhe (alam semesta). Dene sesaji minangka pangrekadaya njumbuhake aurora magise manungsa karo titah dumadi kang padha-padha manggon ing jagad, khususe titah gaib.
Manungsa kang wus bisa nggayuh jumbuhing jagad ciliklan jagad gedhe disebut wus bisa nggayuh ‘wahyu dyatmika’. Yaiku manungsa kang kaparingan Gusti nduweni ‘daya linuwih’ tumrap cipta rasa karsane kang sinebut ‘prana’. Pandayaning prana sinebut mantra. Jinising mantra werna-werna, kabeh mesthi ana syarat lakune. Bisa kanggo kabecikan nanging ora sethithik uga kang bisa kanggo laku ala lan nistha. Mulane ing piwulang Jawa banget ditekanake bab ‘eling’. Yaiku eling marang ‘aras kesadaran’: ber-Tuhan, kesemestaan, keberadaban, kerukunan lan keselarasan.
Operasionale ‘eling’ mahanani manungsa bisa ndayakake pranane wujud mantra kang tumuju marang kabecikan urip bebarengan kang ‘tata tentrem kerta raharja’. Luwih utama lan dhuwur maneh, menawa mantra katujokake kanggo ‘nyengkuyung panunggalan semesta’. Nyengkuyung
panunggalan semesta bisa diarani panembahe manungsa marang Gusti miturut piwulang Jawa. Kang mangkene iki dingendikakake dening pujangga R.Ng. Ranggawarsita ana ing Kitab Pustaka Raja Purwa: “Dene patrapipun angabekti ing Dewa (manembah dhumateng Kang Murbeng Dumadi) punika kalih prakawis, punika boten kenging pisah, karanten ing saestunipun boten wenang amumuja yen dereng anglampahi tapabrata.”
Panembah pribadi (perorangan) wujud operasionale budi luhur ing tengahing bebrayan. Sinebut ing unen-unen: “Hangawula kawulaning Gusti”. Yaiku pekerti urip kang
tansah eling marang jejibahan ‘nyengkuyung panunggalan semesta’. Panembah bebarengan ing tata lair nindakake ‘laku budaya’ ngaturake kaendahan (Laku Kalangwan), kayata: upacara ruwat bumi (grebeg, suran, sadranan, apitan lsp.), upacara kidungan, ritual gamelan, bedhaya ketawang, lan sapanunggalane.
Intine panembah bebarengan ing tata kebatinan, nyawijekake daya urip (prana urip) kanggo mujudake ‘mahamantra’ kang bisa ndayani keselarasan sesambungan (harmonisasi hubungan) spirituale umat manungsa karo spirituale alam semesta saisine. Tujuwane golek slamet ing sakabehane.
Emane, saka anane owah-owahan jaman, laku budaya kang sejatine luhur banget iku wis akeh wong Jawa kang ninggalake. Tradisi grebeg, suran, sadranan, apitan wis owah saka tujuwan nyawijekake ‘prana urip’ lan mung dadi tradisi adat kang ‘kering tanpa makna’. Upacara kidungan lan ritual gamelan saya adoh saka nuansa sakral kang suci. Bedhaya ketawang dianggep
amung Kraton kang wenang nganakake. Kawula alit ora diwenangake, mengko mundhak kuwalat.
Ngelmu Urip #12
Piwulang Jawa kang ngrembuk babagan ‘Sejatining Urip’ digelar ing ‘Wirid Wolung Pangkat’ utawa ‘Wolung Martabat’ kaya kasebut ing ngisor iki:
1. Wejangan pituduh wahananing Pangeran :
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku Ingsun, ora ana Pangeran nanging Ingsun sajatining kang urip luwih suci, anartani warna, aran, lan pakartining-Sun (dzat, sipat, asma, afngal).
2. Wejangan pambuka kahananing Pangeran :
Satuhune Ingsun Pangeran Sejati, lan kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi ana padha sanalika saka karsa lan pepesthening-Sun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan pakartining-Sun kang dadi pratandha :
Kang dhihin, Ingsun gumana ing dalem alam awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa wekasan, iya iku alaming-Sun kang maksih piningit.
Kapindho, Ingsun anganakake cahya minangka panuksmaning-Sun dumunung ana ing alam
pasenedaning-Sun.
Kaping telu, Ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan rahsaning-Sun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.
Kaping pat, Ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaning-Sun, dumunung ana alaming herah.
Kaping lima, Ingsun anganakake angen-angen kang uga dadi warnaning-Sun ana ing sajerone alam kang lagi kena kaupamakake.
Kaping enem, Ingsun anganakake budi kang minangka kanyatahan pencaring angen-angen kang dumunung ana ing sajerone alaming badan alus.
Kaping pitu, Ingsun anggelar warana (tabir) kang minangka kakandhangan paserenaning-Sun. Kasebut nem prakara ing ndhuwur mau tumitah ing donya, yaiku sejatining manungsa. (Dzat Urip kang ana ing manungsa, ksm).
3. Wejangan gegelaran kahananing Pangeran :
Sajatining manungsa iku rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaning-Sun, yaiku sasamaning geni bumi angin lan banyu, Ingsun panjingi limang prakara, yaiku: cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen lan budi. Iku kang minangka embanan panuksmaning-Sun sumarambah ana ing dalem badaning manungsa.
4. Wejangan kayektening Pangeran amurba ciptane manungsa :
Sajatine Ingsun anata palenggahan parameyaning-Sun (baitul makmur) dumunung ana ing sirahing manungsa, kang ana sajroning sirah iku utek, kang gegandhengan ana ing antarane utek iku manik (telenging netra aran pramana), sajroning manik iku cipta (nalar), sajroning cipta iku budi, sajroning budi iku napsu (angen-angen), sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, Sejatining Urip kang anglimputi sagunging kahanan.
5. Wejangan kayektening Pangeran amurba rasa pangrasaning manungsa :
Sajatine Ingsun anata palenggahan laranganing-Sun (baitul haram) dumunung ana dhadhaning manungsa, ing sajroning dhadha iku ati lan jantung, kang gegandhengan ing antarane ati lan jantung iku rasa pangrasa, ing sajroning rasa pangrasa iku budi, ing sajroning budi iku jinem (angen-angen, napsu), sajroning jinem iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, Sejatining Urip kang anglimputi sagunging kahanan.
6. Wejangan kayektening Pangeran amurba tuwuhing wiji uripe manungsa :
Sajatine Ingsun anata palenggahan pasucianing-Sun (baitul kudus) kang dumunung ana kontholing (wadon: baganing) manungsa, kang ana ing sajroning konthol (wadon: baga) iku pringsilan (wadon: purana), kang ana ing antaraning pringsilan (wadon: purana) iku mani (wadon: reta), sajroning mani (wadon: reta) iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun.
