Halaman

Rabu, 15 Juli 2009

Kidungan karya Sunan Kalijaga

Source : http://sukolaras.wordpress.com/
http://dialogkamboja.blogspot.com/
http://sukolaras.wordpress.com/

kalijaga3Siapa Sunan Kalijaga, dia adalah murid dari Sunan Bonang salah satu dari walisanga yang terkenal oleh kalangan kumunitas jawa. Nama kecilnya adalah Lokajaya yang suka berpakaian serba hitam dan malang melintang di kawasan Lasem, Rembang (sekitar hutan Jatiwangi) Jawa Tengah. Itulah legenda Sunan Kalijaga dari salah satu versi. Asal usul Sunan Kalijaga tercantum dalam berbagai naskah kuno, babad, serat, hikayat, atau hanya cerita yang turun temurun. Dalam salah satu versi, Sunan Kalijaga hidup dalam empat era pemerintahan (Majapahit, Demak, Pajang dan awal pemerintahan Mataram). Terlepas dari berbagai versi itu, kisah Sunan ini memang tak pernah padam dikalangan masyarakat pantai utara Jawa Tengah hingga Cirebon, utamanya dalam kaitannya cara berdakwah yang beda dengan metode yang digunakan oleh para wali yang lain. Dia sangat pintar memadukan dakwah dengan seni budaya yang telah mengakar dalam masyarakat jawa, semisal lewat wayang, gamelan, tembang, ukir, dan batik, yang sangat populer masa itu. Babad dan serat mencatat mencatat Sunan Kalijaga sebagai pengubah beberapa tembang. Ilir-ilir yang lyriknya punya tafsir yang sarat dengan dakwah. Misalnya tak ijo royo-royo dak sengguh pengenten anyar. Ungkapan ijo royo-royo bermakna hijau, lambang Islam, sedangkan Islam, sebagai agama baru, diasumsikan penganten anyar, alias penganten baru.





Peninggalan karya Sunan Kalijaga lainnya adalah wayang dan gamelan yang diberi nama Kanjeng Kyai Nagawilaga dan Kanjeng Kyai Guntur Madu, yang sekarang tersimpan di Keraton Yogyakarta dan Keraton Surakarta.


Dalam hal pewayangan, Sunan Kalijaga dikenal dengan karya/lakon Dewa Ruci, Jimat Kalimasada dan Petruk Dadi Ratu. Cerita Dewa Ruci ditafsirkan sebagai kisah Nabi Khidir, sedangkan Jimat Kalimasada tak lain perlambang dari kalimat syahadat.


Menurut Babad Tanah Jawi, Sunan Kalijaga adalah putra dari Wilwantikta, Adipati Tuban. Nama aslinya Raden Said (Raden Syahid), sementara menurut babad, serat, Sunan Kalijaga juga disebut Syekh Malaya, Raden Abdurrahman, dan Pangeran Tuban. Sedangkan gelar “Kalijaga” sendiri banyak berbagai tafsir. Salah satu tafsir, ada yang menyatakan asal kata jaga (menjaga), dan kali (sungai). Versi ini dilandasi dasar pada penantian Lokajaya akan kedatangan Sunan Bonang selama tiga tahun di tepi sungai. Ada juga kata itu diambil dari nama sebuah desa di Cirebon, tempat ia melakukan dakwah.


Salah satu diantara beberapa karya Sunan Kalijaga yang terkenal adalah tembang ataupun Kidung Rumekso Ing Wengi.


ana kidung rumekso ing wengi

teguh hayu luputa ing lara

luputa bilahi kabeh


jim setan datan purun

paneluhan tan ana wani

niwah panggawe ala

gunaning wong luput

geni atemahan tirta

maling adoh tan ana ngarah ing mami

guna duduk pan sirno


Kidung dalam format MP3 dapat di unduh : DISINI



Artinya :

Ada kidung rumekso ing wengi. Yang menjadikan kuat selamat terbebas

dari semua penyakit. Terbebas dari segala petaka. Jin dan setanpun

tidak mau. Segala jenis sihir tidak berani. Apalagi perbuatan jahat.

guna-guna tersingkir. Api menjadi air. Pencuripun menjauh dariku.

