Halaman

Senin, 06 Juli 2009

الحكم

Source : http://www.hasansufi.blogspot.com/

الحكم العطائية



من علامة الاعتماد على العمل نقصان الرجاء عند وجود الزل
"Setengah saking tanda-tandane ngendelake marang amale yaiku sudane pengarep-arep marang rahmat lan pengapurane Allah Ta'ala nalikane ngelakoni kesalahan"


الحكمة الثانية


إرادتك التجريد مع إقامة اللّه إياك في الأسباب من الشهوة الخفية‏،‏ وإرادتك الأسباب مع إقامة الله إياك في التجريد انحطاط عن الهمة العلية

"Lamun sira dipanggonake dening Allah Ta'ala ana ing sabab,tegese siji penggawean kang dadi sumbere rizki,nuli sira ngarepake tajrid(lepas seko penggawean),karep sira kang mangkono iku setengah saking syahwat(kasenengan nafsu kang samar).Lamun sira dipanggonake dening Allah ono ing tajrid,nuli sira karep nandangi sabab,maka sira iku ateges kelorot(mlorot) saking himmah(seja kang luhur)."



الحكمة الثالثة


سوابق الهمم لا تخرق أسوار الأقدار

"Himmah kang kuat(usaha kang banget)iku ora bisa nerobos takdire Allah kang empere kaya pager,nanging melakune himmah iku mesti bareng karo pesthene Allah miturut opo kang dadi katetapane Allah."



الحكمة الرابعة


ارح نفسك من التدبير ، فما قام به غيرك عنك – لا تقم به لنفسك

"Sira supaya ngepenakake awak ira saking ngatur awak ira,kerana perkarane awak ira iku wis ana kang ngatur,yaiku Gusti Allah Ta'ala.Lamun wong liya wis ngatur awak ira iku,sira ojo melu ngatur kanggo awak ira."

Kang aran تدبير iku ngerencanakake persoalan kang bakal diusahaake ing dino buri gandheng karo opo kang diwedeni utawa arep hasile,nanging kanthi netepake ora masrahake perkara iku ing Gusti Allah Ta'ala.Yen dibareng tafwidh tegese nyerahake hasile marang Allah ora den arani tadbir mungguh hakikate.Yen diarani تدبير (tadbir) iku namung secara majazi.




الحكمة الخامسة


اجتهادك فيما ضمن لك ، وتقصيرك فيما طلب منك - دليل على انطماس البصيرة منك .

"Oleh ira methentheng golek rizki kang wis ditanggung dening Allah,lan sembrono ira gandheng karo panuprihe Allah marang ira yaiku ibadah,iku nuduhake paningale mripat ati ira kabusek ateges lamur."



الحكمة السادسة



لا يكن تأخر أمد العطاء مع الإلحاح في الدعاء - موجبا ليأسك ؛ فهو ضمن لك الإجابة فيما يختاره لك لا فما تختار لنفسك وفي الوقت الذي يريد ، لا في الوقت الذي تريد .



"Ojo ono opo mundure mangsane peparingane Allah sedeng oleh jaluk(donga) ira ing Allah iku kelawan nggethu iku anyebabake dadi luwase(putus asane) iro oleh donga.Maka utawi Allah iku wis nanggung ing sira kelawan nembadani ing barang kang dadi pilihane Allah,dudu ing barang kang sira karepi milih lan ing dalem wektu kang Allah kersa ake,dudu ing dalem wektu kang sira kersa ake."

Maksude,lamun sira wis nggethu olehe jaluk/donga ing Allah nuli durung diijabah dening Allah maka ojo iku dadi putus asane awak ira.Sebab saben-saben donga iku mesti den ijabah dening Allah,ananging kabeh gumantung ing putusane Allah lan pilihane Allah,kerana sak becik-becik pilihan iku pilihane Allah...Sing penting sira yakin kayak kang wis didhawuhake Gusti Allah ing dalem Al-Quran..."Padha dongaa sira kabeh ing ing Ingsun,mesti Ingsun ijabah."


Tidak ada komentar:

Posting Komentar