Ora ana Pangeran anging Ingsun, Sejatining Urip kang anglimputi sak liring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun mahanani sesotya kang dhingin kahanan kabeh maksih dumunung ana alaming wiji, laju manggon ana alam pambabaring wiji, laju tumurun ana alaming suksma, laju tumurun ana ing alam kang durung kahanan (alam kang ingaran upama), laju tumurun marang alam donya (alaming “manungsa urip”), iya iku sajatine warnaning-Sun.
7. Wejangan panetepan santosaning pangandel :
Yaiku bubukaning kawruh “manunggaling kawula-gusti” sing amangsit pikukuh anggone bisa angandel (yakin) menawa urip kita pribadi kayektene rinasuk dening dzate Pangeran (Dzat Urip, Sejatining Urip). Pangeran iku ya “jumenenge urip kita pribadi sing sejati”. Roroning atunggal, sing sinebut ya sing anebut. Dene pangertene utusan iku cahya kita pribadi, karana cahya kita iku dadi panengeraning Pangeran. Dununge mangkene: “Sayekti temen kabeh tumeka marang sira utusaning Pangeran metu saka awakira, mungguh utusan iku nyembadani barang saciptanira, yen angandel yekti antuk sih pangapuraning Pangeran”. Menawa bisa nampa pituduh sing mangkene diarah awas ing panggalih, ya urip kita pribadi iki jumenenging nugraha lan kanugrahan. Nugraha iku gusti, kanugrahan iku kawula. Tunggal tanpa wangenan ana ing badan kita pribadi.
8. Wejangan paseksen :
Yaiku wejangan jumenenge urip kita pribadi angakoni dadi “warganing Pangeran Kang Sejati” kinen aneksekake marang sanak sedulur kita, yaiku: bumi, langit, srengenge, rembulan, lintang, geni, angin, banyu, lan sakabehing dumadi kang gumelar ing jagad.
Ngelmu Urip #13
Wejangan Wolung Pangkat (Martabat) medarake “konsep spiritual” Jawa menawa ‘sejatining uripe’ manungsa “tunggal kahanan” karo sesembahane kang disebut Pangeran utawa Gusti. Yaiku: dzat mutlak suwung, abadi, tanpa arah tanpa papan, tanpa kantha (wujud) tanpa warna, sepi ing ganda-rasa-swara, asipat elok, ora lanang ora wadon ora wandu, rumasuk ing alam semesta saisine.
Wejangan Wolung Pangkat ana ing serat-serat kapujanggan disebutake minangka kawruh Warisane para Wali. Wondene sumbere saka wejangane Kanjeng Nabi Muhammad marang Sayidina Ali. Pamejange kanthi cara diwisikake ing talingan kiwa. Bener lan orane krenahe para pujangga anggone nyantholake Wejangan Wolung Pangkat marang para Wali butuh ditelisik sing jero. Apa ya ana wejangan kaya ing wirid kasebut ana ing ajaran Islam. Utamane bab ketasawufan. Kanggo iku, becike para kadang kersa maos ‘Islam Kejawen’ tulisane Prof. Simuh kang ngudhari “Serat Wirid Hidayat Jati’ anggitane R.Ng. Ranggawarsita.
Wejangan Wolung Pangkat diaturake ing bawarasa ‘Ngelmu Urip’ kepentingane kanggo mangerteni ‘pokok baku’ konsep spiritualisme Jawa. Keadiluhungan piwulang kebatinan Jawa kanyatane akeh kang sumbere saka literatur serat-serat kapujanggan (Kawiwitan jaman Sultan Agung). Menawa diunggahake ing literatur ing sadurunge (parwa lan kakawin) wis akeh kang ora
mudheng basane. Mula perlu dikaji bener lan orane menawa basa Jawa kang saiki isih lumaku iki
biyen-biyene saka basa Kawi (Jawa Kuna). Pandugane KSM, basa Jawa Kuna iku basa persatuan (lingua franca), dudu basa ibu kanggone wong Jawa. Mula ora merakyat lan ora dimudhengi dening umume wong Jawa. Menawa panduga iki bener, bisa didudut pangerten menawa sejatine Jawa iku sepanjang sejarahe dikooptasi (terjajah secara spiritual) dening budaya lan peradaban asing. Wiwit thukul kejatidhiriane maneh nalika Sultan Agung jumeneng nata ing Mataram. Wiwit jaman iku para intelektual Jawa (pujangga) nganggit sastra kang ngemot ilmu-ilmu Jawa kanggo ‘melawan’ kooptasi budaya lan peradaban asing. Salah sijine kanggo ‘menjembatani’ kutub religius agama lan kutub rasionalitas sekuler Barat kang digawa penjajah Landa.
Kanyatane ing donya iki pancen ana kutub werna loro iku. Analisane para winasis Jawa, ngandhakake menawa kutub werna loro (religius agama lan rasionalitas sekuler) iku tansah regejegan kang gawe ora tentreme kahanan donya. Analisane digawe crita ‘carakan aksara
Jawa’: hanacaraka (piwulang urip: religius lan rasionalitas), datasawala (regejegan rebut bener),
padhajayanya (padha dene duwe argumen dasar kang kuwat), magabathanga (tumuju konflik kang bisa gawe pepati).
Hebate, para winasis Jawa banjur nemokake solusi kanggo ‘meredam konflik’ kasebut tumrape bebrayan Jawa kanthi mulangake ‘hakekating urip’. Piwulange uga dimomotake ana ing nilai-nilai filosofis aksara Jawa. Ing antarane nerangake menawa sakabehing aksara Jawa
iku dipapanake ana ing angganing manungsa urip:
Ha : Endraprawata, dununge ing grana utawa irung.
Na : Purwana, dununge ing netra (mripat).
Ca : Sandipranata, dununge ing lesan (tutuk).
Ra : Pujanggatarulata, dununge ing rema (rambut).
Ka : Endradipa, dununge ing karna (kuping).
Da : Pujanggataruresmi, dununge ing jangga (gulu).
Ta : Tunjungresmi, dununge ing asta (tangan).
Sa : Sekarsinom, dununge ing dhadha.
Wa : Purwakanthi, dununge weteng.
La : Purwaresmi, dununge ing lempeng antarane lambung lan ula-ula.
Pa : Pratignya, dununge ing puser.
Dha : Patista, dununge ing kempung, weteng perangan ngisor wudel.
Ja : Baskara, dununge ing blegere manungsa disawang saka kadohan.
Ya : Purwangka, dununge ing perji (wewadi).
Nya : Pujanggamurdha, dununge ing pupu Mông : Pustakajamus, dununge plawangan ngisor
(silit).
Ga : Krendha, dununge ing gantangan (pupu kekarone).
Ba : Prawignyaadi, dununge ing bokong.
Tha : Gendhingbarang, dununge ing thiklek (cecingklok, dhengkul mburi).
Nga : Bonangrante, dununge ing dalamakan (tlapak sikil).
A : Sunggingpurbakara, dununge ing titis, yaiku: wujud sawutuhe manungsa.
