"Maka apabila langit telah terbelah dan menjadi merah mawar seperti (kilapan) minyak" (Ar-Rahman: 37)





















Tawassul

Yaa sayyid as-Saadaat wa Nuur al-Mawjuudaat, yaa man huwaal-malja’u liman massahu dhaymun wa ghammun wa alam.Yaa Aqrab al-wasaa’ili ila-Allahi ta’aalaa wa yaa Aqwal mustanad, attawasalu ilaa janaabika-l-a‘zham bi-hadzihi-s-saadaati, wa ahlillaah, wa Ahli Baytika-l-Kiraam, li daf’i dhurrin laa yudfa’u illaa bi wasithatik, wa raf’i dhaymin laa yurfa’u illaa bi-dalaalatik, bi Sayyidii wa Mawlay, yaa Sayyidi, yaa Rasuulallaah:

(1) Nabi Muhammad ibn Abd Allah Salla Allahu ’alayhi wa alihi wa sallam
(2) Abu Bakr as-Siddiq radiya-l-Lahu ’anh
(3) Salman al-Farsi radiya-l-Lahu ’anh
(4) Qassim ibn Muhammad ibn Abu Bakr qaddasa-l-Lahu sirrah
(5) Ja’far as-Sadiq alayhi-s-salam
(6) Tayfur Abu Yazid al-Bistami radiya-l-Lahu ’anh
(7) Abul Hassan ’Ali al-Kharqani qaddasa-l-Lahu sirrah
(8) Abu ’Ali al-Farmadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(9) Abu Ya’qub Yusuf al-Hamadani qaddasa-l-Lahu sirrah
(10) Abul Abbas al-Khidr alayhi-s-salam
(11) Abdul Khaliq al-Ghujdawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(12) ’Arif ar-Riwakri qaddasa-l-Lahu sirrah
(13) Khwaja Mahmoud al-Anjir al-Faghnawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(14) ’Ali ar-Ramitani qaddasa-l-Lahu sirrah
(15) Muhammad Baba as-Samasi qaddasa-l-Lahu sirrah
(16) as-Sayyid Amir Kulal qaddasa-l-Lahu sirrah
(17) Muhammad Bahaa’uddin Shah Naqshband qaddasa-l-Lahu sirrah
(18) ‘Ala’uddin al-Bukhari al-Attar qaddasa-l-Lahu sirrah
(19) Ya’quub al-Charkhi qaddasa-l-Lahu sirrah
(20) Ubaydullah al-Ahrar qaddasa-l-Lahu sirrah
(21) Muhammad az-Zahid qaddasa-l-Lahu sirrah
(22) Darwish Muhammad qaddasa-l-Lahu sirrah
(23) Muhammad Khwaja al-Amkanaki qaddasa-l-Lahu sirrah
(24) Muhammad al-Baqi bi-l-Lah qaddasa-l-Lahu sirrah
(25) Ahmad al-Faruqi as-Sirhindi qaddasa-l-Lahu sirrah
(26) Muhammad al-Ma’sum qaddasa-l-Lahu sirrah
(27) Muhammad Sayfuddin al-Faruqi al-Mujaddidi qaddasa-l-Lahu sirrah
(28) as-Sayyid Nur Muhammad al-Badawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(29) Shamsuddin Habib Allah qaddasa-l-Lahu sirrah
(30) ‘Abdullah ad-Dahlawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(31) Syekh Khalid al-Baghdadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(32) Syekh Ismaa’il Muhammad ash-Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(33) Khas Muhammad Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(34) Syekh Muhammad Effendi al-Yaraghi qaddasa-l-Lahu sirrah
(35) Sayyid Jamaaluddiin al-Ghumuuqi al-Husayni qaddasa-l-Lahu sirrah
(36) Abuu Ahmad as-Sughuuri qaddasa-l-Lahu sirrah
(37) Abuu Muhammad al-Madanii qaddasa-l-Lahu sirrah
(38) Sayyidina Syekh Syarafuddin ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(39) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh ‘Abd Allaah al-Fa’iz ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(40) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh Muhammad Nazhim al-Haqqaani qaddasa-l-Lahu sirrah

Syahaamatu Fardaani
Yuusuf ash-Shiddiiq
‘Abdur Ra’uuf al-Yamaani
Imaamul ‘Arifin Amaanul Haqq
Lisaanul Mutakallimiin ‘Aunullaah as-Sakhaawii
Aarif at-Tayyaar al-Ma’ruuf bi-Mulhaan
Burhaanul Kuramaa’ Ghawtsul Anaam
Yaa Shaahibaz Zaman Sayyidanaa Mahdi Alaihis Salaam 
wa yaa Shahibal `Unshur Sayyidanaa Khidr Alaihis Salaam

