"Maka apabila langit telah terbelah dan menjadi merah mawar seperti (kilapan) minyak" (Ar-Rahman: 37)





















Tawassul

Yaa sayyid as-Saadaat wa Nuur al-Mawjuudaat, yaa man huwaal-malja’u liman massahu dhaymun wa ghammun wa alam.Yaa Aqrab al-wasaa’ili ila-Allahi ta’aalaa wa yaa Aqwal mustanad, attawasalu ilaa janaabika-l-a‘zham bi-hadzihi-s-saadaati, wa ahlillaah, wa Ahli Baytika-l-Kiraam, li daf’i dhurrin laa yudfa’u illaa bi wasithatik, wa raf’i dhaymin laa yurfa’u illaa bi-dalaalatik, bi Sayyidii wa Mawlay, yaa Sayyidi, yaa Rasuulallaah:

(1) Nabi Muhammad ibn Abd Allah Salla Allahu ’alayhi wa alihi wa sallam
(2) Abu Bakr as-Siddiq radiya-l-Lahu ’anh
(3) Salman al-Farsi radiya-l-Lahu ’anh
(4) Qassim ibn Muhammad ibn Abu Bakr qaddasa-l-Lahu sirrah
(5) Ja’far as-Sadiq alayhi-s-salam
(6) Tayfur Abu Yazid al-Bistami radiya-l-Lahu ’anh
(7) Abul Hassan ’Ali al-Kharqani qaddasa-l-Lahu sirrah
(8) Abu ’Ali al-Farmadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(9) Abu Ya’qub Yusuf al-Hamadani qaddasa-l-Lahu sirrah
(10) Abul Abbas al-Khidr alayhi-s-salam
(11) Abdul Khaliq al-Ghujdawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(12) ’Arif ar-Riwakri qaddasa-l-Lahu sirrah
(13) Khwaja Mahmoud al-Anjir al-Faghnawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(14) ’Ali ar-Ramitani qaddasa-l-Lahu sirrah
(15) Muhammad Baba as-Samasi qaddasa-l-Lahu sirrah
(16) as-Sayyid Amir Kulal qaddasa-l-Lahu sirrah
(17) Muhammad Bahaa’uddin Shah Naqshband qaddasa-l-Lahu sirrah
(18) ‘Ala’uddin al-Bukhari al-Attar qaddasa-l-Lahu sirrah
(19) Ya’quub al-Charkhi qaddasa-l-Lahu sirrah
(20) Ubaydullah al-Ahrar qaddasa-l-Lahu sirrah
(21) Muhammad az-Zahid qaddasa-l-Lahu sirrah
(22) Darwish Muhammad qaddasa-l-Lahu sirrah
(23) Muhammad Khwaja al-Amkanaki qaddasa-l-Lahu sirrah
(24) Muhammad al-Baqi bi-l-Lah qaddasa-l-Lahu sirrah
(25) Ahmad al-Faruqi as-Sirhindi qaddasa-l-Lahu sirrah
(26) Muhammad al-Ma’sum qaddasa-l-Lahu sirrah
(27) Muhammad Sayfuddin al-Faruqi al-Mujaddidi qaddasa-l-Lahu sirrah
(28) as-Sayyid Nur Muhammad al-Badawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(29) Shamsuddin Habib Allah qaddasa-l-Lahu sirrah
(30) ‘Abdullah ad-Dahlawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(31) Syekh Khalid al-Baghdadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(32) Syekh Ismaa’il Muhammad ash-Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(33) Khas Muhammad Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(34) Syekh Muhammad Effendi al-Yaraghi qaddasa-l-Lahu sirrah
(35) Sayyid Jamaaluddiin al-Ghumuuqi al-Husayni qaddasa-l-Lahu sirrah
(36) Abuu Ahmad as-Sughuuri qaddasa-l-Lahu sirrah
(37) Abuu Muhammad al-Madanii qaddasa-l-Lahu sirrah
(38) Sayyidina Syekh Syarafuddin ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(39) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh ‘Abd Allaah al-Fa’iz ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(40) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh Muhammad Nazhim al-Haqqaani qaddasa-l-Lahu sirrah

Syahaamatu Fardaani
Yuusuf ash-Shiddiiq
‘Abdur Ra’uuf al-Yamaani
Imaamul ‘Arifin Amaanul Haqq
Lisaanul Mutakallimiin ‘Aunullaah as-Sakhaawii
Aarif at-Tayyaar al-Ma’ruuf bi-Mulhaan
Burhaanul Kuramaa’ Ghawtsul Anaam
Yaa Shaahibaz Zaman Sayyidanaa Mahdi Alaihis Salaam 
wa yaa Shahibal `Unshur Sayyidanaa Khidr Alaihis Salaam