Ngelmu Urip #14
Sing wis lumrah dimangerteni umum, carakan aksara Jawa iku disambungake karo dongeng ‘Ajisaka’. Kamangka figur Ajisaka iku misterius banget. Asale saka India kang teka ing tanah Jawa kira-kira abad 3-4 M. Kamangka penelitian bab aksara Jawa ‘hanacaraka’ nemokake menawa panganggite lan digunakake wiwit jaman Sultan Agung (Abad 16). Malah-malah, bisa uga, nembe ing jaman kapujanggan. Jaman nalikane Jawa saperangan gedhe wis dijajah Landa kang nyebarake pemikiran rasionalitas lan aksara Latin. Dene umume wong Jawa wektu iku luwih akrab karo pemikiran religius Islam lan aksara Arab Pegon. Iya amarga kanggo ngawekani
kemungkinan konflik iku, para winasis Jawa ngrekadaya ‘menjembatani’ kanthi mulangake ‘hakekating urip’ nganggo carakan aksara Jawa ‘hanacaraka’ kasebut. Ana uga piwulang ‘hakekating urip’ kang migunakake urut-urutane carakan aksara Jawa Piwulang kasebut
dening suwargi Ir. Sri Mulyono ana ing bukune “Apa dan Siapa Semar’ disebut ‘Filsafat Nusantara’:
Ha : Hananira sejatining wahananing Hyang.
Na : Nadyan nora kasat mata pasti ana.
Ca : Careming Hyang yekti tan cetha wineca.
Ra : Rasakena rakete lan angganira.
Ka : Kawruhana jiwanira kongsi kurang weweka.
Da : Dadi sasar yen sira nora waspada.
Ta : Tamatna prabaning Hyang sung sasmita.
Sa : Sasmitane kang kongsi bisa karasa.
Wa : Waspadakna wewadi kang sira gawa.
La : Lalekna yen sira tumekeng lalis.
Pa : Pati sasar tan wun manggya papa.
Dha : Dhasar beda kang wus kalis ing godha.
Ja : Jangkane mung jenak jenjeming jiwaraga.
Ya : Yatnana liyep luyuting pralaya.
Nya : Nyata sonya nyenyet labeting kadonyan.
Ma : Madyeng ngalam pangrantunan aywa samar.
Ga : Gayuhaning tanna liyan jung sarwa arga.
Ba : Bali murba misesa ing njero njaba.
Tha : Thakulane widadarja tebah nistha.
Nga : Ngarah ing reh mardi-mardiningrat
Ngelmu urip Jawa pancadane ana ing kesadaran religius, kesadaran kesemestaan lan kesadaran keberadaban (kemanusiaan). Mula bab spiritualisme Jawa penting banget dimangerteni kanggo menerake kesadaran telung perkara kasebut. Wirid Wolung Pangkat lan kandhungan nilai-nilai filosofis aksara Jawa bisa kanggo pancadan mangerteni spiritualisme Jawa kang ora liya wujud
‘piwulang sejatining urip’.
Bisa uga akeh para kadang kang kurang bisa nampa wejangan Wirid Wolung Pangkat apadene Filsafat Nusantara. Wondene anggone maoni jalaran kang sinebut ing wejangan lan filosofi iku dudu sabda dhawuhing Gusti kang liwat utusan (mesias, nabi). Pancene Jawa ora kenal sing disebut utusan kayadene kang lumrah ing agama. Kang ana amung pangandikane para winasis kang lumrahe disebut ‘guru’ utawa ‘panuntun’. Jejibahane guru iku mulang lan nuntun siswane mangerteni kawruh. Wondene kawruhe dhewe uga saka anggone ‘meguru’. Gurune ngerti kawruh uga saka meguru maneh. Ing kene banjur sapa guru kang sepisanan paring wedaran kawruh ?
‘Guru Sejati’ ora liya iya Pangeran utawa Gusti kang dadi sesembahane sakabehing titah dumadi. Mulane kawruh kang diwulangake para winasis amung nuduhake dalan supaya siswane gelem nglakoni ‘sinau’ marang ‘Guru Sejati’. Wirid Wolung Pangkat apadene Filsafat Nusantara iku fungsine dadi kawruh panuntun marang kita kabeh (lajer Jawa) supaya meguru marang Guru
Sejati. Mula ora salah anggone para pujangga ngendika “Durung wenang amumuja Bathara lamun durung nglakoni tapabrata”. Wondene laku tapabrata wus diringkes wujud ‘Pancabrata’ kang wus diaturake. Jutuling laku, utawa bisane rampung tapabratane sawuse nampa ‘wahyu dyatmika’ kang ana ing basa ampange bisa diarani ‘pencerahan’. Pencerahane ya pencerahan bab ‘Ngelmu Urip’.
Ngelmu Urip #15
Spiritualisme Jawa kang intine kesadaran religius, kesadaran kesemestaan lan kesadaran keberadaban bisa kanggo pancadan dhudhah-dhudhah sakabehing Kawruh Kejawen. Uga kena kanggo milah-milahake endi kang ‘becik-bener-pener’ lan endi kang mung ‘ngelmu karang’. Nanging, ora saben wong Jawa bisa kadunungan kabisan ing jagad spiritualisme. Saperangan gedhe malah awam lugu lan butuh dituntun. Mula ing tengahing bebrayan Jawa akeh tinemu anane sesepuh kang dipercaya dadi panuntun.
Sesepuh kang dadi panuntun biyen-biyene uga mujudake tetungguling bebrayan (tetua adat). Sebutane werna-werna, upamane: Ki Ajar, Ki Buyut, Ki Gedhe, Ki Ageng, lan liya-liyane. Lumrahe uga dadi panguwasa ing tanah perdikan kang bebas mardika ora direh pemerintahan kerajaan. Nanging anane owah-owahan jaman, tanah-tanah perdikan dikuwasani para raja.
Tetungguling bebrayan (tetua adat) didadekake ‘hirarki jabatan tata pemerintahan’. Ki Ajar, Ki Buyut, Ki Ageng lan Ki Gedhe diganti Bupati (Tumenggung), Wedana, Demang, lan sapiturute.
Tata pemerintahan migunakake kukum (sistem) kang diadopsi saka budaya lan peradaban manca. (Asia Daratan lan Eropa). Peranane para tetua adat Jawa kesisih, wusanane mung kari para ‘sesepuh pinggiran’ kang dianggep duwe kaluwihan. Marang sesepuh pinggiran mangkene iki wong Jawa awam padha golek ‘tuntunan’ spiritualisme.
Cilakane, para sesepuh pinggiran uga diarani dukun. Mula banjur ana anggepan negatif menawa wong Jawa seneng merdukun. Banjur tuwuh anggepan spiritualisme (kebatinan) Jawa dipadhakake karo ‘ngelmu perdukunan’. Wusanane nglairake panganggep menawa spiritualisme
Jawa iku ‘aliran sesat’ kang ‘bersekutu karo setan’ lan sapiturute.