Yaa Budalla
Yaa Nujaba
Yaa Nuqaba
Yaa Awtad
Yaa Akhyar
Yaa A’Immatal Arba’a
Yaa Malaaikatu fi samaawaati wal ardh
Yaa Awliya Allaah
Yaa Saadaat an-Naqsybandi

Rijaalallaah a’inunna bi’aunillaah waquunuu ‘awnallana bi-Llah, ahsa nahdha bi-fadhlillah .
Al-Faatihah













































Mawlana Shaykh Qabbani

www.nurmuhammad.com |

 As-Sayed Nurjan MirAhmadi

 

 

 
NEW info Kunjungan Syekh Hisyam Kabbani ke Indonesia

More Mawlana's Visitting











Durood / Salawat Shareef Collection

More...
Attach...
Audio...
Info...
Academy...
أفضل الصلوات على سيد السادات للنبهاني.doc.rar (Download Afdhal Al Shalawat ala Sayyid Al Saadah)
كنوز الاسرار فى الصلاة على النبي المختار وعلى آله الأبرار.rar (Download Kunuz Al Asror)
كيفية الوصول لرؤية سيدنا الرسول محمد صلى الله عليه وسلم (Download Kaifiyyah Al Wushul li ru'yah Al Rasul)
Download Dalail Khayrat in pdf





















C E R M I N * R A H S A * E L I N G * W A S P A D A

Sabtu, 19 Januari 2008

NAWALA KENCANA GURU DIPO

Rikalane lagi buneg dina iki, aku bukak-bukak skrip tinggalan jaman semana dhek aku isih padha ngudi ngelmu marang Guru Dipo. Aku nemu seratane Guru Dipokanggo para muride. Isine isih katon ngemu nas lan rasa tumanja kanggo wektu iki. Dak waca wola-wali.Kepenak dilebokaki ati. Eman yen ta ora cinaritakna.
"Tulisan apa Kakang?" pitakone bojoku.
"Iki lho, seratane Guru Dipo biyen. Coba rungokna
dakwacane ya." Kandha mangkono aku banjur miwiti maca
nawala kencana kang sinerat dening Guru Dipo mangkene:

Kanggo para muridku kang kinasih,
Wus sawetara aku nandhang lara lan wus nyedhaki
purnaning darma. Kaya kang wus tau dak udharake kanggo
kowe kabeh, darmaning wong urip bebrayan kuwi maneka
warna. Piliha siji kang rinasa manteb ing ati. Ya jer
dumelinge cahya gung kang ngebeki darmanira iku mung
tinemu ing senthonging atimu. Rasa manteb ora nganggo
mangu-mangu iku dadi tandhaning sih kang ngampingi
lakumu.

Pra muridku kinasih, ana sa prakara kang bakal dak
warisake ana ing layangku iki. Biyen antaraning pra
murid tau kawetu pitakonan bab nas-nasing jiwa bekti
dadi pemimpin. Pitakonmu yen ora kleru mangkene:
?Guru, punapa ta jatosipun darmaning pemimpin punika??

Kuwi pitakon kang ora gampang diudhari. Akeh wingiting
jiwa kang perlu dijereng kanggo ngrogoh jatining
darmaning pemimpin. Ana laku papat kang baku kanggo
nggladhi lan nggulang dhiri ing darmaning pemimpin.

Laku kang kapisan iku laku sadhar dhiri.
Ing kene, sapa wae kang bakal ngugemi darmaning dadi
pemimpin iku kudu nduweni kesadharan dhiri kang amba.
Ora cukup mung ngerti kabisane apa. Nanging, sadhar
dhiri iku perlu diasah kanthi mawas dhiri, ngiloni
kasekengan kang isih digendhong ndhamplong ana ing
jagading sarira. Iki lakuning wong kang wani ngrucat
dhiri. Ya pancen angel lan lara wong kang ndeleng
kasekengane dhewe. Kala-kala malah wong wegah merga
kuwi ateges ndeleng eleke rupane. Kang umum, wong
luwih seneng ndeleng apike wae, nglumpukake aleme
kang metu saka lambening kanca-kanca. Nanging, ngenani
kasekenganing dhiri, aja meneh wani ngilo,
ngeling-eling wae ora sudi. Banjur wong mulung
ngendhani lan nglali-nglali marang kasunyatane.

Lah yen wis bisa ngilo githoke dhewe, wong luwih
lembah manah nampa aleme, ndeleng kekuwatane. Wong
kang wani ngilo lan mawas dhiri sacara diwasa iku wong
kang bisa nenimbang kasekengane lan kaluwihane kanthi
ati amba. Banjur ati amba kuwi nuntun wong marang
wahyuning drajating manungsa. Wong banjur bisa
mangerteni ajining sabarang para. Mangerteni ajining
barang lan manungsa, wong uga banjur bisa nemu
wahyuning donya, yaiku nasing jagat gumelar iki.