Segala bahaya akan lenyap.



Pupuh 2:

Sakabehing lara pan samya bali,
kehing ama pan sami miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tibaning wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak lulut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwaning mong lemah miring,
myang pakiponing merak.

Pupuh 3:

Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arca myang segara asat,
temahan rahayu kabeh,
apan sarira ayu,
ingideran mring widadari,
rineksa malaikat,
sakathahing rasul,
pan dadi sarira tunggal,
ati Adam uteku Baginda Esis,
pangucapku ya Musa.

Pupuh 4:

Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
BagendAli kulitingwang,
Abu Bakar getih daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.

Pupuh 5:

Sungsum ingsun Patimah linuwih,
Siti Aminah banyuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
Nabi Nuh ing jejantung,
Nabi Yunus ing otot mami,
Netraku ya Muhammad,
panduluku rasul,
pinayungan Adam Sarak,
sampun pepak sakhathahing para Nabi,
dadya sarira tunggal.

Pupuh 6:

Wiji sawiji mulane dadi,
apan pencar saisining jagad,
kasamadan dening dzate,
kang maca kang angrungu,
kang anurat kang anyimpeni,
dadi ayuning badan,
kinarya sesembur,
yen winacakna ing toya,
kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan nuli waras.

Pupuh 7:

Lamun ana wong kadhendha kaki,
wong kabanda wong kabotan utang,
yogya wacanen den age,
nalika tengah dalu,
ping sewelas wacanen singgih,
luwar saking kebanda,
kang kadhendha wurung,
aglis nuli sinauran,
mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih,
kang agring nuli waras.

Pupuh 8:

Lamun ora bisa maca kaki,
winawera kinarya ajimat,
teguh ayu tinemune,
lamun ginawa nglurug,
Mungsuhira tan ana wani,
luput senjata tawa,
iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira,
pan rineksa dening Hyang Kang Maha Suci,
sakarsane tinekan.

Pupuh 9:

Lamun arsa tulus nandur pari,
puwasaa sawengi sadina,
iderana galengane,
wacanen kidung iku,
kehing ama sami abali,
yen sira lunga perang,
wateken ing sekul,
antuka tigang pulukan,
musuhira rep sirep tan ana wani,
rahayu ing payudan.

Pupuh 10:

Sing sapa kulina anglakoni,
amutiya lawan anawaa,
patang puluh dina wae,
lan tangi wektu subuh,
lan den sabar sukuring ati,
Insya Allah tinekan,
sakarsanireku,
tumrap sanak rakyatira,
saking sawabing ngelmu pangiket mami,
duk aneng Kalijaga.



Pupuh 1:

Donga ing tengah wangi iki kanggo meminta mring kang Maha Kuwasa supaya slamet ing sakaliring bilahi, godha lan rencanane jin, setan lan wong jahat.

Do’a tengah malam ini untuk memohon kepada Tuhan supaya selamat dari segala macam bilahi, godaan dan ancaman jin. setan maupun penjahat.

Pupuh 2:

Uga kanggo meminta mring kang Maha Kuwasa supaya kalis ing sakaliring ama lan penyakit sing timbule saka kewan lan demit.

Juga memohon kepada Tuhan agar terhindar dari segala macam hama dan penyakit baik dari binatang maupun alam gaib.

Pupuh 3, 4 lan 5

Mangkono iku merga aku (sing ngidung) pancen wis manunggal myang Islam sejati, yaiku nulad mring tumindak lan pakartine para rasul lan kabeh para sahabate rasul Muhammad. Prasasat kabeh wis manunggal sak jiwa ing uripku.

Begitu itu karena saya (yang berdo’a) memang sudah benar-benar menyatu dengan Islam, yaitu mengikuti tingkah laku dan pekerti para rasul dan semua sahabat rasul Muhammad. Ibaratnya, semua sudah menjadi sejiwa dalam hidupku.

