"Maka apabila langit telah terbelah dan menjadi merah mawar seperti (kilapan) minyak" (Ar-Rahman: 37)





















Tawassul

Yaa sayyid as-Saadaat wa Nuur al-Mawjuudaat, yaa man huwaal-malja’u liman massahu dhaymun wa ghammun wa alam.Yaa Aqrab al-wasaa’ili ila-Allahi ta’aalaa wa yaa Aqwal mustanad, attawasalu ilaa janaabika-l-a‘zham bi-hadzihi-s-saadaati, wa ahlillaah, wa Ahli Baytika-l-Kiraam, li daf’i dhurrin laa yudfa’u illaa bi wasithatik, wa raf’i dhaymin laa yurfa’u illaa bi-dalaalatik, bi Sayyidii wa Mawlay, yaa Sayyidi, yaa Rasuulallaah:

(1) Nabi Muhammad ibn Abd Allah Salla Allahu ’alayhi wa alihi wa sallam
(2) Abu Bakr as-Siddiq radiya-l-Lahu ’anh
(3) Salman al-Farsi radiya-l-Lahu ’anh
(4) Qassim ibn Muhammad ibn Abu Bakr qaddasa-l-Lahu sirrah
(5) Ja’far as-Sadiq alayhi-s-salam
(6) Tayfur Abu Yazid al-Bistami radiya-l-Lahu ’anh
(7) Abul Hassan ’Ali al-Kharqani qaddasa-l-Lahu sirrah
(8) Abu ’Ali al-Farmadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(9) Abu Ya’qub Yusuf al-Hamadani qaddasa-l-Lahu sirrah
(10) Abul Abbas al-Khidr alayhi-s-salam
(11) Abdul Khaliq al-Ghujdawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(12) ’Arif ar-Riwakri qaddasa-l-Lahu sirrah
(13) Khwaja Mahmoud al-Anjir al-Faghnawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(14) ’Ali ar-Ramitani qaddasa-l-Lahu sirrah
(15) Muhammad Baba as-Samasi qaddasa-l-Lahu sirrah
(16) as-Sayyid Amir Kulal qaddasa-l-Lahu sirrah
(17) Muhammad Bahaa’uddin Shah Naqshband qaddasa-l-Lahu sirrah
(18) ‘Ala’uddin al-Bukhari al-Attar qaddasa-l-Lahu sirrah
(19) Ya’quub al-Charkhi qaddasa-l-Lahu sirrah
(20) Ubaydullah al-Ahrar qaddasa-l-Lahu sirrah
(21) Muhammad az-Zahid qaddasa-l-Lahu sirrah
(22) Darwish Muhammad qaddasa-l-Lahu sirrah
(23) Muhammad Khwaja al-Amkanaki qaddasa-l-Lahu sirrah
(24) Muhammad al-Baqi bi-l-Lah qaddasa-l-Lahu sirrah
(25) Ahmad al-Faruqi as-Sirhindi qaddasa-l-Lahu sirrah
(26) Muhammad al-Ma’sum qaddasa-l-Lahu sirrah
(27) Muhammad Sayfuddin al-Faruqi al-Mujaddidi qaddasa-l-Lahu sirrah
(28) as-Sayyid Nur Muhammad al-Badawani qaddasa-l-Lahu sirrah
(29) Shamsuddin Habib Allah qaddasa-l-Lahu sirrah
(30) ‘Abdullah ad-Dahlawi qaddasa-l-Lahu sirrah
(31) Syekh Khalid al-Baghdadi qaddasa-l-Lahu sirrah
(32) Syekh Ismaa’il Muhammad ash-Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(33) Khas Muhammad Shirwani qaddasa-l-Lahu sirrah
(34) Syekh Muhammad Effendi al-Yaraghi qaddasa-l-Lahu sirrah
(35) Sayyid Jamaaluddiin al-Ghumuuqi al-Husayni qaddasa-l-Lahu sirrah
(36) Abuu Ahmad as-Sughuuri qaddasa-l-Lahu sirrah
(37) Abuu Muhammad al-Madanii qaddasa-l-Lahu sirrah
(38) Sayyidina Syekh Syarafuddin ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(39) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh ‘Abd Allaah al-Fa’iz ad-Daghestani qaddasa-l-Lahu sirrah
(40) Sayyidina wa Mawlaana Sultan al-Awliya Sayyidi Syekh Muhammad Nazhim al-Haqqaani qaddasa-l-Lahu sirrah