Penyebaran agama saka manca lan lumebune modernisasi ala Barat kang ujung tombake ilmu pengetahuan lan teknologi ing tanah Jawa intensif banget tumekane wektu iki. Nilai-nilai Jawa kejepit ing antarane religiusitas agama lan rasionalitas moderen Barat. Kamangka wiwit saka sumber asale, antarane religiusitas lan rasionalitas ‘terperangkap perseteruan’ kang ora ana enteke. Akibate, kejepite Jawa uga terus-terusan. Para pujangga Jawa kang waskitha banjur ngrekadaya bisane uwal saka ‘situasi kejepit’ kasebut. Ing kene banjur lair ‘Kawruh Kejawen’ kang intine nerangake ‘Sejatining Urip’ (Hakekating urip, Ngelmu Urip).
Iya wiwit jaman kapujanggan sejatine Kejawen kang adiluhung wiwit ditata diskripsine. Para pujangga nganggit tulisan-tulisan diskripsi babagan: kebatinan (spiritualisme), balsafah (filosofi lan etika), laku budaya (pertanian, ekonomi, sosial, ritus-ritus, lsp.), primbon, pranata mangsa, seni budaya (wayang, karawitan, tari, batik, keris, arsitektur, lsp.), basa lan sastra, sarta ngelmu-ngelmu liyane kang dibutuhake kanggo uripe manungsa Jawa. Diarani adiluhung jalaran
sakabehing kawruh Jawa kasebut dimomoti konsep: religius, sadar semesta lan kesadaran berbudi luhur (beradab).
Emane, perkembangan situasine akeh-akehe wong Jawa dhewe nganggep Kejawen iku rumit lan angel dimudhengi. Banjur padha golek gampange (pragmatisme) milih mengadopsi budaya lan peradaban manca kang luwih populer lan gampang. Sethithik mbaka sethithik Kejawen dilalekake kang wusanane ilang kesilep dening dominasine nilai-nilai religius agama lan rasionalitas Barat.
Kodrat pepesthene Gusti Kang Maha Agung kanyatane ora gampang ilang musna. Semono uga kinodrat Jawa uga ora gampang ilange senajan kesilep dening dominasi tata nilai liya. Arepa ing tata lair wong Jawa malih ora Jawa maneh, kanyatane otot bayune tetep Jawa. Senajan ngelmu urip cara Jawa wektu iki dilalekake, nanging isih tetep ana ing sajroning batine saben wong Jawa.
Kanthi mangkono isih bisa diuri-uri lan sawijining wektu ing mbesuke bakal dadi ideologine wong Jawa maneh. Apamaneh ing mengko sawise akeh sing mangerti menawa ngelmu urip Jawa iku piwulang luhur babagan ‘sejatining urip’ tumraping manungsa. Lan cetha banget arase kanggo urip bebarengan.
Ngelmu Urip #16
Ngelmu Urip cara Jawa sumber bakune filosofi Jawa, panunggalan. Wondene kang dituju kanggo nggayuh urip bebarengan kang tata tentrem kerta raharja. Menawa diringkes, kang dituju iku: slamet. Slamet kanggo pribadi, slamet kanggo kulawarga, slamet kanggo bebrayan, munggahe slamet utawa hayuning bawana. Kanggo nggayuh sakabehing slamet mau, ajaran Jawa
mulangake cara pangati-ati. Sakabehing persoalan ditimbang-timbang lan dipetung mateng. Mula banjur ana ‘ngelmu petung’. Yaiku ngelmu pangati-ati anggone nemtokake tumindak murih bisa nggayuh slamet. Kang paling populer babagan ‘ngelmu petung’ iki, yaiku petung owah gingsire kahanan ‘alam semesta’ kang diarani Primbon Wuku lan Wetonan.
Primbon Wuku lan Wetonan klebu ngelmu kang angel lan rumit, mula akeh kang banjur ora percaya pigunane. Malah-malah banjur ana sing nganggep gugon tuhon lan ngayawara. Kamangka sejatine mujudake sawijining sarana kanggo tumindak ngati-ati. Lan maneh uga
nganggo landhesan kang maton, yaiku anane owah gingsire kahanan alam semesta.
Para leluhur Jawa kanyatane bisa niteni babagan owah gingsire alam semesta miturut lakuning wektu. Bangsa liya, owah-owahan iku akeh-akehe amung kanggo nyatheti ‘perjalanan waktu’. Dene para leluhur Jawa kang nduweni ‘kesadaran semesta’, owah gingsire kahanan alam semesta ana pengaruhe tumrap kahanan uripe manungsa. Salagine ubenge bumi ing sumbune, wis
menehi owahing kahanan anane awan lan bengi. Naluri alamiah manungsa urip yen awan padha luru pangan dene bengine turu. Mula ora mokal menawa owah-owahan ‘posisine’ bumi karo sakabehing ‘benda angkasa’ ana daya pengaruhe marang uripe manungsa. Kesadaran semestane wong Jawa banjur bisa menehi tenger owah gingsire kahanan alam semesta. Ing antarane tenger owahing kahanan miturut perjalanan waktu :
1. Pasaran (Pancawara), etungan dina cacah 5 (lima):
Kliwon (Kasih), Legi (Manis), Paing (Jenar), Pon (Palguna), Wage (Cemengan, Kresna, Langking).
2. Paringkelan (Sadwara), etungan dina cacah 6 (enem):
Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, Uwas, Mawulu.
3. Padinan (Saptawara), etungan dina cacah 7 (pitu):
Akat utawa Minggu (Dhite, Radhite, Radhitya), Senen (Soma), Selasa (Anggara), Rebo (Budha), Kemis(Respati, Wrahaspati), Jumuwah (Sukra), Saptu (Tumpak,Saniscara).
4. Padewan (Hastawara), etungan dina cacah 8 (wolu):
Sri, Indra, Guru, Yama, Rudra, Brama, Kala, Uma.
5. Padangon (Nawawara), etungan dina cacah 9 (sanga):
Dangu, Jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wurung, Dadi.
6. Wuku (minggu) ana 30 (telung puluh): Sinta, Landhep, Wukir, Kuranthil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujud, Pahang, Kuruwelut, Marakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manail,
Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, Watugunung.
7. Sasi ana 12 (rolas): Sura, Sapar, Mulud, Bakdamulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkaidah, Besar.
8. Taun ana 8 (wolu): Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.
9. Windu (umur 8 tahun) cacahe ana 4 (papat): Windu Adi (Linuwih), Windu Kuntara (Ulah), Windu Sengara (Panjir), lan Windu Sancaya (Sarawungan). Lakuning Windu saubengan ana 32 taun.
10. Lambang (umur 8 tahun) cacahe ana 2. Jenenge urut jenenge Wuku manut tumibane tanggal 1 Sura taun Alip ana ing dina kang klebu ing Wuku sing kanggo jeneng. Lakuning Lambang saubengan ana 16 taun.