Yaa Budalla
Yaa Nujaba
Yaa Nuqaba
Yaa Awtad
Yaa Akhyar
Yaa A’Immatal Arba’a
Yaa Malaaikatu fi samaawaati wal ardh
Yaa Awliya Allaah
Yaa Saadaat an-Naqsybandi

Rijaalallaah a’inunna bi’aunillaah waquunuu ‘awnallana bi-Llah, ahsa nahdha bi-fadhlillah .
Al-Faatihah













































Mawlana Shaykh Qabbani

www.nurmuhammad.com |

 As-Sayed Nurjan MirAhmadi

 

 

 
NEW info Kunjungan Syekh Hisyam Kabbani ke Indonesia

More Mawlana's Visitting











Durood / Salawat Shareef Collection

More...
Attach...
Audio...
Info...
Academy...
أفضل الصلوات على سيد السادات للنبهاني.doc.rar (Download Afdhal Al Shalawat ala Sayyid Al Saadah)
كنوز الاسرار فى الصلاة على النبي المختار وعلى آله الأبرار.rar (Download Kunuz Al Asror)
كيفية الوصول لرؤية سيدنا الرسول محمد صلى الله عليه وسلم (Download Kaifiyyah Al Wushul li ru'yah Al Rasul)
Download Dalail Khayrat in pdf





















C E R M I N * R A H S A * E L I N G * W A S P A D A

Sabtu, 19 Januari 2008

Ngelmu Kanthong Bolong Kanggo Nggayuh Mardikeng Budi

NGANCIK jaman posmodern panguripan kang sarwa maju wus kita rasakake. Kabeh kebutuhan padinan bisa dicukupi lewat teknologi. Wong-wong padha ngendelake akal lan nalar. Kabeh pambudidaya katindakake kanggo nata perekonomian lan panguripane bebrayan.

Faham kapitalisme global nguwasani tatatan urip. Egosentrisme dadi pola pikir pribadi. Wong-wong padha gelem ngorbanake hak pribadi kanggo nggayuh keuntungan sing luwih dhuwur. Ing kahanan kaya iki alam dieksploitasi saentek-enteke nganti sumber alam padha asat.

Nalika kabeh wong padha ngutamakake kepentingan pribadi, apa wae kang katindakake iku muhung mburu kamulyane dhiri. Dhiri pribadi dadi pusat mula sinebut ego sentrisme utawa individualisme. Wong liya dianggep dadi objek utawa pelengkap. Wong liya dianggep ora penting. Umpama mbutuhake wong liya iku amarga dheweke lagi manfangatake liyan. Pribadi sing kaya ngene iki sanyatane lagi nandhang lelara. Wong-wong kaya kuwi ing atine tansah ana pamrih mula bisa diarani durung mardika.

Ngelmu Kanthong Bolong

Sewu siji penyakit sosial lan individual satemene mula bukane saka individualisme utawa egosentrisme iki. Nalika akeh wong sing tansah nduwe pamrih, tumindake ora tulus ikhlas, apa kang katindakake iku duwe kepentingan pragmatis. Yen kepentingan iku ora keturutan ora wuning njalari daredah, lan masalah. Wong-wong sing mung mentingake dhiri pribadi mung nggugu kersane priyangga nora nganggo tepa selira. Laku kriminal agal alus, pakarti busuk lan jahat ngebaki warta saben dina. Bebendu lan bncana teka tanpa kendhat nanging ora bisa methik hikmahe. Tan bisa diselaki yen kabeh iku asal saka pakartine manungsa dhewe.

Bab iki wis nate dipenggalih dening Raden Mas Panji Sosrokartono. Panjenengane banget prihatin nguningani pakartine manungsa sing egoistis iki. Sabanjure ana tetamba lamun padha gelem nindakake ing laku urip bebrayan padinan. Tetamba iku dirumusake kanthi istilah Ngelmu Kanthong Bolong (uga sinebut Ngelmu Kanthong Kosong utawa Ngelmu Sunyi). Manut dhasar pemikirane, Ngelmu Kanthong Bolong iku mujudake anti thesis faham kapitalisme global lan individualisme.

Sajrone selawe taun (1927-1952) RMP Sosrokartono wus ngabdi kanggo bebrayan ngusadani sewu siji penyakit jasmaniah-badaniah, penyakit rokhaniah-bathiniah, lan uga kabeh rasa gela kang ana sesambungane karo sapadha-padhane titah (marang Gusti Allah Swt Ian uga alam). Mung nggunakake medhia banyu putih, panjenengane bisa menehi usada kabeh panandhang iku. Yen ana wong coba-coba, panjenengane mesthi priksa mula bakal diwenehi pangandikan tegas, lan singkat. Asring dumadi gelas utawa botol sing isi banyu putihe wong sing coba-coba iku mbledhos, pecah, lan isine wutah.

