"Maka apabila langit telah terbelah dan menjadi merah mawar seperti (kilapan) minyak" (Ar-Rahman: 37)





















Tawassul

Yaa sayyid as-Saadaat wa Nuur al-Mawjuudaat, yaa man huwaal-malja’u liman massahu dhaymun wa ghammun wa alam.Yaa Aqrab al-wasaa’ili ila-Allahi ta’aalaa wa yaa Aqwal mustanad, attawasalu ilaa janaabika-l-a‘zham bi-hadzihi-s-saadaati, wa ahlillaah, wa Ahli Baytika-l-Kiraam, li daf’i dhurrin laa yudfa’u illaa bi wasithatik, wa raf’i dhaymin laa yurfa’u illaa bi-dalaalatik, bi Sayyidii wa Mawlay, yaa Sayyidi, yaa Rasuulallaah:

(1) Nabi Muhammad ibn Abd Allah Salla Allahu ’alayhi wa alihi wa sallam
(2) Abu Bakr as-Siddiq radiya-l-Lahu ’anh
(3) Salman al-Farsi radiya-l-Lahu ’anh
(4) Qassim ibn Muhammad ibn Abu Bakr qaddasa-l-Lahu sirrah
(5) Ja’far as-Sadiq alayhi-s-salam
(6) Tayfur Abu Yazid al-Bistami radiya-l-Lahu ’anh
(7) Abul Hassan ’Ali al-Kharqani qaddasa-l-Lahu sirrah
(8) Abu ’Ali al-Farmadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(9) Abu Ya’qub Yusuf al-Hamadani qaddasa-l-Lahu sirrah
(10) Abul Abbas al-Khidr alayhi-s-salam
(11) Abdul Khaliq al-Ghujdawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(12) ’Arif ar-Riwakri qaddasa-l-Lahu sirrah
(13) Khwaja Mahmoud al-Anjir al-Faghnawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(14) ’Ali ar-Ramitani qaddasa-l-Lahu sirrah
(15) Muhammad Baba as-Samasi qaddasa-l-Lahu sirrah
(16) as-Sayyid Amir Kulal qaddasa-l-Lahu sirrah
(17) Muhammad Bahaa’uddin Shah Naqshband qaddasa-l-Lahu sirrah
(18) ‘Ala’uddin al-Bukhari al-Attar qaddasa-l-Lahu sirrah
(19) Ya’quub al-Charkhi qaddasa-l-Lahu sirrah
(20) Ubaydullah al-Ahrar qaddasa-l-Lahu sirrah
(21) Muhammad az-Zahid qaddasa-l-Lahu sirrah
(22) Darwish Muhammad qaddasa-l-Lahu sirrah
(23) Muhammad Khwaja al-Amkanaki qaddasa-l-Lahu sirrah
(24) Muhammad al-Baqi bi-l-Lah qaddasa-l-Lahu sirrah
(25) Ahmad al-Faruqi as-Sirhindi qaddasa-l-Lahu sirrah
(26) Muhammad al-Ma’sum qaddasa-l-Lahu sirrah
(27) Muhammad Sayfuddin al-Faruqi al-Mujaddidi qaddasa-l-Lahu sirrah
(28) as-Sayyid Nur Muhammad al-Badawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(29) Shamsuddin Habib Allah qaddasa-l-Lahu sirrah
(30) ‘Abdullah ad-Dahlawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(31) Syekh Khalid al-Baghdadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(32) Syekh Ismaa’il Muhammad ash-Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(33) Khas Muhammad Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(34) Syekh Muhammad Effendi al-Yaraghi qaddasa-l-Lahu sirrah
(35) Sayyid Jamaaluddiin al-Ghumuuqi al-Husayni qaddasa-l-Lahu sirrah
(36) Abuu Ahmad as-Sughuuri qaddasa-l-Lahu sirrah
(37) Abuu Muhammad al-Madanii qaddasa-l-Lahu sirrah
(38) Sayyidina Syekh Syarafuddin ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(39) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh ‘Abd Allaah al-Fa’iz ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(40) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh Muhammad Nazhim al-Haqqaani qaddasa-l-Lahu sirrah