11. Kurup (umur 15 windu = 120 tahun). Jenenge Kurup ana (7) pitu, manut tibane dina tanggal 1 Sura taun Alip: Tiba dina Jumuwah - Jamngiyah, Kemis - Kamsiyah, Rebo – Arbangiyah, Selasa - Salasiyah, Senen – Isnainiyah, Akad – Akadiyah, lan Sabtu - Sabtiyah.
12. Mangsa (sasi manut Suryasangkala, Tahun Saka): Kasa = Karttika, Karo = Pusa, Katelu = Manggasri, Kapat = Citra, Kalima = Manggakala, Kanem = Naya, Kapitu = Palguna, Kawolu = Wisaka, Kasanga = Jita, Kasapuluh = Srawana, Dhasta (Kasewelas) = Padrawana, Saddha
(Karolas) = Asuji.
Ngelmu Urip #17
Petung ‘perjalanan wektu’ (kalender) Jawa pancene pepak temenan. Kejaba kalender kang wewaton ubenge rembulan (komariyah, lunar) lan ubenge bumi ngiteri serengenge (syamsiyah, solar), Jawa duwe petungan Wariga Gemet kang ubengane 210 dina. Ing Bali petungan iki disebut ‘Pewarigaan’. Wewaton petungan iki njumbuhake petung: Padinan (saubengan 7 dina),
Pasaran (saubengan 5 dina), Paringkelan (saubengan 6 dina), lan Pawukon (saubengan 30 minggu = 210 dina). Ana ing prasasti lan kitab-kitab kakawin (basa Kawi), cathetan wektu wujud gabungan antarane petung Wariga Gemet lan taun Saka (Çaka) lan Mangsa. Kanggo iku
diaturake conto:
Sejarah dan Prasejarah Bahasa Jawa Kuno Pengetahuan kita mengenai sejarah Jawa Kuno terutama berdasarkan piagam-piagam dan prasasti-prasasti lama, yang ditulis di atas batu atau lempeng-lempeng dari perunggu. Tulisan-tulisan itu biasanya menyebut tanggal dikeluarkannya lewat sebuah sistem rumit yang berkaitan dengan gejala-gejala astronomis. Demikian misalnya prasasti SUKABUMI (bahasa Jawa Kuno) diawali begini: “Pada tahun 726 penanggalan Saka, dalam bulan Caitra, pada hari kesebelas paro terang, pada hari Haryang (hari kedua dalam minggu berhari enam), Wage (hari keempat dalam minggu berhari lima), Saniscara (hari ketujuh dalam minggu berhari tujuh)…” dan seterusnya. Inilah sebuah contoh khas cara orang Jawa
dulu menentukan sebuah tanggal.
Dalam prasasti-prasasti kemudian hari, sistem tersebut disempurnakan lagi, sehingga juga menyebut tingginya bulan, sebuah planit tertentu dan konstelasi maupun konjugasi dua bintang. Demikianlah pada umumnya terbuka kemungkinan untuk mengalihkan tanggal sebuah prasasti ke dalam kronologi kita dengan suatu kadar kepastian yang cukup memadai. Dan mengenai prasasti
SUKABUMI kita lalu sampai pada tanggal 25 MARET tahun 804 M. (P.J. Zoetmulder, Kalangwan (1974) halaman 3).
Cerita tentang penulisan Wirathaparwa Waisampayana: “Duli Baginda, beginilah sejauh yang
saya ingat. Kita mulai membaca cerita ini pada hari ke-15 bulan gelap dalam bulan ASUJI; harinya TUNGLE, KALIWON, BUDHA, pada wuku PAHANG dalam tahun 918
penanggalan SAKA. Dan sekarang ialah MAWULU, WAGE, RESPATI dalam wuku MADANGKUNGAN, pada hari ke-14 paro petang dalam bulan KARTTIKA. Jadi waktunya genap satu bulan kurang satu hari. Pada hari kelima Baginda tidak menitahkan diadakannya suatu pertemuan, karena Baginda terhalang oleh urusan lain. Menerjemahkan cerita ini ke dalam Bahasa Jawa Kuno minta waktu yang cukup banyak. Duli mengharapkan, agar pembawaan tidak melampaui kesabaran Baginda dan tidak dianggap terlalu panjang.”
Di sini kita berjumpa dengan suatu contoh bagaimana tanggal dibawakannya untuk pertama kali sebuah karya Jawa Kuno (deklamasi perdana) ditentukan dengan cukup rumit. Menurut kronologi modern tanggalnya ialah sejak 14 Oktober sampai 12 Nopember tahun 996 M. (P.J. Zoetmulder, Kalangwan (1974), halaman 110). Conto kasebut ing ndhuwur nuduhake menawa kawit biyen
mula wong Jawa wis duwe tatacara dhewe netepake tanggal (wektu). Disebutake wektune omplit banget. Disebutake kahanane rembulan (petung lunar): ‘paro petang’ lan ‘paro terang’. Kahanane ‘mangsa’ (PJZ nerjemahake bulan - petung solar). Panyebute dina nganggo petung Wariga Gemet (Wuku, Padinan, Paringkelan, Pasaran). Lan disebutake uga angka taun penanggalan Saka.
Kanthi mangkono, Jawa sejatine pancen wis duwe tata penanggalan sing lunar (komariyah) lan sing solar (syamsiyah). Malah diganepi nganggo petung Wariga Gemet. Nanging pancen sajake ora duwe cathetan angka taun, mula jaman prasasti lan kakawin sing dianggo angka taun Saka.
Ing Jaman Mataram Sultan Agung, petung Wariga Gemet dijumbuhake karo Penanggalan Hijriyah. Hebate, banjur bisa ditemokake wilangan siklus dina kang jumbuh karo petung penanggalan lunar lan Wariga Gemet, yaiku 5670 dina kang padha karo 2 windu (16 taun).
Ngelmu Urip #18
Panjumbuhe petung Wariga Gemet karo penanggalan sistem lunar (komariyah) ngasilake Penanggalan Jawa kang banjur bisa ‘nyambung’ (senajan ana bedane) karo penanggalan Hijriyah Islam. Angka taun Penanggalan Jawa ora njupuk angka taun Hijriyah, nanging nerusake
angka taun Saka kang sisteme solar (syamsiyah). Bab iki ora amarga Jawa ngemohi penanggalan Hijriyah, nanging murih cetha prabedane penanggalan Jawa (lunar) karo penanggalan Hijriyah. Karomaneh, penanggalan Saka kang neng Jawa wis lumaku wiwit mlebune agama Hindhu wis dianggap penanggalan Jawa. Malah-malah, menawa dikaitake karo Pranata Mangsa (sasi, wulan),
bisa uga penanggalan Saka kang dianggo wong Jawa ora padha karo penanggalan Saka sing dianggo ing tanah Hindustan (India).