Syahaamatu Fardaani
Yuusuf ash-Shiddiiq
‘Abdur Ra’uuf al-Yamaani
Imaamul ‘Arifin Amaanul Haqq
Lisaanul Mutakallimiin ‘Aunullaah as-Sakhaawii
Aarif at-Tayyaar al-Ma’ruuf bi-Mulhaan
Burhaanul Kuramaa’ Ghawtsul Anaam
Yaa Shaahibaz Zaman Sayyidanaa Mahdi Alaihis Salaam 
wa yaa Shahibal `Unshur Sayyidanaa Khidr Alaihis Salaam

Yaa Budalla
Yaa Nujaba
Yaa Nuqaba
Yaa Awtad
Yaa Akhyar
Yaa A’Immatal Arba’a
Yaa Malaaikatu fi samaawaati wal ardh
Yaa Awliya Allaah
Yaa Saadaat an-Naqsybandi

Rijaalallaah a’inunna bi’aunillaah waquunuu ‘awnallana bi-Llah, ahsa nahdha bi-fadhlillah .
Al-Faatihah













































Mawlana Shaykh Qabbani

www.nurmuhammad.com |

 As-Sayed Nurjan MirAhmadi

 

 

 
NEW info Kunjungan Syekh Hisyam Kabbani ke Indonesia

More Mawlana's Visitting











Durood / Salawat Shareef Collection

More...
Attach...
Audio...
Info...
Academy...
أفضل الصلوات على سيد السادات للنبهاني.doc.rar (Download Afdhal Al Shalawat ala Sayyid Al Saadah)
كنوز الاسرار فى الصلاة على النبي المختار وعلى آله الأبرار.rar (Download Kunuz Al Asror)
كيفية الوصول لرؤية سيدنا الرسول محمد صلى الله عليه وسلم (Download Kaifiyyah Al Wushul li ru'yah Al Rasul)
Download Dalail Khayrat in pdf





















C E R M I N * R A H S A * E L I N G * W A S P A D A

Kamis, 16 Juli 2009

Pitutur


Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekas e lawan kas
Teges e kang nyantosani


Ilmu itu - kehidupan itu
Akan berlalu, dan kita harus mempersiapkan segalanya (siap melakukan segalanya)
Proses itu dimulai/diawali dari : Melawan diri sendiri
Dan itu sebenarnya akan memberikan kebenarannya sendiri (sejahtera, bahagia, sentosa) lahir batin.

Disarikan dari :http://paklaras.blogspot.com/

Pituduh

Pituduh : # 1
Pangeran Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngendi papan, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahan wong saalam donya kabeh, panembahan nganggo carane dhewe-dhewe.
Pituduh : # 2
Pangeran Kang Maha Kuwasa iku anglimput ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana Pangeran (maksude : tajaline Kang Murbeng Dumadi).
Pituduh : # 3
Pangeran iki Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.
Pituduh : # 4
Pangeran iku nitahake sira lantaran bapa lan biyungira, mula kudu sira ngurmati marang bapa lan biyungira.
Pituduh : # 5
Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
Pituduh : # 6
Ketemu Gusti (Pangeran) iku lamun sira tansah eling.
Pituduh : # 7
Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng).
Pituduh : # 8
Aja sira wani-wani ngaku Pangeran, senadyan kawruhira wis tumeka “Ngadeg Sarira Tunggal” utawa bisa mengerteni “Manunggaling Kawula Gusti”.
Pituduh : # 9
Aja ndisiki kersa.
Wewaler : # 10
Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bendhu saka Kang Murbeng Dumadi.
Wewaler : # 11
Aja mung kelingan lan migatekake barang kang katon bae, sebab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.
Wewaler : # 12
Aja darbe pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik iya ana, sing ala iya ana, ora beda karo manungsa.
Wewaler : # 13
Aja lali saben ari (dina) eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeranira.
Kautamaning Batin