Dadi laku kang kapisan iki, sajatine iya laku ngrogoh
jatining titah. Kang winahyakake iku sapa ta jatining
manungsa, kasekengan lan kaluhurane, ajining urip,
lan wawasaning jagat. Laku kang kaya mangkene iki
dadi dhasaring darma dadi pemimpin. Ya pemimpin sing
ngerti awake dhewe lan jagade pantes ngugemi darmaning
pemimpin.

Laku kang kapindho iku laku ngambah bawana obah.
Ana ing laku iki kowe kabeh wis tau padha dak latih,
kepiye anggonku ngadhepi ombyaking donya kang tansah
gumanti lan ora tetep. Ana sawatara wong kang padha
wedi ngadhepi ombyaking donya kang tansah gumanti.
Banjur padha milih dalan cepak cepet aman, mlebu ana
ing guwan kang peteng, ngedohi soroting surya. Wedi
olah pikir lan budi, merga rumangsa aman ana ing
tradisi kang tuwa. Ndhelik aling-aling buku-buku
wejangane para nabi. Tundhone, ati ora dadi amba,
nanging malah cupet. Pikir ora seger nglilir nanging
malah mung mandheg kaya banyun ing jembangan buthek.

Laku ngambah bawana iku lakuning ngaurip kang tansah
tinarbuka marang ombyaking donya. Ora mlayu ngadhepi
diala-ala, nanging malah wani nggolek teranging tamba.
Wong kang ora wani tinarbuka gampang keseret ana ing
laku candhik ala yaiku lakuning kekerasan marang
sapadha-padha. Lah, cetha wae, iki dudu darmaning dadi
pemimpin. Darmaning pemimpin iku wani tinarbuka lan
ngasah rasa marang sapadha-padha. Lah, yen wis wani
nggecak laku candhala, senajan ta nganggo antek-anteke
kang ora kasat mata, mesthi wae kuwi ora cocok karo
darmaning pemimpin.

Laku kang kaping telune iku laku urmat tresna ngadhepi
sapadha-padha.
Laku iki ora perlu banget kanggo jaman saiki. Mergane
akeh wong kang ngaku-aku duwe tresna marang
sapadha-padha nanging mung mligi marang kang nunggal
suku, partai lan agama. Iki adoh sungsate karo laku
urmat tresna. Laku urmat tresna kuwi lelandhesan
keyakinan yen ta kabeh manungsa iku sumbere padha,
yaiku Gusti Allah Siji, sumbering katresnan. Yen Sing
Gawe Urip wae nresnani wong-wong kang tumindak ala
marang awake dhewe, ya gene kowe wani mbales mungsuhi?


Laku kang pungkasan yaiku laku ngoyak galihing kuwasa.
Laku iki dilandhesi kanthi ati adreng ngorong marang
gegayuhan luhur, yen ta ing madyaning urip bebrayan
iku pangurbanan diajeni luhur yen ta suwung ing melik.
Laku ngoyak galihing kuwasa kuwi dudu ambisi golek
kuwasa kanggo nglumpukake bandha donya. Dudu babar
blas. Galihing kuwasa ing kene ora liya ya kuwasaning
katresnan ngugemi darmaning pemimpin. Kautaman kang
paling gedhe dhewe ing kene ora liya ya wani ngrucat
melik pribadi, lan mung nggayuh kamulyaning urip
bebrayan agung.

Pra muridku kinasih, semono kang bisa dak udharake,
nanggapi pitakonmu biyen kang durung bisa winedhar.
Muga-muga, apa kang wus tinulis ing kene bisa mbuka
korining budimu, nyumet greged ing atimu, lan asung
terang ing dalanmu.

Wis cukup semen nawala iki. Dipadha rukun lan
ngati-ati. Ombyaking nagara saya mbilaeni, mung
jiwane wong-wong mursid utama bisa ngadhepi sakabehing
bebaya.

Saka Gurumu ing Kelanggengan,
Gurumu Dipo

Aku meneng. Bojoku uga meneng. Kaya-kaya unjal ambegan
sing jero kanggo ngresepake maneh sakabeh pangandikane
Guru Dipo.

Layang dak lempit maneh. Banjur dak selipake ing skrip
biru kang wus kluwuk. Kothak saisine kalebu skrip biru
mau dak lebokake lemari.

"Semono ya Kang pangadikane Guru biyen. Lah kok lagi
saiki aku mudheng."

"Pancen, ora saben wejangan Guru iku bisa winedhar
sawanci-wanci. Mung yen senthonging atine awake dhewe
wis siap nampa sakabeh tembunge winasis kuwi banjur
ngemu rasa." Kandhaku marang bojoku. Aku banjur njawil
dheweke, saperlu gage mangkat turu.


sumber : www.uny.ac.id/akademik/sharefile/files/

Al Fatiha

 Print Halaman Ini