Penanggalan Jawa yasane Sultan Agung digawe murih bisa nglebokake sistim petungan wektu (Wariga Gemet) kang wis ‘mentradisi’ lan asli Jawa. Upamane, kejaba wuku lan wetonan isih ana jenenge taun cacah 8, windu cacah papat, tumekane kurup cacah 7 (sawise dijumbuhake,
sadurunge ana 35).
Cathetan bab kurup: Lumakune saben 120 taun, yaiku ngajokake sedina tibane tanggal 1 Sura taun Alip. Menawa kurup sadurunge tiba Rebo Wage (Kurup Aboge), candhake ditibakake Selasa Pon (Kurup Asapon), tegese puteran kurup manut cacahe dina wetonan (35). Sawise
dijumbuhake cukup pitung kurup kang jenenge manut urutan mundur jeneng Padinan. Upamane sadurunge tiba tanggal 1 Sura taun Alip tiba dina Saptu dijenengi kurup Sabtiyah, kurup sateruse tiba dina Jemuwah dijenengi kurup Jamngiyah.
Ing bawarasa Ngelmu Urip perlu banget diaturake pangerten-pangerten petung wektu Jawa iki jalaran ing tengahing masyarakat akeh kang nganggep petung wektu Jawa ngayawara lan tahayul. Ana uga kang duwe anggepan menawa Kalender Jawa iku mung jiplakan saka Kalender Hijriyah. Tegese, ngasorake kawruhe leluhure awake dhewe lan muji-muji kawruh saka manca kang urung
mesthi nyocogi kanggo nglakoni urip neng tanah Jawa. Petung wektu Jawa mujudake perangan pangati-ati kang tliti temenan. Mula, bisa uga, ya mung wong Jawa kang duwe krenah menehi wataking kahanan utawa ciriwanci tumrap dina-dina ing Wariga Gemet cacah 210. Kejaba nganggo dhedhasar wataking: Wuku, Padinan, Pasaran lan Paringkelan, uga dilebokake petungan dina Padewan (saubengan 8 dina) lan Padangon (saubengan 9 dina). Sabanjure ditambahake petungan neptu cacah 3, yaiku: Petungan Pancasuda (7 werna), Rakam (6 werna), lan Paarasan (10 werna). Uga ana luluri utawa pangeling-eling anane dina-dina kang duwe bobot kahanan ‘aurora kosmis khusus’, yaiku: Tali Wangke, Sampar Wangke, Sarik Agung, Kala Dhite, Dhendhan Kukudan lan Sengkan Turunan.
Kabeh petung lan pepeling tumuju marang pangati-ati anggone mangerti kahanan owah gingsire aurora kosmis alam semesta ing saben dinane. Kanyatane, kahanane planet bumi ing tengahing alam semesta tansah dayan dinayan karo sakabehing ‘benda angkasa’. Daya-dinayan iku nuwuhake aurora kosmis kang tansah owah gingsir dinamis manut posisine bumi karo benda-benda angkasa liyane mau.
Contone:
- Hubungane bumi karo srengenge ndadekake ana awan lan bengi, uga ndayani urip kehidupan) marang flora lan fauna, nuwuhake angin lan udan kang sabanjure (kanggone manungsa Jawa) bisa ditengeri anane ‘mangsa’ (musim) cacah 12 saben taune.
- Hubungane bumi karo rembulan ana dayane kang njalari ana pasang lan surut tumraping banyu segara. Uga ndayani prilakune flora lan fauna.
Menawa srengenge lan rembulan nduweni daya pangaribawa tumraming urip (kehidupan) titahing Gusti Allah kang manggon ing bumi, milyaran lintang ing angkasa mesthi uga ada daya pangaribawane. Ana daya aurora kosmis kang sipate bisa dititeni sacara empiris, nanging uga
ana daya kang sipate kudu dimangerteni kudu nganggo daya spirituil. Gandheng titah manungsa (Jawa) kaparingan daya empiris (cipta rasa karsa) lan daya spirituil, mula bisa mangerteni sakabehing owah-owahane aurora kosmis alam semesta lan pengaruhe marang urip lan panguripane manungsa. Iya nganggo dhasar pangerten iki, ing Jawa ana Primbon Pawukon lan
Wetonan kang kanggo mangerteni watak lan lelakone uripe manungsa kang gegayutan karo weton lan wukune nalika lair.
Ngelmu Urip #19
Ing tengahing bebrayan wektu iki, akeh kang nganggep primbon pawukon lan wetonan petungan kang ora klebu nalar, gugon tuhon ngayawara. Malah-malah akeh uga kang nganggep ‘bertentangan’ karo ajaran agama. Nanging anehe, sing padha maido iku nyatane ya ora
wani nerak kapercayaan anane dina becik lan ala. Uga ana kang isih perlu golek dina becik nalikane arep mantu, pindhah omah, serah terima jabatan lan sapanunggalane.
Kanyatan mangkene iki nuduhake menawa sejatine ing jero batine wong Jawa pancen wis kadunungan ‘kesadaran semesta’ kang mbalung sungsum. Anane padha duwe anggepan yen wuku lan wetonan gugon tuhon mung sawijining ‘pepinginan’ ben diarani moderen utawa
‘lurus imane’.
Pancen gegandengan karo masalah owah-owahan kahanan semesta alam kang dipetung nganggo wuku lan wetonan banjur ana tuntunan Jawa kanggo ‘menyiasati’ murih becike. Tuntunan mau ana kang wujud ritual sesaji lan ruwatan kang ora gampang dinalar. Upamane kang disebut ‘sedhekah ngawekani sambekala wuku’ utawa ‘ruwatan wuku’ kang wujude ritual kendurenan. Apa maneh dongane kok dudu donga Jawa nanging donga agama Islam kang diwenehi pengantar nganggo basa Jawa. “ Apa mandi dongane ?”, mangkono pitakonan kang kerep ditampa KSM.
Ewuh aya anggone arep nerangake. Amarga bab iki pancen ana sambunge karo transformasi budaya nalika lumebune agama Islam ing Jawa. Menawa digoleki ing literatur bab anane sambekala wuku lan tatacara sidhekahe kaya kang disebut ing buku-buku primbon, ketemune mung ana ing jaman kapujanggan. Yaiku jaman nalikane akeh lakubudaya Jawa kang wis dileboni pengaruh agama Islam. Mula (pandugane KSM) babagan sesaji lan donga ngawekani ‘sambekala wuku’ wis ora asli Jawa maneh.
Gumantung sing nampa. percaya njur dilakoni ya becik, ora percaya ya resiko pribadine dhewe-dhewe. Amarga pratelan ing wuku lan wetonan amung kaya dene ancer-ancer sipating manungsa kang disebabake kahanan aurora kosmis semesta nalikane lair. Fungsine kanggo instropeksi dhiri anggone nglakoni urip murih ngati-ati. Karomaneh, kanyatane pratelan wetonan lan pawukon ora bisa ditampa mentahan. Jalaran bisa gawe nglokro menawa pratelane elek, nanging uga bisa
njalari kemlungkung menawa pratelane tiba becik. Kabeh isih butuh disurasa dhewe-dhewe sagaduke ‘cipta rasa karsa’ kang diduweni.