Pituduh : # 14
Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.
Pituduh : # 15
Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
Pituduh : # 16
Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
Pituduh : # 17
Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.
Pituduh : # 18
Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.
Pituduh : # 19
Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
Pituduh : # 20
Manungsa saderma nglakoni, kadya wayang saupamane.
Pituduh : # 21
Mulat sarira, tansah eling lan waspada.
Pituduh : # 22
Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
Pituduh : # 23
Sing sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.
Pituduh : # 24
Nglurug tanpa bala, sugih ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.
Pituduh : # 25
Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.
Pituduh : # 26
Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe.
Pituduh : # 27
Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
Pituduh : # 28
Wani ngalah luhur wekasane.
Wewaler : # 29
Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira.
Wewaler : # 30
Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe.
Wewaler : # 31
Aja lali marang kebecikan liyan.
Wewaler : # 32
Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
Wewaler : # 33
Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.
Wewaler : # 34
Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
Wewaler : # 35
Aja gawe serik atining liyan lan aja golek mungsuh.
Wewaler : # 36
Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwise.
Wewaler : # 37
Aja ngumbar hawa napsu lan aja melik darbeking liyan, mundhak sengsara uripe.
Laku Budi Utama

Pituduh : # 38
Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing pakarti.
Pituduh : # 39
Sing sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.
Pituduh : # 40
Ajining dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
Pituduh : # 41
Yitna yuwana, lena kena.
Pituduh : # 42
Ala ketara, becik ketitik.
Pituduh : # 43
Klabang iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut (entup). Yen ula mung dumunung ana untune ula kang duwe wisa. Nanging yen durjana wisane dumunung ana ing sakujur badan.
Pituduh : # 44
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
Pituduh : # 45
Mumpung enom ngudiya laku utama.
Pituduh : # 46
Sing prasaja, percaya marang dhiri pribadi.
Pituduh : # 47
Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
Pituduh : # 48
Wong mati iku bandhane ora digawa.
Pituduh : # 49
Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
Pituduh : # 50
Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
Pituduh : # 51
Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
Pituduh : # 52
Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.
Pituduh : # 53
Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
Pituduh : # 54
Turuten pituture wong tuwa.
Pituduh : # 55
Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait).
Pituduh : # 56
Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.
Pituduh : # 57
Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongaketembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.
Wewaler : # 58
Aja panasten lan aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating dhemit.
Wewaler : # 59
Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacad.
Wewaler : # 60
Aja lali piwulang becik.
Kebangsaan

Pituduh : # 61
Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi supaya antuk kanugrahan adeging bangsa kang “Andana Warih”
Pituduh : # 62
Negara iku ora guna lamun ora duwe angger-angger minangka pikukuhing negara kang adhedhasar isi kalbune menungsa salumahing negara kuwi.
Pituduh : # 63
Kang becik iku lamun ngerti anane sesantine ngabdi bebrayan agung : “Ing Ngarsa Asung Tuladha, Ing Madya Amangun Karsa, Tut Wuri Handayani”.
Pituduh : # 64
Negara kita bisa tentrem lamun murah sandhang klawan pangan, marga para kawula padha seneng nyambut gawe, lan ana panguwasa kang darbe watak “Ber budi bawa laksana”.
Pituduh : # 65
Wadyabala pamong praja kang seneng marang kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroning praja lan bisa gawe kukuh sarta dadi tamenging nagara.
Pituduh : # 66
Para mudha aja ngungkurake ngudi kawruh kang nyata amrih bisa kinarya kuwating nagara, ungguling bangsa, lan bisa gawe rahayuning sasama.
Pituduh : # 67
Panguwasa pamonge negara iku kudu bisa gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora mangkono bisa kadadeyan para kawula ngrebut panguwasaning negara.
Pituduh : # 68
Negara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disujudi dening liya negara.
Pituduh : # 69
Lamun sira dadi wadyabala pamonging nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe. Jalaran yen sira wis ora kasinungan panguwasa maneh, ing tembe bakal ndadekake ora kajening awakira ing tengahing bebrayan. Ngelingana yen sejatine isih ana wong kang bisa ngalahake sira ing babakan apa bae.
Pituduh : # 70
Dene sing mengku nagara ora darbe watak “Ber budi bawa leksana”. Iku bisa njalari wadyabala kang dadi tetungguling prajurit negara kuwi ora sujud maneh lan bisa uga kepingin ngrebut panguwasaning negara.
Pituduh : # 71
Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen ora kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andheng).
Pituduh : # 72
Perang iku becik lamun tujuwane nggayuh kamardikaning nagara lan bangsane, lan perang iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.
Pituduh : # 73
Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosokbaline yen wong becik kang kuwasa, kang becik iku kang ditindakake.
Pituduh : # 74
Wajibing warganing nagara iku kudu bisa rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.
Wewaler : # 75
Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, serik yen lagi ora darbe panguwasa. jalaran kuwi-kuwi ana bebendhune dhewe-dhewe.
Wewaler : # 76
Aja mung kepingin menange dhewe kang bisa marekake crahing nagaralan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin.
Kakaluwargaan