Syahaamatu Fardaani
Yuusuf ash-Shiddiiq
‘Abdur Ra’uuf al-Yamaani
Imaamul ‘Arifin Amaanul Haqq
Lisaanul Mutakallimiin ‘Aunullaah as-Sakhaawii
Aarif at-Tayyaar al-Ma’ruuf bi-Mulhaan
Burhaanul Kuramaa’ Ghawtsul Anaam
Yaa Shaahibaz Zaman Sayyidanaa Mahdi Alaihis Salaam 
wa yaa Shahibal `Unshur Sayyidanaa Khidr Alaihis Salaam

Yaa Budalla
Yaa Nujaba
Yaa Nuqaba
Yaa Awtad
Yaa Akhyar
Yaa A’Immatal Arba’a
Yaa Malaaikatu fi samaawaati wal ardh
Yaa Awliya Allaah
Yaa Saadaat an-Naqsybandi

Rijaalallaah a’inunna bi’aunillaah waquunuu ‘awnallana bi-Llah, ahsa nahdha bi-fadhlillah .
Al-Faatihah













































Mawlana Shaykh Qabbani

www.nurmuhammad.com |

 As-Sayed Nurjan MirAhmadi

 

 

 
NEW info Kunjungan Syekh Hisyam Kabbani ke Indonesia

More Mawlana's Visitting











Durood / Salawat Shareef Collection

More...
Attach...
Audio...
Info...
Academy...
أفضل الصلوات على سيد السادات للنبهاني.doc.rar (Download Afdhal Al Shalawat ala Sayyid Al Saadah)
كنوز الاسرار فى الصلاة على النبي المختار وعلى آله الأبرار.rar (Download Kunuz Al Asror)
كيفية الوصول لرؤية سيدنا الرسول محمد صلى الله عليه وسلم (Download Kaifiyyah Al Wushul li ru'yah Al Rasul)
Download Dalail Khayrat in pdf





