Pratelan wuku lan wetonan uga dudu ‘kodrat’, nanging amung kaya dene ‘bungkus kosmis’ kang bisa disuwak utawa diluruhake. Gambarane kaya dene pengaruh lingkungan (masyarakat) marang perkembangan SDM. Menawa kahanan masyarakate pancen endhek kualitas peradabane, SDM uga endhek kualitase. Bisane owah menawa diwulang (pendidikan). Mengkono uga bab pratelan wuku lan wetonan kang gegayutan karo watak wantune manungsa bisa disuwak lan diowahi sarana ‘laku’ ngoptimalake dayane ‘cipta-rasa-karsa’.Ananging gandheng kang dadi sumber pengaruhe iku kahanan alam semesta, mula laku panyuwake uga ora gampang. Mulane para leluhur banjur njupuk panyuwake sambekala wuku nganggo sesaji lan didongani. Pamrihe
supaya gampang dilakoni dening ‘awam’. Wondene ‘kahanan alam semesta’ kang pancen ora becik kanggo sawijining pakaryan, para leluhur paring pepeling murih disingkiri. Pamrihe kanggo pangati-ati anggone tumindak lan tansah eling marang kahanan alam semesta. Pangati-ati iku becik, dadi ngawur banget menawa ana komentar nganggep ‘klenik’ marang kang percaya anane dina ala lan dina becik kanggo sawijining pakaryan.
Ilmu Pengetahuan lan Teknologi jaman saiki pancene wis bisa menehi andharan babagan observasi alam semesta. Pirang-pirang satelit bisa diorbitake kanggo kepentingan komunikasi lan mengamati gejala lan peristiwa alam semesta. Pigunane akeh banget tumraping manungsa. Nganti bisa ‘ngramal’ bakal anane bencana alam werna-werna. Kabeh observasi alam semesta mau bakune uga kanggo mangerteni owah gingsire kahanan alam semesta kang tujuwane golek ‘slamet’. Mula ing kene becike ditunggu wae asile observasi mau jumbuh apa ora karo pratelane wuku lan wetonan cara Jawa. Menawa jumbuh tegese leluhur Jawa wis ndhisiki ngerti pakartine alam semesta. Dene yen geseh, lagi bisa diarani menawa kawruh warisane leluhur Jawa bab
wuku lan wetonan pancen ‘ngayawara’.
Ngelmu Urip #20
Wuku lan wetonan sejatine dudu ramalan, nanging petung utawa malah bisa diarani sawijining kawruh kanggo mangerteni ‘situasi lan kondisi’ alam lan wataking manungsa manut weton lan wuku kelahirane. Gandheng manungsa kadunungan ‘cipta rasa karsa’ mangerteni kahanan alam semesta lan wewatekane dhewe-dhewe iku migunani kanggo nglakoni urip. Saora-orane kanggo
pangeling-eling murih bisa srawung kepenak karo sapadha-padha.
Pratelan wuku lan wetonan uga dudu kodrat, ananging amung ancer-ancer kahanan kang bisa disiasati dening dayaning ‘cipta rasa karsa’ kang diduweni manungsa. Ya ing kene iki perlune ngoperasionalake kesadaran ber-Tuhan, kesadaran kesemestaan lan kesadaran keberadaban. Menawa ing jeroning batin kita tansah ngupadi nglakoni urip kang ‘becik-bener-pener’ bakale
ya dituntun manggih kamulyan temenan. Beja-cilaka, seneng-susah amung kahanan kang lumrah dialami dening manungsa.
Ngelmu urip candhake ngrembuk bab ‘kesadaran keberadaban’. Tinitah dadi manungsa kang diparingi ‘cipta rasa karsa’ wus samesthine kudu beradab utawa nduweni ‘budi pekerti luhur’. Pigunane kanggo urip bebarengan karo sapadha-padha (manungsa liyane). Ing tengahing bebrayan pancen ana kang duwe panganggep menawa ‘peradaban’ Jawa isih kegolong primitif.
Panganggepe didhasarake anane lakubudaya Jawa ‘atur sesaji’. Malah kepara ana sing ndakwa menawa lakubudaya ‘atur sesaji’ iku ‘bersekutu’ karo setan. Ya, kabeh mau syah-syah wae, wong mung panemu. Tur akeh-akehe panemu kang mangkono iku ora dikantheni ‘nyinau’ luwih dhisik. Nek dijlentrehake larah-larahe sing klebu nalar, padha mbregudul emoh nampa. Lha ya
wis sumangga, wong kadhung nampa piwulang saka peradaban liya kang dianggep luwih bener lan moderen. Peradaban Jawa iku ngrembakane kanthi aras peradaban pertanian sawah lan kebaharian. Ana ing peradaban iki kanyatane dibutuhake ‘makarya bebarengan’. Ora ana
pegaweyan kang bisa ditandangi ijen. Olah tani nggarap sawah lan misaya iwak (kenelayanan) ora bisa tumandang ijen. Mesthi ana sangkut-paute karo manungsa liyane. Contone bab pengairan sawah cetha kudu ana ‘manajemen bersama’ murih padha bisa entuk banyu saka sumber alam kang uga dadi ‘milik bersama’. Semono uga nalika kudu golek iwak neng tengah laut,
mesthi bebarengan sak perahu.
Aras peradaban kang kasebut ndhuwur adoh banget sungsate menawa dibandhingake karo aras budaya ‘penggembala ternak’ ing Asia Daratan lan ‘pertanian kebun’ ing Eropa. Kekarone bisa ditandangi ijen utawa sak keluarga thook. Mula sing berkembang ‘individualisme’ dudu ‘kebersamaan’. Ana ing peradaban kang individualis banjur thukul anane budaya ‘juragan-pekerja’ lan kang ekstrim budaya ‘majikan-budhak’. Ana ing peradaban individualis banjur akeh tabrakan kepentingan: individu, keluarga (klan), lan kabilah kang entek-entekane wujud konflik.
Konflike rebutan padhang penggembalaan, rebutan kesuburan lahan perkebunan, rebutan budhak, lan rebutan ‘kamisuwuran-bandha-wanita’.
Beda banget karo aras peradaban Jawa kang pertanian sawah lan kebaharian. Ana ing peradaban iki, kanthi alamiah wong-wonge padha sadhar menawa ora bisa urip ijen. Padha sadar menawa antarane manungsa siji lan sijine ana ‘hubungan lan saling tergantung’. Biyen=biyene, masyarakat Jawa sing pedalaman (pertanian) nyawiji ana wilayah ‘Kabuyatan’, dene sing
neng pesisir ing wilayah ‘bebandharan’. Malah sing nggumunake, ing masyarakat pesisir, pemimpine para wanita kang disebut Nyai Ageng. Dene ing para Buyut kang akeh-akehe para pria disebut ‘Ki Buyut’ utawa ‘Ki Gedhe’.