Pituduh : # 77
Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.
Pituduh : # 78
Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangerane, Ngabektiya marang wong tuwa.
Pituduh : # 79
Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanagara (trapsila, unggah-ungguh) lan tata krama, kuwi sejatine dudu panutane putra wayah.
Pituduh : # 80
Sapa sing seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedaki nanging aja ditresnani.
Pituduh : # 81
Paribasane tangga iku padha karo bapa biyung.
Pituduh : # 82
Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki nanging aja dimungsuhi.
Pituduh : # 83
Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati. (Unen-unen kanggo nggambarakekasetyane marang kulawarga).
Pituduh : # 84
Mikul dhuwur mendhem jero. (Unen-unen kanggo nggambarake bektine anak marang wong tuwane).
Pituduh : # 85
Anak iku minangka terusane wong tuwa, ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwa marang anak.
Pituduh : # 86
Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku wohing katresnane putra lan mantu.
Pituduh : # 87
Sayojana iku dohe sepuluh ewu dhepa. Swara kang krungu nganti sayojana, aruming jeneng ngambar-ambar salumahing bumi (dialembana).
Pituduh : # 88
Golek jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utawa bagus.
Wewaler : # 89
Aja ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon sugih lan dhuwur drajade, jalaran pangkat lan bandhane wong tuwamu iku mau bisa sirna sadurunge sira warisi.
Wewaler : # 90
Aja gampang nyepatani anak nganggo tembung kang ora prayoga, jalaran sepatane wong tuwa bisa numusi sarta bisa ngilangake rasa bektine anak marang wong tuwane.
Wewaler : # 91
Aja menehi jeneng marang anak sing kurang pantes, jalaran jeneng sing disandhang anak bakale kagawa nganti delahan (akherat).
Kadonyan

Pituduh : # 92
Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duweking liyan kang kawruhan sing duwe.
Pituduh : # 93
Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
Pituduh : # 94
Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.
Pituduh : # 95
Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.
Pituduh : # 96
Wong golek kemakmuran iku ora kalebu ngoyak kadonyan.
Pituduh : # 97
Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.
Pituduh : # 98
Wong urip aja tansah kepingin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-mangsa bisa gawe cilaka.
Pituduh : # 99
Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sima bandhane.
Pituduh : # 100
Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara, lan mboyong putri. Nanging jaman iku ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe ringkihing nagara.
Wewaler : # 101
Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajad lan pangkat iku perlu, aja dipamer-pamerake, jalaran bisa mlesedake awak dhewe.
Wewaler : # 102
Aja melik darbeking liyan, marga rebutan rajabrana lan wanita iku bisa gawe congkrahing para sujana lan gawe nisthaning ati.
Wewaler : # 103
Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa lunga, drajad / pangkat bisa oncat.
Wewaler : # 104
Aja seneng marang wong kang nguja hawa napsu marga akeh bandhane. Jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha kang resik.