C E R M I N * R A H S A * E L I N G * W A S P A D A

Selasa, 12 Februari 2008

Memayu Hayuning Pribadi

Pituduh : 105
Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget sambekalane sing ora bisa dinuga tumibane.
Jer kaya unine pepenget, “Menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”.
Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab sing durung kelakon. Saupama nyumurupa, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.
Pituduh : 106
Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : “Sabar iku kuncining swarga”, ateges marganing kamulyan.
Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep.
Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.
Pituduh : 107
Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjur rumangsa “Sapa sira sapa ingsun”, tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang sapadha-padha.
Elinga yen bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
Pituduh : 108
Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa hayuning jagad.
Pituduh : 109
Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.
Pituduh : 110
“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.
Pituduh : 111
Nadyan wesi iku kanyatane atos, ewa semono yen wis ketrajang ing taiyeng ya bakal entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine mbaka sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga kelangan greget lan lumuh makarya. Wusanane pepes atine kentekan pengarep-arep.
Pituduh : 112
Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah elinga rong prakara iki :
1. Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira
lebokake ing tutuk, dithinthing luwih dhisik apa bakal
gawe rusaking raga apa ora.
2. Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira
wetokake saka tutuk. Lire pikiren luwih dhisik klawan
mateng apa kang bakal sira wetokake iku ora malah gawe
kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang piduwung.
Pituduh : 113
Digendhongana dikuncenana kayangapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwih kuwasa.
Pituduh : 114
Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake bilahi. Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mengkono mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut nyingkiri sadurunge bilahi.
Pituduh : 115
Kamulyan lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.
Pituduh : 116
Kang kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang wis temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong kang kaya mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah linambaran ati kang sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amung akarana Allah. Ora cilik ati, gedhene ngrasa owet ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe, nanging bisa gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang nindakake pangibadah nanging isi ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan digawokana dening Allah.liyan, iku pratandha yen pangidhepe lan pangibadahe durung akarana Allah.
Pituduh : 117
Pambudidayanira manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo sarana ngalab tumuruning peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung saka niyat manembah. Awit wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku panembah kathik banjur nyata kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur dadi kethul kawaspadane marang kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur dadi wong jubriya seneng nyepelekake marang sesamaning dumadi.
Pituduh : 118
Ana sawenehing wong kang duwe penganggap menawa nyenyuwun sihing Allah iku ora ana gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal peparing marang wong kang ora pantes nampa ganjaran, nanging wong mau sajak lali yen Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong kang ora precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora precaya marang anane dhewe, dene nganti awake lair ana ing donya. Nanging yen wong mau nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine yen Pangeran iku ana malah banjur disesuwuni.
Pituduh : 119
Wong kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas banjur bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh bisa ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana panglantih kang tumemen lan ora bosen. Klawan mangkono sabarang kang maune rinasa rekasa lan abot, bakal sirna. Mangkono uga ana bedane yen kita kepingin nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpa bosen.
Pituduh : 120
Yen pinuju wayah bengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran lintang-lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane, angin sumilir ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem ing ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake kita tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing mau ?
Pituduh : 121