Pupuh ingkang angka 6 dumugi 10 minangka katerangan ipun ingkan nggambaraken katiyasanipun (manfaatipun) kidung 5 pupuh ing inggil. Nanging miring dateng kasekten lan kemanden. Punika saged ugi minangka pacingan supados masyarakat kepikut (red: tertarik). Amargi kasekten lan kemanden maksih dados “paradigma” utama masyarakat jaman punika. Menawi namung wulang-wuruk kebecikan kados dene ingkang wonten Al Qur’an, mbok bilih masyarakat mboten badhe nyimak. Pramila kedah wonten “bumbu” arupi kekaremanipun akathah nenggih kemanden saged maluyakaken tiyang gering lan kenthir. Ugi kasekten saged unggul ing payudan lan kendel nglurug payudan. Bumbu makaten duk jaman punika kedah nyata. Murid-muridipun kanjeng sunan pancen pinunjul sekti mandraguna, kados Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya), Panembahan Senapati lsp. Nanging yektosipun kasekten wau sanes saking kidung 5 pupuh ing inggil. Sunan Kalijaga nyerat sandi ing pupuh 10 makaten: “saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga”. Mbok bilih kanjeng sunan nalika ing Kalijaga nenuwun supados pikantuk cara damel nyawabi para santri supados percaya dhateng guru (wali). Jaman mangke, guru karate namung cekap ngagem dogi lang sabuk cemeng tanpa kedah mbuktekaken kaprawiranipun saged pikantuk murid. Guru agama namung cekap fasih ayat-ayat suci sak wetawis lan ngendika: “Taqwa kuwi ora kena disebab. Kowe kabeh kudu yakin tanpa suwala”, murid namung manut mawon. Kanggenipun jaman rumuhun, cak-cakan makaten mboten pajeng. Kepara di”genjleng” murid-muridipun. Sunan Kalijaga ngginakaken kabudayan kalebet kidung mantra wedha punika.

Pupuh ke 6 sampai dengan 10 adalah keterangan yang menggambarkan keampuhan dan manfaat kidung 5 pupuh di atas. Tetapi agaknya cenderung ke arah kesaktian dan perdukunan. Itu bisa saja sebagai pancingan supaya masyarakat tertarik. Karena kesaktian dan perdukunan masih menjadi paradigma utama di jaman itu. Kalau hanya ajaran tentang kebaikan apa adanya seperti yang ada dalam Al Qur’an, barangkali masyarakat tidak akan menyimak. Maka harus ada bumbu yang berupa kegemaran orang kebanyakan saat itu yaitu perdukunan yang bisa menyembuhkan orang sakit dan gila. Juga kesaktian bisa unggul dalam peperangan dan berani mendatangi sarang lawan. Bumbu semacam itu di jaman itu harus bisa dibuktikan. Murid-murid kanjeng sunan memang terbukti unggul dan sakti, seperti Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya), Panembahan Senapati dll. Tetapi sebenarnya kesaktian itu bukan dari kidung 5 pupuh di atas. Sunan Kalijaga menulis sandi di pupuh 10 demikian: “saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga”. Barangkali kanjeng sunan ketika di Kalijaga memohon kepada Tuhan agar mendapatkan cara (kharomah) yang bisa dirasakan para santri agar mereka percaya kepada guru (wali). Di jaman sekarang, guru karate cukup hanya dengan mengenakan dogi dan sabuk hitam tanpa harus membuktikan prestasinya bisa mendapatkan murid. Guru agama cukup hanya fasih beberapa ayat-ayat suci dan bilang: “Taqwa itu tidak boleh dipertanyakan. Kamu harus yakin tanpa syarat”, murid-murid juga nurut saja. Untuk jaman dulu, gaya seperti itu nggak akan laku. Bahkan mungkin malah dilawan oleh para murid. Sunan Kalijaga menggunakan kebudayaan termasuk kidung mantra wedha punika.

Dirangkum dari berbagai sumber



Tidak ada komentar:

Posting Komentar