Hayuning Pribadi
Pituduh : # 105
Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget sambekalane sing ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “Menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”. Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab sing durung kelakon. Saupama nyumurupa, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.
Pituduh : # 106
Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : “Sabar iku kuncining swarga”, ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.
Pituduh : # 107
Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjur rumangsa “Sapa sira sapa ingsun”, tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang sapadha-padha. Elinga yen bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
Pituduh : # 108
Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa hayuning jagad.
Pituduh : # 109
Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.
Pituduh : # 110
“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.
Pituduh : # 111
Nadyan wesi iku kanyatane atos, ewa semono yen wis ketrajang ing taiyeng ya bakal entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine mbaka sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga kelangan greget lan lumuh makarya. Wusanane pepes atine kentekan pengarep-arep.
Pituduh : # 112
Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah elinga rong prakara iki : 1. Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira lebokake ing tutuk, dithinthing luwih dhisik apa bakal gawe rusaking raga apa ora. 2. Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira wetokake saka tutuk. Lire pikiren luwih dhisik klawan mateng apa kang bakal sira wetokake iku ora malah gawe kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang piduwung.
Pituduh : # 113
Digendhongana dikuncenana kayangapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwih kuwasa.
Pituduh : # 114
Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake bilahi. Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mengkono mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut nyingkiri sadurunge bilahi.
Pituduh : # 115
Kamulyan lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.
Hayuning Budi Lan Tekat
Pituduh : # 164
Yen gelem nalusuri sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang malah kita tampa saka wong-wong gawane nacad lan ora dhemen marang kita, katimbang mitra katruh raket kang tansah ngalembana. Awit panacad bisa nggugah kita nglempengake laku, dene pangalembana kepara bisa nyebabake wong kerep dadi lali.
Pituduh : # 165
Manawa kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja kesusu ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake panacad. Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan molak-malik. Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe mburi bisa malih kok senengi, kepara malah bisa dadi gantungane uripmu.
Pituduh : # 166
Karepe wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake dhewe. Yen sing diajak nyatur wong kemplo, pamrih sing kaya mangkono mesthi katekane. Nanging tumraping wong mursid : “Wong kang ngumbah rereged ing awake sarana migunakake banyu peceren malah saya nuduhake blentonge pambegane”.
Pituduh : # 167
Tembung kang prayoga kang kelair mung marga kadereng dening dayaning hawa napsu iku pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe kang satemah tansah bisa ngrubeda marang katen – tremaning pikir lan ati. Guneman sethithik naging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan krasa marem kang gedhe dhewe.
Pituduh : # 168
Siji-sijining dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan kepercayaan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae, tanpa tumandang lan makarya minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene ing pangimpen. Cilakane maneh, yen selagine nganggit-anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi kangelan).
Pituduh : # 169
Ora beda karo rob lan suruding segara, kahanan uriping manungsa iku uga ora bisa uwal saka bungah lan susah. Kang perlu dicilengi ing kene yaiku aja kaselak kebacut kerem kalimput ing kabungahan lan aja kaselak gampang angles yen lagi kapinujon apes. Awit kasusahan iku sok malah bisa ngentas kita saka kaluputan lan kabodhowan, sauger insyap marang dhirine lan ora mupus, apadene tansah percaya marang Kang Kagungan Panguwaos.
Pituduh : # 170
Menangi jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu tumindhak nistha. Ora eling yen sejatining urip ing donya iku ora ngupaya rajabrana bae, nanging uga mangesthi kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat tapa ing satengahing coba. Sapa kang santosa ora bakal tumindak sasar. Mula tansah ngugemana sebuting pitutur : “Sabegja-begjane kang lali nganti kelu penggawe sasar, isih begja kang panggah eling lan waspada tetep ing panggawe utama”.
Pituduh : # 171
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka mau, sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa “Aji godhong jati aking”.
Pituduh : # 172
Sapa kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasaan iku sejatine malah dadi sumbering dununging wong lali, gampang lirwa ing kaprayitnan, lan gampang kapilulu ing pakarti dudu. Awit yen lagi kuwasa, adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka. Kanggo nggayuh panjangkane, sakehing cara ditempuh. Ora maelu senadyan nganti mentala gawe sangsarane mitra karuh. satemah mung dadi leletheg kang luwih aji uwuh.
Pituduh : # 173
Ilat kuwi sawijining pedhang kang landhep, kang bisa mateni senajan tanpa ngetokake getih.