Tumraping wong mursid yen pinuju kambah ing prihatin, nolah-noleh ngiwa nengen wis ora ana pitulungan maneh kang bisa diarep-arep tekane. Parandene ora bakal koncadan ing pangarep-arep. Awit wis mangerti menawa tambane prihatin kang ampuh iku ora liya kejaba : sabar. Sabar lan tawakal nyenyuwun kanthi temen-temening ati marang kamurahaning Kang Maha Kuwasa kang ngregem sakabehing mobah-mosiking jagad saisine.
Pituduh : 122
Ala-alaning kelakuwane wong ora kaya kang sinung watak “Sapa sira sapa ingsun”. Marga sendhenan kaluwihane, embuh kekuwasaane, embuh karosan, seneng tumindak sawenang-wenang marang kalahane kang wis tita ora bakal kumawani mancahi gedhene nganti wani mbandakalani kekarepane. Wong kang nduweni sesipatan kaya mangkono mau prayoga enggal ngelingana menawa laku jantraning jagad mono wis kinodrat cakra mangilingan; sing wingi ana ngisor dene sesuk gilir gumanti bakal ngerehake.
Pituduh : 123
Saben dina kita ajeg reresik badan lan penganggo, kajaba amrih bagas kuwarasan uga katon apik lan ngresepake. Iki pakulinan kang apik. nanging luwih prayoga maneh yen jroning ati banjur katuwuhan osik : apa saben dina kita uga reresik lan ngupakara batin lan jiwa kita amrih sangsaya apik lan sangsaya resik saka sakehing rereged saka anane cacad-cacad lan panggodha. Sebab yen badan wadhag kang kena ing rusak iku kita gemateni, geneya jiwa kita kang asipat langgeng malah kita lirwakake pangupakarane ?
Pituduh : 124
Sumendhe ing takdir iku dudu sipate wong kang seneng ulah luhuring kebatinan, nanging dadi watake wong kang lumuh tumandang gawe lan cupet nalare. Luhuring kebatinan kudu tansah jumbuh lan laras karo ajuning kawruh lair. Lire, kebatinan kang luhur iya kudu bisa ngujudi pakarti kang luhur uga, kang bisa njunjung lan mulyakake drajading nusa lan bangsane.
Pituduh : 125
Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamangnungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana ing kono. Ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong nglumpukake bandha rajabrana,janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake minangka prabot prenataning jagad.
Pituduh : 126
Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa. Gegayuhan bisane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune ngaurip, wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora mapan. Lire, bisowa tansah ngelingi marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan, angel kepepete, jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspada mono sirikane mala lan adoh saka bebendhu.
Pituduh : 127
Sakabehing tumindak iku panimbange manut kawusanane. Mula murih bisane sampurna, sabarang kang bakal dilakoni lan ditindakake iku luwih dhisik thinthingana lan pilah-pilahna ala becike kanthi weninge nalar/pikir. Yen wis, tumindake kanthi duga lan prayoga, sarta mawa tepa tuladha. Lire, sabarang patrap mau upamakna tumrap awake dhewe, ilangna pangira-ira tumrap awake liyan kang durung disumurupi. Elinga, sapa kang arep mbecikake alam donya iku, kudu mbecikake awake dhewe luwih dhisik.
Pituduh : 128
Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan tingkah lakune kang ora nate gelem kalah. Sabarang tindak-tanduke kepingin unggul lan mamerake kaluwihane, ora angger kaluwihan bisa kanggo ngadhepi bebaya lan ngentas saka papan cintraka. Kaluwihan kang tanpa dilandhesi kautaman, kena diumpamakake kayadene wedhak pupur sing nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian.
Pituduh : 129
Saben tumindak sejangkah ngilowa marang kinclong-kinclonge banyu samudra sing suthik kanggonan sangkrah, jalaran sakehe uwuh mesthi disingkirake minggir. Saben makarya sapecak, tuladhanen pakartine banyu tritisan, nadyan tumetes mbaka satetes, ditindakake kanthi ajeg keconggah mbolongake watu sing atose ngluwihi waja.
Pituduh : 130
Sapa kang bisa nelukake mungsuh-mungsuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging sapa kang bisa nelukake awake dhewe, iya dheweke iku kang luwih kuwat maneh.
Pituduh : 131
Samangsa lagi ngadhepi urip rekasa prayogane adhepana klawan esem gumuyu. Awit iku wus wujud senjata kang bisa gawe enthenging sanggan lan bakal numusi muluring pikir. Nanging yen penandhangmu mau tansah kok adhepi kanthi ulat kang suntrut adhakane kowe bakal kentekan pikir kang wening, wusanane dadi nekat nuruti pokal kang nerak bebener.
Pituduh : 132
Sapa kang nganggep apa bae gampang, mesthi bakal nemu akeh rubeda. Sapa kang gampang janji, iya kuwi kang arang netepi.
Pituduh : 133
Urip tegese mbudidaya ngetog tenaga (berjuwang). Urip nikmat tanpa angin prahara padha karo segara kang mati. Aku luwih seneng ditendhang, dilawan dening nasib, tinimbang diugung.
Pituduh : 134
Laku jujur kuwi padha karo dhuwit kang bisa laku ing ngendi bae.
Pituduh : 135
Kang becik lan ala, kabeh mesthi nampa pikoleh, senajanta kadhang-kadhang nampane cepet, kadhang-kadhang alon.
Pituduh : 136
Wong kang kinaranan berbudi iku, yakuwi wong sing rumangsa tambah kasiksa yen nyumurupi sapepadhane nandhang papa lan kasangsaran. Runtuhe rasa welase adate banjur sinusul sarana cucule prabeya lan barang darbeke. Nanging pancen angel golek-golekane wong sing kaya mangkono iku. Buktine ora sethithik wong sing mati merga kewaregen, apamaneh wong sing mati amarga kaliren.