Nyai Ageng lan Ki Buyut (Ki Gedhe) kejaba nduweni kaluwihan kepinteran babagan ‘kepemimpinan sosial’, uga padaha nduweni karisma (kaluwihan) ing babagan spiritual. Wewatakane ‘ngayomi’, mula wargane bisa suyud lair terusing batin. Kabeh warga ing
‘bebandharan’ lan ‘kabuyutan’ bisa makarya bebarengan manut kabisane dhewe-dhewe. Arang banget anane ‘konflik’ amarga arase tansah migunakake ‘musyawarah’ kang dipimpin dening pemimpin utama, Nyai Ageng lan Ki Buyut.
Ngelmu Urip #21
Anane pemerintahan model ‘kabuyutan’ lan ‘bebandaran’ nuduhake menawa sejatine Jawa iku duwe sistim pemerintahan sing teratur lan asli. Dudu jiplakan saka Asia daratan (India, Burma, lsp.) kaya dene panemune para pakar sejarah asing. Pancen ana teori-teori ‘nggladrah’ babagan asal-usule wong Jawa klebu budaya lan peradabane. Cilakane, anggone nyusupake teori mau pinter banget, kasebut ‘Jangka’. Manut teori ‘Jangka’ iki, asal-usule wong Jawa iku saka krenahe Sultan Ngerum (Timur Tengah) kang mrihatinake kahanane P. Jawa kang tansah kompal-kampul ing tengahing samodra. Banjur utusan para syech-syech sektine supaya mantek P. Jawa. Panteke wujud Gunung Tidar (Magelang). Sawise P. Jawa anteng banjur diiseni manungsa kang dijupukake saka wilayah Asia daratan. Diusung nganggo prau komplit sak ingon-ingon lan kaperluwan bukak sawah pertanian. Saben prau diiseni wong salaksa (10.000). Menawa dinalar, lha rak ketok banget anggone arep gawe ‘pinunjule’ wong-wong saka Timur Tengah. Buktine, wong Timur Tengah ora duwe ‘budaya bahari’, kok bisa-bisane gawe prau sing bisa momot puluhan ewu manungsa sak kewan-kewane. Lha ya kepriye bisane gawe prau, wong ora duwe alas kang kayu-kayune bisa dianggo gawe prau.
Ana maneh teori awur-awuran kang disebut ‘Jangka’ mau. Yaiku, crita menawa Sang Prabu Jayabaya iku muride Syech Samsujen kang asale saka Ngerum. Klebu nalar apa ora menawa “Ratu Gung Binathara Jawa’ mik trima dadi muride ‘syech’ saka negara Ngerum sing ora kondhang babar pisan ana ing sejarah?
Strategi penjajahan peradaban, ngono panemune KSM babagan anane teori-teori ‘nggladrah’ bab asal-usule wong Jawa lan budayane kang disebut ing ‘Jangka’. Bisa uga panemuku iki akeh sing ora sarujuk. Amarga kadhung percaya banget karo ‘jangka-jangka’ kang sumebar ing tengahing masyarakat. Dhek malem Selasa Kliwon (16 Juli 2007) kepungkur, KSM dikon sesorah ‘Falsafah Panunggalan’ neng ngarepe warga Yayasan Kanthil Semarang. Ana peserta sing takon, posisine
‘Jangka Jayabaya’ neng Falsafah Panunggalan iku priye? Tak wangsuli, menawa ing jangka kang dikarepake isih ana wacana Prabu Jayabaya muride Syech Samsujen, iku jangka ‘omong kosong’. Jangka kang migunakake basa Jawa anyar kasebut perlu dirunut neng basa Kawi. Jalaran nyebut Prabu Jayabaya kang ing jamane maju banget kasusastran Kawi (Kakawin). Yen ora ana rujukan ing basa Kawi, cetha yen ‘jangka’ kang dikarepake karyane penjajah. Tujuwane kanggo
ngringkihake ‘kedaulatan Jawa’.
Para maos, kanyatane ing donya iku pancen ana jajah-menjajah antar peradabane manungsa. Ing kene, Jawa tansah dadi korban penjajahan utawa sing dijajah. Mula akibate budaya lan peradaban Jawa diasorake. Dianggep primitif, kebak klenik lan ketahayulan. Wusanane wong Jawa akeh sing rumangsa ‘isin’ marang budaya lan peradaban warisan leluhure. Amarga wedi mlebu neraka, wong Jawa wis akeh kang ora gelem nindakake lakubudayane kang dicap ‘syirik’ utawa
bersekutu karo setan.
Kamangka, sejatine lakubudaya Jawa iku luhur banget. Ana ing sarasehan Selasa Kliwonan Yayasan Kanthil, tak aturake conto kaluhurane lakubudaya Jawa kang pancadane Falsafah Panunggalan.. “Kambing melahirkan pun perlu diselamati”, ngono irah-irahan berita Harian
Wawasan anggone ngomentari sesorahku. Nylameti laire wedhus, satleraman pancen kayadene tumindak nganeh-anehi lan mubadir. Nanging akeh sing ora mangerti menawa slametan laire wedhus kang wujud ‘dhawet’ iku nuduhake ‘ide Panunggalan’. Senajan wujude wedhus, kanyatane uga titahe Gusti Allah. Wong Jawa kang sadar Panunggalan lan rumangsa diparingi
‘Cipta Rasa Karsa’ mesthi mudheng menawa kudu ngurmati laire titahing Gusti. Perkara peradaban liya nganggep wedhus mik kewan kang syah ‘dibantai’ kanggo ritual agama, iku dudu urusane wong Jawa kang landhep ‘rasa pangrasane’, lantip ciptane, lan tulus sumarah karsane
tumuju marang Panunggalan.
Conto luhure peradaban Jawa liyane, yaiku tradisi sesaji ing malem Jumuwah Kliwon utawa Selasa Kliwon. Wujude sesaji ‘kembang setaman’ kang ing esuke disebar ing prapatan dalan utawa plataran omah. Akeh kang nganggep lakubudaya iki klenik, tahayul, lan syirik. Nanging coba tak aturi nyimak rapal mantrane nyebar kembang, mangkene:
“Ora nyebar kembang, nanging nyebar kabecikan. Gusti Ingkang Maha Kuwasa keparengna Paduka paring kawilujengan lan karahayon dhumateng sedaya titah Paduka ingkang langkung ing prapatan (plataran) punika.” Lha mbok wujud gendruwo, coro, utawa kirik sing liwat katut disuwunake keslametan lan karahayon. Mangga dipenggalih lan ditandhing karo lakubudaya liyane!.
Dening Ki Sondongmadali