Bebrayan
Pituduh : # 219
Sing sapa ngidham kaluhuran kudu wani kurban lan ora wegah ing kangelan. Merga yen tansah tidha-tidha, mokal apa sing kagayuh bisa digantha lan tangeh lamun apa sing diluru bisa ketemu. Makarti wani rekasa kanthi masrahake urip lan jiwa raga marang Kang Murbeng Kuwasa. Yen kepingin menang pancen larang patukone, yaiku kudu bisa nuhoni sesanti: “Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”.
Pituduh : # 220
Isih beja yen kowe diunekake “Ora Lumrah Uwong”, jalaran isih dianggep manungsa. Ya mung solah tingkahmu kang kudu kok owahi amrih ora gawe seriking Iiyan. Cilakane yen diunekake “Ora Lumrah Manungsa”, jalaran kowe dianggepsetan gentayangan sing mung dadi leletheging jagad marga pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan. Mula enggal-enggala sumujuda marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sifate Gusti Allah mono sarwa welas asih marang umate kang wis sadhar marang dosa-dosane sarta temen-temen bali tuhu marang dhawuh-dhawuhe.
Pituduh : # 221
Ora ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu nyampeti kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku ateges uga mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges angabekti marang Pangeran Kang Maha Wikan. Pancen pangabekti mono wis aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kang kita asungake. Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwasa, kita ora wenang ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe. Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen wajib, nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.
Pituduh : # 222
Memitran paseduluran nganti jejodhowan kuwi yen siji lan sijine bisa emong-kinemong, istingarah bisa sempulur becik. Yen ana padudon sepisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging suwalike yen padha angel ngenggoni sifat emong-kinemong mau genah langka langgenge, malah bedaning panemu sithik bae bisa marakake dhahuru.
Pituduh : # 223
Wong kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang njalari tekane rasa trenyuh lan welas lahir batinne. Wong kang wis nate ketaman ing prihatin luwih bisa ngrasakake penandhange wong liya. Mula adhakane luwih gelem aweh pitulungan marang kang kasusahan.
Pituduh : # 224
Sarupaning wewadi sing ala lan sing becik, yen isih kok gembol lan mbok keket kanthi remit ing ati salawase isih bakal tetep dadi batur. Nanging yen wis mbok ketokake sathithik bae bakal dadi bendaramu. Isih lagi nyimpen wewadine dhewe bae wis abot. Apa maneh yen nganti pinracaya nggegem wewadine liyan. Mula saka iku aja sok dhemen kepingin meruhi wewadine liyan. Sing wis cetha mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.
Pituduh : # 225
Sok sapaa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe bae nandhang susah utawa nemoni pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon suntrut kerep nggrundel lan grenengan merga ora katekan sedyane iku cetha bakal koncatan kekuwataning batin lan tenagane, tangeh lamun entuka pitulungan, kepara malah dadi sesirikaning mitra karuhe.
Pituduh : # 226
Kita iki diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa, lire mengku karep amrih kita iki kudu luwih akeh ngrungokake katimbang micara. Yektine wong kang dhemen ngumbar cangkeme tinimbang kupinge iku adate wicarane gabug. Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane sethithik nanging patitis lan mentes. Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang mbutuhake rembug kang prayoga.
Pituduh : # 227
Wong kang tansah dhemen nguping kepingin weruh, apadene nyampuri perkarane liyan, gedhene nganti nrambul urun ucap, iku padha karo golek-golek momotan kang sejatine ora prelu, adhakane kepara malah ngreridhu awake dhewe.
Pituduh : # 228
Ucap sakecap kang kelair tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi. Mula wetune tembung satembung saka lesan iku prayoga tan udinen aja nganti nggepok prekarane wong liya, gedhene nganti gawe seriking liyan. Bisa nyandhet ucule pangucap kaya mangkono mau wis klebu ewoningpakarti kang utama. Nanging geneya kok ora saben wong bisa nglakoni ?

Sumber : http://untukmu4nd.wordpress.com/

Al Fatiha

 Print Halaman Ini

0 Komentar:

Poskan Komentar

Link ke posting ini:

Buat sebuah Link

<< Beranda