Pituduh : 137
Manungsa kuwi dadine becik miwiti saka njero menjaba.
Pituduh : 138
Kang waspada marang awakmu dhewe jalaran iya awakmu dhewe kuwi kang mujudake mungsuhmu kang paling gedhe.
Pituduh : 139
Manungsa kang mung ngelingi marang pakartine pancadriyane mono bakal tansah kasinungan rasa dhemen utawa sengsem. Saka Rasa Dhemen banjur kathukulan rasa melik, saka rasa melik munggah dadi nafsu, saka nafsu banjur nasar pakartine lan sirna bebudene sing wekasane tumiba ing papa, nandhang kasangsaran.
Pituduh : 140
Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki ing pasamuwan, katut samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ana ing ati wening. Wetune ora sarana lambe, nanging katampanan ing pucuking pen, mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.
Pituduh : 141
Amrih urip kita tansah nemoni rahayu, aja kendhat nggegulang nandur cipta utama sajroning ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang mantheng marang Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, muga pinaringan nugraha bisa ndarbeni ati kang wening lan jiwa kang utama. Pancen ora gampang wong ngudi bisane kasinungan cipta utama ngelingimenawa manungsa mono mula wis keserenan sipat apes lan lali. Sok ngonowa yen ta sawise nandhang apes lan lali banjur gumregah maneh pangudine apa dene ora kendhat ing panglantihe mantepa ing keyakinanyen Gusti Allah ora bakal ora ngudaneni panyuwun kita.
Pituduh : 142
Kawruh lan “Ilmu pengetahuan” iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo apa kang diwulangake. Lire, ajaran teorine kudu bisa dicakake lan ditrapkake kanggo karahayoning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa dudu.
Pituduh : 143
Banyu iku bisaning bening yen wis menep. Sanadyan maune buthek, nanging yen wis menep, iya banjur bening. Semono uga tumrap pepinginan utawagegayuhan yen diudi nganti katog lan menep ing tembe uga bakal kasinungan sifat bening. Lire, nadyan pepinginan lan panggayu bisa kaleksanan klawan tumuli, ewasemono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.
Pituduh : 144
Yen kepingin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhan kang endhek dhewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal gampang disepelekake dening bawahanmu. Lan kang utama yaiku kowe nuli bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa salira.
Pituduh : 145
Ginubel dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang diayahi, sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo luwih maju. Nanging yen rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing esthine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.
Pituduh : 146
Elinga, mbesuk yen wis tumekaning janjine ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir kang kita darbeni iki bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa menyang alam kalanggengan.
Mula aja banget nggonira katrem marang kadonyan.
Apa maneh, sapa kang tansah ngegul-egulake marang donyabranane lan gandrung marang pepinginan kang ora langgeng, esthine ora bakal bisa nemokake kahanan kang bisa gawe langgenging
kasenengan lan katentremaning ati.
Pituduh : 147
Batine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran.
Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng.
Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.
Pituduh : 148
Abot-aboting coba tumraping ngaurip iku malah ora kaya wong kang lagi kebyukan sihing Gusti Allah.
Yen lulus saka pandadaran bisa dadi manungsa kang kajaba gedhe sih kadarmane uga wicaksana lair batine.
Nanging yen ta ora teguh imane, wong kang lagi kabombong ing donya arta lan keladuk rumangsa sarwa kuwagang mbendung segara
njugrugake gunung mau istingarah bakal koncatan kawaspadane. Kejaba lali marang sangkan parane uga lali yen sakehing drajat lan semat dalasan tekan nyawane dhewe pisan iku mung lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa dipundhut bali dening Kang
Kagungan.
Pituduh : 149
Ambudidayaa ing bandha manut sakatoging tenaga nanging aja lali kinanthenan tekad lan sedya yen saperangan bakal kita tanjakake kanggo nindakake pangibadah.
Elinga yen pati iku lawanging akherat, dene laku ngibadah iku kang bisa dadi sarana nggampangake manungsa tumekane marang ing lawang mau kanthi rasa pangrasa tobat lan sumarah.
Suwalike, jiwa raga kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gusti Allah iku ora beda kaya anggane bandha kang ora dijakati lan ora ditanjakake kanggo penggawe kabecikan.
Pituduh : 150
Yen sira pinuju nandhang bagas kuwarasan, elinga yen nalika kena inglara, suprih sira tetep bagas kuwarasan kanthi sesirik prakara-prakara kang mbiyen nyebabake lara.
Yen ing nalika sugih, elinga yen kena ing pekir, lekas sing kaya mengkono mau kanggo ngawekani amrih sira ora gampang kadunungan pikiran seneng pamer lan sesongaran.
Kawruhana, iku kepara nuduhake pratandha yen dheweke iku sejatine wong kang tuna ing rasa welas asih lan miskin ing kawruh.
Pituduh : 151