RMP Sosrokartono iki sinebut guru spirituale tokoh-tokoh nasional. Sebut wae Presiden Soekarno lan Soeharto uga nyecep ngelmune. Lepas saka kekurangan lan keluwihane tokoh loro iku, apa kang katindakake iku sebageyan pancen ngamalake piwulange RMP Sosrokartono. Ing buku Soekarno, An Autobiography as Told to Cindy Adams (1965), Presidhen kapisan RI iku nyebut asmane RMP Sosrokartono minangka guru kebatinan sing kondhang ing Bandung. Mantan Presidhen Soeharto uga nyebut-nyebut piwulange RMP Sosrokartono sing kondhang yaiku sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake.

Ngelmu Kanthong Bolong iku dilandhesi pemikiran sing prasaja. RMP Sosrokartono ngendika, "Nulung pepadhane, ora nganggo mikir wayah, wadhuk, kanthong. Yen ana isi lumuntur marang sesami." Digambarake kayadene kanthong, ing sanubari kita kudu ngilangake dhasare kanthong kuwi (nirpamrih). Wong-wong kudu wani ngilangake pamrih ing sajrone urip. Kang iku urip kudu tarimah mawi pasrah, suwung pamrih tebih ajrih, langgeng tan ana susah Ian bungah, anteng mantheng sugeng jeneng. Kang dikembangake dudu tekad pamrih nanging tekad asih.

Sing angel anggoni nglakoni yaiku ngowahi pola pikir. Secara umum wongwong padha duwe faham individualisme. Ing kamangka saiki kudu diwalik. Dhiri pribadi ora dadi pusat panguripan ing donya. Suwalike, wong kudu mikirake keslametane wong liya Lan uga bebrayan kabeh. Laku iku sinebut ngabdi kanggo abdine Gusti Allah Swt. Yen kita tresna Lan nyembah Gusti Allah mula tresna iku kudu diwujudake kanthi nresnani abdine Gusti Allah (kabeh titah klebu manungsa). Carane? Kanthi ngorbanake kepentingan-kepentingan individual sing disebut pamrih.

Nalika kita wus bisa bebas saka pamrih tegese kita wus tumeka ing alam kamardikan. Mardika iku tegese uwal saka was Lan sumelang. Bisane uwal saka rasa was sumelang iku lamun ing dhiri sanubari kita iku ora duwe pamrih apa-apa. Payung kula Gusti kula dne tameng kula inggih Gusti kula. Saya gedhe pamrihe saya kurang mardika. Wong-wong kang tansah mentingake dhiri pribadi ing sajrone uripe tansah nandhang kacingkrangan Lan kekurangan nadyan bandha donyane wus turah-turah. Ya kahanan kaya ngene iki sing diarani jiwa kang nandhang lelara.

Saka Ngendi RMP Sosrokartono nemokake piwulang Kanthong Bolong iki? Akeh sing ngira yen panjenengane njupuk referensi manca embuh saka kitab Wedha,

Upanisad, Bagavatgita, Kitab Suci agama Buddha, Lao Tze kanthi Tao Teh Tjing, utawa piwulang Tasawuf Lran Lan Arab. Apamaneh panjenengane entuk dhidhikan ilmiah ing Nederland 27 taun lawase (1898-1925). Nanging panduga iku keliru. RMP Sosrokartono bisa ngrumusake Ngelmu Kanthong Bolong iku nyinau saka kasunyatan kang ana ing bebrayan. Panjenengane ngendika, "Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulange, sangsarane sesami. Ganjarane, ayu Lan arume sesami." Cetha lamun piwulang iki asli, ora asal saka referensi manca negara.

Sing pungkasan, perlu kawuningan yen Ngelmu Kanthong Bolong iki ngutamakake laku. Kanggone RMP Sosrokartono, ngelmu Lan laku iku nyawiji. Laku iku ya dadi manifestasi ngelmu. Ora ana ngelmu tanpa laku. Nuntut ngelmu beda karo ngudi ngelmu. RMP Sosrokartono ora tau kagungan murid. Piwulange ora diparingake nganggo ceramah kaya ing sekolah nanging kanthi conto Lan patuladhan. Panjenengane tau ngedegake kulawarga Manasuka (ejaane ana sing nulis Monosuko) ing tlatah Sumatera utara Lan Sumatera Timur. Kulawarga iki diwenehi kalodhangan nyonto laku-laku kang katindakake dening panjenengane.
(Sudadi/35)

sumber : http://kejawen.suaramerdeka.com/index.php?id=227

Al Fatiha

 Print Halaman Ini