Kita manungsa iki ora kena tansah ngantu-antu tekane wektu kang becik, jer wektu kang becik iku sejatine kudu kita dhewe sing gawe. Kita kudu tansah eling yen sabarang tingkah lan tanduk kita ing dina kang siji iku nggawa keputusan tumrap dina sijine.
Dene dina kang pungkasan iku kang mutusake sakabehing wektu lan dina-dina kang wis kapungkur.
Mula sadurunge kita tumapak marang dina pungkasaning urip, dipadha bisa nglungguhi marang jejering urip manungsa.
Pituduh : 152
Wong nandhang lara mono akeh sing merga anggone ngombe lan memangan kliwat taker lan tanpa pilih-pilih.
Mula kanggo nyandhet ubaling hawa marang bab sakarone mau, dibisa marsudi nyuda nuruti kecaping lidhah sarana nglakoni pasa kang mengku ancas nyingkiri sadurunge katamaning bilahi.
Pituduh : 153
Wong kang lagi kasinungan kabegjan lan kamulyan iku dibisa marsudi amrih langgeng, aja banjur kalimput watak jubriya lan sembrana sing sisip sembire bisa kejlungup tiba ing kasangsaran.
Yen wis mangkono mung rasa getun lan piduwung sing kari ing pamburine.
Pituduh : 154
Hawa napsu lan watak angkara iku sawutuhe manjing ing dhiri pribadine dhewe-dhewe.
Yen diumbar ngrebda bakal gawe “Bencana lan kasangsaran”. Suwalike yen bab mau bisa dikendhaleni bakal njilma dadi watak “Sabar lan prasaja”, tulus eklas aweh pangapura marang sapadha-padha sing gawe kaluputan.
Pituduh : 155
Tapaning ati iku mung temen, yen tapaning nyawa mung eling.
Sing sapa bisa eling sedina sepisan bae, adate barang kang sinedya bakal ana.
Sing sapa temen salawase, kabeh pangajabe bakal kecandhak.
Dene kang aran sejatining katemenan iku sakabehing pakarti
kang ditindakake klawan madep mantep tanpa mandheg-mangu lan tolah-toleh, saengga sabarang kekarepane bakal ginayuh.
Pituduh : 156
Wong iku yen lagi nandhang lara lagi bisa ngrasakake sepira mungguh begjane wong kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nanging suwalike, wong sing awake seger waras lumrahe lali rekasane wong lara. Sangsaya adoh kelingane, sangsaya cedhak anggone ngumbar hawa nuruti pepinginane mripat, ilat, lan telih (wadhuk, weteng) kang sejatine ngajak marang rusaking raga. Mula prayogane tansah elinga perihing lara kanthi nggemateni kanikmatan kang wis diparingake dening Gusti Allah tan kena kinayangapa ajine, yaiku wujud awak kang bagas kuwarasan.
Pituduh : 157
Manungsa pinaringan dening Pangeran peranganing awak kangkalarasake karo gumelaring bebrayan. Pinaringan mripat loro, perlune supaya akeha kang dideleng, ya kang ngenani uber ingering alam, ala beciking kahanan, lan owah gingsiring jaman. Lire, supaya linarasna kanthi lantiping panggraita. Pinaringan kuping loro, murih akeha swara kang dirungokake, nuli kathinthingana lan kasaringa kanthi lungiding panyipta lan alapen kang aweh pakoleh. Pinaringan tangan loro, sikil loro, supaya akehe kang ditandhangi, pilihen kang murakabi kanggo bebrayan agung.
Pituduh : 158
Pancen ora ana wewaler ing jagad iki tumraping wong kang nglumpukake donya brana. nanging kita kudu tansah eling yen donya brana mono dudu panggonane kalanggengan. Nabi Muhammad wus paring sabda : “Ora prayoga ninggalake kadonyan marga nglakoni akherat. Nanging jeneng wong kang nistha sapa kang ninggalake bab akherat marga mung golek donya brana tanpa waspada marang pungkasaning dumadi.”
Pituduh : 159
Brangating ati sabisa-bisa kendhalenana, aja diububi nganti muntab dadi ubaling nepsu. Kayadene nyirep geni sarana lenga. Napsu amarah mono isih tetep bakal tansah mbebedhag selawase yen ta ora kinanthenan pikiran kang menep, lan ati kang eling. Elinge ati lan meneping pikir bakal numusi mulure budi kang tundhone bisa dadi panyirep sakehing pakartining setan.
Pituduh : 160
Wong kang ringkih iman lan batine bakal gampang dadi jujugane durjana apus-apus kang pating slier golek mangsan. Pirang-pirang kehe wong kaselak percaya rembug pangiming-iming ora pinikir bakal kedadeyane ing tembe. Wusanane nandhang kapitunan lan kena ing apus. Mula ditansah waspada, aja lirwa ing kaprayitnan.
Pituduh : 161
Samangsa-mangsa thukul pletiking pikir kang kasarung dening ubaling nafsu ala, yogyane sumenekna sauntara. Yen bisa kaya mangkono karan wong wicaksana, jalaran kejaba bisa ngleremake ati kanthi meneping pikirmu uga bakal keconggah nyirep ubaling nafsumu mau, Wusana rahayu kang tinemu merga bisa sumingkir saka memala kang teka arep ngreridhu awakmu.
Pituduh : 162
Wong kang sengsara uripe jalaran ana rong warna. Kapisan saka kaluputane dhewe, kang kapindho merga saka pokale dhewe. Sing kapisan iku paribasane tanem tuwuh kang tansah kodanan lan kepanasan ora diopeni, dene sing kang kapindho paribasane tanem tuwuh kang tansah diapek asile nganti ora kober thukul godhonge.
Pituduh : 163
Yen sira urip ing alam donya iki rumangsa nampa pandum kesethithiken iku wis dadi pepesthene uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga lipuren sarana mawas lelabuhanmu dhewe, jer lelabuhan ing alam donya mono dadi trajuning akeh sethithike pandummu.

sumber :http://ki-demang.com/kidemangblog/?p=14#comment-6

Al Fatiha

 Print Halaman Ini